NEW
Font size
WorksheetsPAS Bahasa Daerah Kls 9 Thn 20/21
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 39mins
Struktur teks laporan asil observasi yaiku …
deskripsi bagian, dheskripsi manfaat, dhefinisi umum
dheskripsi manfaat, dhefinisi umum, deskripsi bagian
dhefinisi umum, deskripsi bagian, dheskripsi manfaat
deskripsi umum, Identifikasi, Klasifikasi
Perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci, diarani …
Dhefinisi umum/Identifikasi
Dheskripsi bagian/Klasifikasi
Deskripsi manfaat
Simpulan/dudutan
Perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lsp, diarani …
Dhefinisi umum/Identifikasi
Dheskripsi bagian/Klasifikasi
Deskripsi manfaat
Simpulan/dudutan
Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa wit-witan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane.
Manut Struktur teks wacan ing dhuwur, kalebu bageyan …
Dhefinisi umum/Identifikasi
Dheskripsi bagian/Klasifikasi
Deskripsi manfaat
Simpulan/dudutan
Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku :
1. Kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik, carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug.
2. Uwuh didadekake kompos. Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah, sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran.
3. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan, bisa awujud :
a. uwuh organik, upamane tas saka enceng gondhok.
b. uwuh anorganik, upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane.
Manut Struktur teks wacan ing dhuwur, kalebu bageyan …
Dhefinisi umum/Identifikasi
Dheskripsi bagian/Klasifikasi
Deskripsi manfaat
Simpulan/dudutan
Sing cetha menawa masyarakat bisa ………, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah
paham
pasif
ngerti
Kreatif
Kang kalebu ukara tanduk, yaiku …
Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen
Sapine diengon dening Sauki ing pinggir sawah
Sumantri nggoleki adhine”
Barang dagangan dakkirim seminggu pisan
Kang kalebu ukara tanggap, yaiku …
Bu Aminah mundhut gedhang raja satangkep
Budi mbalang kucing
Sumantri nggoleki adhine”.
Barang dagangan dakkirim seminggu pisan.
Kang kalebu ukara andharan, yaiku …
Esuk mau Sumarti tindak menyang Pati
Apa sing kokgawa Sri?
Mumpung isih enom sregepa sinau
Wadhuh akehe garapane
Kang kalebu ukara pakon, yaiku …
Esuk mau sumarti tindak menyang Pati
Apa sing kokgawa Sri?
Mumpung isih enom sregepa sinau!
Wadhuh akehe garapane
Kang kalebu ukara panguwuh, yaiku …
Esuk mau sumarti tindak menyang Pati
Apa sing kokgawa Sri?
Mumpung isih enom sregepa sinau!
Wadhuh akehe garapane
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa krama lugu, yaiku
Winarno ngombe wedang jahe
Kancaku wis teka kabeh
Sampeyan wau dikengken napa kalih Pak Suparto
Wekdal putranipun bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa krama alus, yaiku …..
Garwanipun Pak Suparman mundhut pisang, pelem, kaliyan apel
Kula badhe tumbas pelem, nanas, kaliyan jeruk
Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula bu ?
Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu
“Puntadewa iku minangka raja Ngamarta”, yen ditulis aksara Jawa, …
“Khusnul Aminah dadi juwara kelas”, yen ditulis aksara Jawa, …
“Fakir miskin oleh santunan”, yen ditulis aksara Jawa, …
yen ditulis aksara latin …
Sumantri lulus kuliyah tanggal 23 September 2015
Sumanto lulus kuliyah tanggal 25 September 2013
Sulasmi lulus kuliyah tanggal 21 September 2017
Sutarmi lulus kuliyah tanggal 27 September 2012
Kethoprak lan ludruk mujudake saperangan kesenian tradhisional, diarani seni tradhisional amarga …
seni kalorone nggelar crita jaman saiki
kairing musik moderen wujud gamelan sarta tetembangan
migunakake basa Jawa lan busana klasik manut jaman kelakone carita sing digelar.
migunakake basa Jawa lan busana moderen manut jaman kelakone carita sing digelar
Ludruk migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh …
Jawa Tengahan lan dibukani tari remo
Jawa Tengahan lan dibukani tari bedhayan
Jawa Timuran lan dibukani tari remo
Jawa Timuran lan dibukani tari bedhayan
Kethoprak migunakake basa Jawa …
ragam Solo – Surabaya
ragam Solo - Yogya
ragam Yogya – Surabaya
ragam Solo – Semarang
Unsur intrinsik kang ana ing drama tradhisional, yaiku ...
