wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

XII 1

Total questions: 20

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Raden Gatotkaca satriya ing....

a)

Ngastina

b)

Ngamarta

c)

Dwaraka

d)

Jodhipati

e)

Pringgodani

2.

Raden Janaka satriya ing....

a)

Ngastina

b)

Dwarawati

c)

Plangkawati

d)

Madukara

e)

Mandura

3.

Raden Werkudara satriya ing....

a)

Jodhipati

b)

Ngastina

c)

Mandura

d)

Madukara

e)

Plangkawati

4.

Prabu Baladewa nata ing negara....

a)

Ngalengka

b)

Mandura

c)

Dwarawati

d)

Ngastina

e)

Ngamarta

5.

Prabu Puntadewa jumeneng nata ing negara....

a)

Ngamarta

b)

Ngastina

c)

Alengka

d)

Mandura

e)

Madukara

6.

Paraga sajrone gambar kasebut yaiku....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

7.

Saben esuk eyang ngunjuk madu klanceng kanggo njaga kasarasan.

Tembung aran sajrone ukara kasebut yaiku....

a)

Saben esuk

b)

Eyang

c)

Ngunjuk

d)

Njaga

e)

Kanggo

8.

Putrane Pak Sono sing ragil jarene pinter Tembung kaanan sajrone ukara kasebut yaiku....

a)

Putrane

b)

Pak Sono

c)

Sing ragil

d)

jarene

e)

pinter

9.

Pare kena diarani tanduran kang ampuh lan serba guna. Wiwit godhong, oyot, nganti wohe ngandhut kasiyat. Godhong pare bisa kanggo obat cacingen, tatu-tatu, lan bisul. Isi pare bisa kanggo obat kanker.Oyot wit pare akeh digunakake kanggo ngobati lara desentri amuba lan wasir dene wohe kena kanggo tamba lara kencing manis. Isi pare sakliyane kanggo obat uga bisa ngurangi kasuburan, mula ing India dianggo bahan baku pil KB.


Gagasan utama pethikan artikel kasebut ana ing ukara....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

10.

Kesed punika katingalipun barang sepele, nanging manawi dipunmanah ingkang saestu sanes barang baen-baen. Kesed punika saestu ageng pigunanipun. Pandamelipun kesed boten angel. Punapa malih manawi bahanipun trimah sepet. Caranipun damel kesed sepet ingkang sapindhah sepet dipunkum, lajeng dipun gepuk ngantos ajur pating slawir. Sasampunipun menika sepet dipun suwiri alit-alit, dipuntampar, sambet-sinambet dipungulung dados dhadhung panjang.Dhadhung sepet lajeng dipunenam kados ngenam gelaran.


Panemu sing ora trep klawan paragraf kasebut yaiku....

a)

kesed paedahe sepele

b)

kesed gampang gaweyane

c)

kesed bisa kagawe saka sepet

d)

sepet digawe dadhung dhisik sadurunge digawe kesed

11.

Jamu kuwi salah sijine alternatif obat sing digunakake masarakat desa. Ing jaman saiki jamu wis ora gampang ditemokake dening masarakat kutha. Amarga masarakat kutha wis nggunakake obat sing bisa ditemokake ing toko-toko lan apotek. Beda karo masarakat sing ana ing desa. Masarakat desa uga bisa nggawe jamu dhewe, amarga mbiyen wis turun temurun anggone nggawe jamu. Jamu kuwi bakale bisa digawe saka samubarang sing bisa ditemokake ing kebon-kebon cedhak omah. Salah sijine kang bisa digawe jamu yaiku tanduran kunyit utawa sinebut kunir.

