wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BHS. JAWA KELAS 8

Total questions: 55

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Gambar kasebut basa kramane yaiku....

a)

gulu

b)

kuping

c)

jangga

d)

talingan

2.

Sing dicekel wong kasebut basa kramane yaiku....

a)

rambut

b)

sirah

c)

rikma

d)

asta

3.

Basa kang dipaesi kanthi iketan apik lan runtut supaya dadi luwih apik, alus , endah lan ngresepake arane...

a)

Basa jaturan

b)

Basa krama alus

c)

Basa penatacara

d)

Basa rinengga

4.

Sanajan dadi juwara bocah iku ora mundhak gedhe endhase. Gedhe endhase nduweni teges ...

a)

Gedhe atine

b)

Tambah akale

c)

Seneng-seneng

d)

Sumbung

5.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

6.

Adit tumbas roti menawi ibu ....rasukan

a)

Mundhut

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Tuku

7.

Kuping basa kramane...

a)

talingan

b)

paningal

c)

asta

d)

ampean

8.

tangan basa kramane...

a)

asta

b)

talingan

c)

rekma

d)

paningal

9.

Adit tumbas roti menawi ibu ....rasukan

a)

Mundhut

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Tuku

10.
Basa Ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani ...
a)
basa ngoko lugu
b)
basa ngoko alus
c)
basa krama lugu
d)
basa krama alus
11.

"Mbak Risti, aku dikongkon Ibu menehne layang iki marang bu Minah,"


critane Lindha marang Risti, mbakyune Ucapane Lindha marang mbakyune mau kurang pas, amarga nganggo basa ngoko lugu.


Mestine kudu nganggo basa ngoko andhap/alus. Basa ngoko aluse dadi ...

a)

Mbak Risti, kula wau dipun kengken Ibu nyukakaken layang niki dhateng bu Minah

b)

Mbak Risti, kula kalawau dipunutus Ibu ngaturaken serat niki datheng bu Minah

c)

Mbak Risti, aku mau diutus Ibu ngaturake layang iki marang Bu Minah

d)

Mbak Risti, layang iki wenehna bu Minah

12.

Pak Warsito nate ngendika manawa panjenengane ora bakal kondur yen durung rampung pakaryane.


Yen diowahi dadi basa krama alus ...

a)

Pak Warsito natos ngendika manawi panjenenganipun boten badhe kondur manawi dereng rampung padamelanipun

b)

Pak Warsito natos sanjang manawi piyambakipun boten badhe wangsul manawi dereng rampung padamerlanipun

c)

Pak Warsito natos ngendika manawi piyambake boten badhe wangsul manaawi dereng rampung padamelanipun

d)

Pak Warsito nate ngendika manawi panjenegan dalem boten badhe kundur manawi dereng rampung padamelanipun

13.
Rakitan tetembungan kang runtut swarane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
14.
Ing ngisor iki tuladha purwakanthi guru swara, yaiku ...
a)
Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
b)
lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
c)
kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen klien kula
d)
Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta patinh kertep liwat kreteg Kertasana
15.

Timun - munte - tela - landa - ndemok asu - sugih utang - tanggal siji - jimantolo - lopas lapis - pista raja - jaka bagus - gusti kula - lombok abang - bangku dhuwur - wura-wari - rina wengi - ngilo kaca - cara landa


tatembungan kasebut diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi guru lagu

d)

purwakanthi lumaksita

16.

sawetawis cekap semanten ingkang saget kulo aturaken ing serat punika,

sanes wekdal dipun sambut maleh.

Mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun ngapunten"


perangane layang ing ngarep diarani

a)

adangiyah

b)

isine layang

c)

panutupe layang

d)

bebukane layang

17.
Layang kang isine mung ringkes, di tulias ing dluwang sak kecandhake diarani layang
a)
kitir
b)
lelayu
c)
paturan
d)
kiriman
18.

Ibu " Tindak" menyang pasar.


Tembung kang di cetak miring yaiku tembung

a)

aran

b)

kriya

c)

kahanan

d)

wilangan

19.

website disweke pemkab Gresik nyuguhake pawarta sing wis kadaluwarsa.


Tembung Kadaluwarsa tegese ...

a)

isih anyar

b)

wes kesuwen

c)

durung diwaca

d)

disiasiakake

20.

website e Pemkab Gresik Dianggap mubadzir jalaran pawartane wis kadaluwarsa.


Tembung mubadzir tegese

a)

penting banget

b)

orar ana gunane

c)

akeh sing maca

d)

wis kesuwen

21.

Cerita gancaran sing ngandharake sarining kedadeyan saka wiwitan ngantri pungkasan utawa sakeplasan wae lan langsung tamat diarani?

a)

Cerita cekak

b)

Puisi

c)

Pantun

d)

Aksara Jawa

22.

Apa ciri-cirine cerita cekak?

a)

Ceritane namung sakeplasan wae

b)

Cerita langsung tamat

c)

Namung nyritaake paraga utama

d)

Kabeh jawaban bener

23.

Idhe baku Utawa gagasan baku jeroning cerita diarani..

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Paraga

24.

Unsur cerkak sing isine Babagan papan, wektu, lan swasana jeroning cerita diarani..

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Paraga

25.

Amanat yaiku..

a)

Wong kang dicritaake ing cerita

b)

Piwulang kebecikan Utawa pitutur luhur ing crita

c)

Posisi Pangripta jeroning crita

d)

Basa ing crita

26.

Ukara pawarta yaiku..

a)

Ukara ngenani kabar

b)

Ukara njaluk katrangan

c)

Ukara perintah

d)

Ukara sing tegese upama

27.