amanat, penokohan, setting/latar, alur, tema
tema, setting/latar, penokohan, alur, amanat
tema, setting/latar, alur, penokohan, amanat
tema, alur, setting/latar, penokohan, amanat
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar, kang dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi, diarani …
tema
alur
setting/latar
penokohan
Nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga utama, paraga panyengkuyung, sarta
nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh, diarani …
tema
alur
setting/latar
penokohan
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan, diarani ..
tema
alur
setting/latar
penokohan
Tema saka teks drama tradhisional ing ngisor iki, yaiku …
Lamaran
Nglamar
Golek Jodho
Jejodhohan
Paraga utama saka drama tradhisional ing dhuwur, yaiku …
Mbok Randha
Andhe-andhe Lumut
Klenthing Kuning
Dewi Sekartaji
Pesen/Amanat saka drama tradhisional ing dhuwur, yaiku …
mbok randha ngadhepake siji baka siji para kleting kanthi ura-ura
mbok randha ura-ura : tumuruna ana putri kang ngunggah-ungahi putrine kang ala rupane
menawa golek jejodhohan ora bisa dirudapeksa
mbok randha dak kersakake kaboyong ing Jenggala saiki uga
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa ngoko lugu, yaiku …
Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane tumprap negara Mojopahit !
Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara enggal matura, Lawe !
Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi, dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah supados saged caos panimbang dhumateng atur kula menika mangke, Sinuwun
Gene sampeyan empun ngertos, nanging yagene sampeyan tasik kirang trima Lawe?
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa ngoko alus, yaiku …
Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane tumprap negara Mojopahit !
Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara enggal matura, Lawe !
Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi, dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah supados saged caos panimbang dhumateng atur kula menika mangke, Sinuwun
Gene sampeyan empun ngertos, nanging yagene sampeyan tasik kirang trima Lawe?
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa krama lugu, yaiku …
Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane tumprap negara Mojopahit !
Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara enggal matura, Lawe !
Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi, dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah supados saged caos panimbang dhumateng atur kula menika mangke, Sinuwun
Gene sampeyan empun ngertos, nanging yagene sampeyan tasik kirang trima Lawe?
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa krama alus, yaiku …
Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane tumprap negara Mojopahit !
Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara enggal matura, Lawe !
Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi, dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah supados saged caos panimbang dhumateng atur kula menika mangke, Sinuwun
Gene sampeyan empun ngertos, nanging yagene sampeyan tasik kirang trima Lawe?
Nawang Wulan : “ (susah) ana ngendhi slendhangku ya?”
Jaka Tarub : “ Geneya kowe kok sedih banget?”
Nawang Wulan : “ Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti? “
Jaka Tarub : “ Aku ora ngerti. Jenengku Jaka Tarub, omahku ana ing desa kulon kono.
Sapa jenengmu?”
Nawang Wulan : “ Aku Nawang Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki .
Slendhangku”.
Jaka Tarub : “yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dak rewangi
Nggoleki slendhangmu kuwi”.
Nawang Wulan : “ Wah ….maturnuwun kakang Joko Tarub”.
Pesan moral kang diteladhani saka teks drama ing dhuwur yaiku …..