Kunyit utawa uga disebut kunir (Jawa), konyet (Madura), lan koneng (Sunda) iku jinise tetanduran herbal sing gampang tuwuh ing laladan Indonesia. Tanduran kuwi wis suwi dingerteni ing bab kasiyate tumrap kasarasan. Kajaba kuwi, ing laladan Asia Tenggara, tanduran kuwi wis misuwur minangka bakale panganan sing ana ing pawon. Amarga saliyane kanggo bumbu ing pawon, kunir kuwi bisa kanggo salah sijine obat tradhisional kang mandi lan bisa nambani maneka werna lelara.

Tema kang paling trep kanggo paragraf kasebut yaiku....

a)

kasarasan

b)

lingkungan

c)

tradisional

d)

alami

e)

jamu

12.

Patih Gandamana diutus Prabu Pandhu supaya budhal menyang Pringgandani saperlu golek sisik melik ngenani perkara kasebut. Nalika Patih Gandamana wis tumeka ing tapel wates praja Ngastina lan Pringgandani, dumadakan wis dumadi paprangan luwih dhisik. Paprangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin dening para Kurawa lumawan para wadya Pringgandani. Enggal-enggal Patih Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinane Kurawa kang katon kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani. Nalika Patih Gandamana lumebu ing papan paprangan, Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya mundur. Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani pimpinane Raden Harimba.

Raden Gandamana kang kondhang sekti mandraguna, nyatane kasil ngundurake wadya bala Pringgandani. Raden Harimba sadulur-dulure kapeksa mundur saka papan paprangan. Ing tengah-tengah kedadeyan kuwi, dumadakan Harya Suman nemoni Raden Harimba. Harya Suman kandha yen sejatine Prabu Pandhu ora gelem perang, nanging sing meksa perang kuwi Gandamana. Mula Raden Harimba kudu bisa mateni Gandamana. Mula saka kuwi, Suman banjur ngandhani Harimba ngenani carane mateni Gandamana.


Para paraga ing cerita kasebut kang kalebu golongane wong-wong Ngastina yaiku ….

a)

Harya suman lan Gandamana

b)

Kurawa lan Raden Harimba

c)

Prabu Pandhu lan Pandhawa

d)

Gandamana lan Raden Harimba

e)

Harya Suman lan Harimba

13.

Lumrahe masyarakat Indonesia iku ramah. Meh sadhengah wong gelem nulung marang sapa bae sing butuh pitulungan. Tamu manca sing njaluk katrangan tumrap apa bae bakal dibiyantu kanthi senenging ati. Ketemu karo sapa bae ing ndalan disapa kanthi andhap asor. Dheweke ora tau mrengut utawa mbesengut ngadhepi tamu-tamune. Mangkono uga, yen ngladeni tamu temtu kanthi tembung kang alus lan esem kang manis.


Gagasan utama saka paragraf kasebut ana ing ukara....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

14.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Semar

b)

Petruk

c)

Gareng

d)

Bagong

e)

Togog

15.

Paraga wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

16.

Yen disalini aksara latin dadine...

a)

Jenengan sinten?

b)

Jenenge Gunarsa

c)

Jenengan Gunawan

d)

Jenenge Gunawas

e)

Jenengan Dhunawan

17.

Gambar wayang kasebut jenenge....

a)

Puntadewa

b)

Werkudara

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Sadewa

18.

Aksara Jawa kasebut macane....

a)

Tuku krupuk

b)

Lawuh krupuk

c)

Bantal kapuk

d)

Lara watuk

e)

Kasur empuk

19.

Paraga ing gambar kasebut yaiku....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Togog

20.

Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi boten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Saboten-botenipun, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun. Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia.


Ukara kang kurang trep klawan paragraf kasebut yaiku....

a)

Basa Jawa raket sambung rapete klawan unggah-ungguh.

b)

Bebasan ing Basa Jawa ngemot kapribaden Bangsa Indonesia

c)

Unggah-ungguh wigati sajrone pendidikan budi pakarti

d)

Bebasan sajrone basa Jawi kebak pesen moral lan etika

e)

Sinau Basa Jawi nduweni tujuwan supaya diajeni liyan.