wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 18mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

2.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan (judul) geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

3.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

4.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

5.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

6.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng

7.

Geguritan iku nang basa Indonesia diarani

a)

pantun

b)

puisi

c)

lagu

d)

sajak

8.

sing diarani guru wilangan yaiku...

a)

cacahing wanda utawa suku kata ing saben gatra

b)

cacahe gatra utawa larik saben bait

c)

pocapan utawa intonasi ing wekasaning bait

d)

cacahe bait ing geguritan

9.

Obahing awak nalika moco geguritan diarani...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

10.

makna geguritan ing dhuwur

4 lines
11.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

12.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
13.

Lawuhe (pangan) kucing

Tembung ing jero kurung kudune . . .

a)

dipangan

b)

dakpangan

c)

kokpangan

d)

takpangan

14.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

15.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur ana ... larik

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

16.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

17.

Gatra ing geguritan uga diarani ...

a)

garis

b)

baris

c)

bait

d)

pada

18.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

19.

Dodi Bocah Kang Lantip

Becike dadi bocah iku kang sregep lan lantip.

Pinter anggawe samubarang kang migunani.

Pring bisa dadi wakul.

Sepet bisa dadi keset.

Wulu bisa dadi sulak.

Kapuk bisa dadi benang.

Lempung bisa dadi pot.

Prayogane wiwit cilik tituladha babagan panggawe krajinan.

Kanggo sangu urip ing tembe mburi.

Dadi bocah kang ora seneng ing alembana.

Nora seneng tumindak kang sembrana.

Ben urip ing tembe.

Bisa migunani marang sepadha-padha.

Manut geguritan ing nduwur, wiwit kapan apike sinau gawe kerajinan iku ?

a)

Yen wis gede

b)

Wiwit cilik

c)

Yen rampung sekolah

d)

Wiwit sekolah

20.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Kitiran janur ing tengahing sawah

Mubeng mungser nambani ati sayah

Bocah-bocah mlayu dolanan glagah

Eseme bocah angon katon sumringah


Ela elo aja ngenyek aku wong desa

Ela elo aja umuk kowe wong kutha

Delengen esuk ing kene isih ana manuk

Delengen esuk ing kene isih ana gumuk


Ijone pari tansah bisa gawe tentreme ati

Beninge kali tansah bisa gawe anyese jiwa


Geguritan ing ndhuwur nyeritakake…

a)

Kaendahan alam pegunungan

b)

Kaendahan alam pedesan

c)

Bocah desa kang lagi layangan

d)

Bocah desa kang lagi dolanan kitiran

e)

Bocah-bocah pada playon ing tematan sawah