Ukara sing isine perintah Utawa ngongkon diarani..

a)

Ukara pawarta

b)

Ukara pitakon

c)

Ukara pakon

d)

Ukara sambawa

28.

Ukara sing isine umpama, senajan kan muga muga diarani...

a)

Ukara pawarta

b)

Ukara pitakon

c)

Ukara pakon

d)

Ukara sambawa

29.

Yen Maca cerita, artikulasi Utawa pangucapan kudu jelas lan cetha supaya...

a)

Di elem Karo kancane

b)

Cocok Karo isine

c)

Penak dirungoake

d)

Ora ngantuk

30.

Ekspresi saget uga diarani..

a)

Cetha kan benere maca

b)

Gerak gerik awak olehe maca

c)

Lagune ukara

d)

Praenane Utawa raut muka Malika maca

31.

Basa sing tembung - tembunge ngoko kabeh ora kecampuran basa krama utawa krama inggil diarani..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa noko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

32.

"Kowe mau arep dijak kancamu nonton bal - balan"

Ukara ing nduwur kelebu basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

33.

"Sesuk isuk wae kowe tuku sepatu ing toko!"

Ukara ing nduwur yen ditulis nganggo basa krama alus yaiku?

a)

Sesuk isuk wae kowe tuku sepatu ing toko

b)

Benjing enjing wae panjenengan tumbas sepatu ing toko

c)

Benjing enjing mawon panjenengan tumbas sepatu ing toko

d)

Benjing enjing kemawon panjenengan mundhut sepatu ing toko

34.

Tembung "kowe" yen dikramakne becike nganggo..

a)

Sampeyan

b)

Panjenengan

c)

Dirimu

d)

Bocae

35.

Yen kowe omong - omongan karo kancamu sing sapepadha / saumuran becike nggawe basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

36.

Yen kowe matur marang gurumu utawa wong tuwamu becike nganggo basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

37.

Yen ana kancamu nanging ora akrab lara ing rumah sakit becike kowe kudu..

a)

Ora peduli sebab ora akrab

b)

Meneng wae

c)

Ngendangi ing rumah sakit

d)

Namung doa mugo ndang mari

38.

Ibu nuwun sewu, menawi kepareng kula badhe matur. Ature Bayu marang ibune iku migunakake unggah-ungguh basa …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

39.

Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

40.

Wingi aku diparingi priksa dening bapak Kepala Madrasah. Ukara kasebut migunakake unggah-ungguh basa …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

41.

Ayo diunjuk dhisik, mau saka sekolahan ta? Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

42.

Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …

a)

Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.

b)

Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.

c)

Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.

d)

Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.

43.

Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?

a)

Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.

b)

Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pelajaran.

c)

Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran.

d)

Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pelajaran.

44.

Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?

a)

Kanca-kanca aja rame dhisik!

b)

Kanca-kanca rungokna sedhela!

c)

Kanca-kanca bisa meneng apa ora?

d)

Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.

45.

Nalika Bulik Asri kondur saka Bandung, Lintang entuk oleh-oleh peyem. Kepriye ature Lintang kang bener nalika ngandharake panuwun dhateng bulike?

a)

Matur nuwun lik, tapi kok mung sethithik?

b)

Matur nuwun lik, kula remen peyemipun.

c)

Matur nuwun lik, sesuk tumbaske maneh.

d)

Matur nuwun lik, sesuk meneh ya.

46.

Nalika kowe dinyatakake munggah kelas VIII lan dadi juwara 1 ing kelas, Bu Rina minangka wali kelasmu ngucapake selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan marang Bu Rina kang becik yaiku …

a)

Matur nuwun Bu, menika sedaya awit donga pangestunipun Bu Rina.

b)

Matur nuwun Bu, untung ingkang dados wali kelasipun Bu Rina.

c)

Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng anggene sinau.

d)

Matur nuwun Bu, menika amargi kula boten tau bolos sekolah.

47.

Wah swaramu apik tenan ndhuk! Pantes menawa kowe juwara nyanyi tingkat Provinsi. Ukara kasebut kalebu jinising ukara kang ngandharake …

a)

nyuwun idin

b)

pamuji/ngalem

c)

narik kawigaten

d)

pitepangan

48.

Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar tertamtu diarani...

a)

Layang

b)

Handphone

c)

Email

d)

Internet

49.

Yen arep kirim layang kudu mara ing...

a)

Telkom

b)

Bank

c)

Kantor pos

d)

Koperasi

50.

Miturut jinise, layang diperang dadi...

a)

3

b)

7

c)

4

d)

5

51.

Ukara sing isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa sawijining kaanan marang wong liya diarani ukara...

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Sananta

d)

Carita

52.

Perangane layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra, lsp. Diarani...

a)

Prepenah

b)

Bebuka

c)

Adangiyah

d)

Titimangsa

53.

"Mojokerto, 03 Maret 2020"

Pethikan layang kasebut kalebu perangan...

a)

Adangiyah

b)

Prepenah

c)

Papan lan Titimangsa

d)

Bebuka

54.

Pakdhe nulis surat kanggo dhik Rara. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama, dadi...

a)

Pakdhe nyerat layang kagem dhik Rara.

b)

Pakdhe nyerat surat kagem dhik Rara.

c)

Pakdhe nulis layang kagem dhik Rara.

d)

Pakdhe nyerati layang kangge dhik Rara.

55.

Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani layang...

a)

Layang paturan

b)

Layang dhawuh

c)

Layang kitir

d)

Layang lelayu

Similar Resources on Wayground