Nggoleki widodari ing pinggir tlaga
Tulung- tinulung marang sapadha-padha
Aja nangis ing pinggir tlaga satengahe alas
Ajining raga gumantung ing busana
Bab-bab sing perlu digatekake nalika nulis teks drama antarane …
Nemtokake tema, amanat, paraga lan alur
Nemtokake tema, setting, alur lan paraga
Nemtokake amanat, paraga, alur, tema
Nemtokake tema, paraga, alur, latar
Cerita ing ngisor iki kalebu cerita saka tlatah Jawa Timur, kajaba …
Sangkuriang
Andhe- Andhe Lumut
Jaka Tarub
Sawunggaling
Struktur teks pidhato yaiku …
Purwaka, Salam pambuka, Surasa/Isi, Pangarep-arep, Panutup, Salam Panutup
Salam pambuka, Purwaka, Surasa/Isi, Pangarep-arep, Salam Panutup, Panutup
Salam pambuka, Purwaka, Surasa/Isi, Pangarep-arep, Panutup, Salam Panutup
Salam pambuka, Purwaka, Pangarep-arep, Surasa/Isi, Panutup, Salam Panutup
Langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sami, saengga kula lan panjenengan saged rawuh ing pahargyan punika. Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Mohammad SAW, mugi-mugi kita tampi Safaatipun ing Yaumul Akhir. Ukara kasebut kalebu perangan teks pidhato kang diarani …
purwaka
surasa/isi
Pangarep-arep
panutup
Mugi sih kadarman panjenengan sedaya kaparingan lelintu ingkang satraju saking Gusti Allah SWT. Panjenenganipun Bapa Prasetya ugi nyuwun sih lumunturing pangaksama, bok bilih boten saged anampi rawuh panjenengan sedaya kanthi pakurmatan, palenggahan saha pasugatan ingkang ngresepaken. Ing kalodhangan punika kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng para kadang tanggi tepalih, para mitra rowang, para mudha-mudhi, saha sintena kemawon ingkang sampun paring pambiyantu arupi donya brana, reka daya, iguh pretikel, lan punapa kemawon, saengga saged damel rancage adicara punika. Kula boten saged caos piwales punapa-napa, kajawi amung memuji mring ngarsaning Gusti, mugi sedaya pambiyantu panjenengan kacathet minangka amal kesaenan.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pidhato kang diarani …
purwaka
surasa/isi
Pangarep-arep
panutup
Keparenga kula cumanthaka ngadeg, sowan wonten ing ngarsa panjenengan sami, anggempil sih kamardikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan. Kula minangka sesulihipun Bapa Prasetya kajibah matur wonten ngarsa panjenengan sami. Awit saking bombonging manah yen cinandra kadya karoban samodraning memanis, pramila mboten kuwawi matur piyambak.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pidhato kang diarani …
purwaka
surasa/isi
Pangarep-arep
panutup
Pidhato lumrahe ditindakake dening para pejabat, upamane pidhato kenegaraan, upacara HARDIKNAS. Miturut kahanane, pidhato iki kalebu pidhato .....
Pidhato Setengah Resmi
Pidhato Biasa
Pidhato Ora Resmi
Pidhato Resmi
Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu, upamane ana ing patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai. Miturut kahanane, pidhato iki kalebu pidhato .........
Pidhato Setengah Resmi
Pidhato Biasa
Pidhato Ora Resmi
Pidhato Resmi
Babaring pangandikan pranatacara kaperang dadi 3, yaiku …
Purwaka, Surasa/Isi, Salam Panutup
Salam pambuka, Surasa/Isi, Panutup
Purwaka, Surasa/Isi, Panutup
Surasa/Isi, Panutup, Purwaka
Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng risang temanten kekalih. Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang sampun manjing gapuraning plataran.
Pethikan ing dhuwur iku pethikan pangandikane wong kang lagi ngayahi …
Pranatacara
Pidhato
Ceramah Agama
Pahargya
Para Sesepuh ingkang dhahat kinurmatan lan tuhu kula bekteni. Para Bapak saha Ibu ingkang minulya. Ukara kasebut perangan teks pewara kang, diarani …
Purwaka/pambuka
wosing panatacara
Panutup
Salam Panutup
Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gustu Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya, …
Ukara kasebut perangan teks pewara kang diarani …
Purwaka/pambuka
wosing panatacara
Panutup
Salam Panutup
Binarung swaraning pradangga ingkang hangrangin hambabar ladrang Wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman.
Tembung pradangga ana ing ukara iku nduweni teges ….
panganan
manuk
gamelan
jago kluruk
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.
Tembung jumeneng ana ing ukara iku nduweni teges …
sumadya
lungguh
ngadeg
mlaku
Gamblanging pangucap tetembungan lan ukarane. Vokal lan konsonane kudu diucap kanthi bener ora oleh bindheng. Miturut syarat dadi pranatacara ing olah swara, diarani ....
matanggap
pocapan
maraga
Napas/prana
Ora oleh meksa, menggeh-menggeh saengga ketok menawa ora samesthine. Ngadeg jejeg, rileks, panganggo longgar/ora sesak bisa nglonggarake napas, saengga swara bisa alami.
Miturut syarat dadi pranatacara ing olah swara, diarani …
matanggap
pocapan
maraga
Napas/prana
Tanggap marang swasana, menawa kahanan mbutuhake swasana sepi kudu bisa tenang lan khitmat, menawa swasana gumbira uga kudu bisa nggawe swasana gumbira. Miturut syarat dadi pranatacara ing olah raga lan olah busana, diarani …
matanggap
pocapan
maraga
Napas/prana
Manteb, tenang, ora gemeter, jejeg, madhep mengarep, obahing tangan nuduhake kejelasaning pangucap. Miturut syarat dadi pranatacara ing olah raga lan olah busana, diarani …
matanggap
pocapan
maraga
Napas/prana
