wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

teks deskriptif

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Andharan kang nggambarake sawijining bab kanthi gamblang lan peprincen / rincian kang njlimet diarani ....

a)

narasi

b)

persuasi

c)

deskripsi

d)

argumentasi

2.

Upacara adat Ruwat bumi kang ditindakake duweni tujuan kang bisa dijukut manfaate kanggo masarakat antarane yaiku kanggo njaga bumi supaya tetep lestari tansah aweh manfaat kanggo uripe menungsa, kanggo nuwuhaken mitos supaya manungsa ngregani hasil bumi, ningkataken rasa tresnane manungsa marang bumi lan isine, ningkataken rasa syukur marang Gusti Alloh kang kersa maringi pangan, omben sarta hasil bumi, kang pungkasan yaiku minangka sarana kanggo ndendonga marang Gusti Alloh supaya bumi kang diruwat kalis saka bebaya.

Tujuan upacara ruwat bumi kasebut ngisor iki kejaba …....

a)

kanggo njaga bumi supaya tetep lestari tansah aweh manfaat kanggo uripe menungsa

b)

kanggo nuwuhaken mitos supaya manungsa ngregani hasil bumi,

c)

ningkataken ora tresnane manungsa marang bumi lan isine,

d)

ningkataken rasa syukur marang Gusti Alloh kang kersa maringi pangan, omben sarta hasil

Bumi

3.

Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujokake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati.

Teks ing inggil nggambaraken….

a)

kahanan sawijining papan

b)

kahananipun gunung

c)

kahanan sawijining omah

d)

kahanan kali kang endah

4.

Tulisan /andharan kang maksud nggambarake sawijining bab kanthi gamblang lan peprincen diarani karangan ...

a)

deskriptif

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

5.

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 5 !

Mula kanggo ngadhepi masalah ing mangsa ketiga iki, masyarakat desa Plana nganakna upacara adat Cowongan .Cowongan iku salah siji jenis upacara kanthi tujuan njaluk udan kang ditindakake dening masyarakat Banyumas lan sakupenge. Cowongan asale saka tembung "cowong" olih panambang -an ing basa Banyumas padha karo tembung perong cemong , utawa therok sing tegese polatan kang kotor. Perong , cemong lan therok asifat pasif ( ora diniyati ) dene cowongan asifat aktif( wis diniyati sadurunge )

Tujuan upacara adat cowongan yaiku ....

a)

njaluk keslametan

b)

njaluk udan

c)

njaluk panganan

d)

njaluk pepadhang

6.

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6 !

Mula kanggo ngadhepi masalah ing mangsa ketiga iki, masyarakat desa Plana nganakna upacara adat Cowongan .Cowongan iku salah siji jenis upacara kanthi tujuan njaluk udan kang ditindakake dening masyarakat Banyumas lan sakupenge. Cowongan asale saka tembung "cowong" olih panambang -an ing basa Banyumas padha karo tembung perong cemong , utawa therok sing tegese polatan kang kotor. Perong , cemong lan therok asifat pasif ( ora diniyati ) dene cowongan asifat aktif( wis diniyati sadurunge )

Ukara pitakon kang jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Apa tujuane upacara adat Cowongan ing desa Plana?

b)

sapa wae kang melu upacara adat upacara adat cowongan iku ?

c)

Piracacahe kang melu upacara adat Cowongan ?

d)

Kepriye carane ngadani upacara adat Cowongan ?

7.

1. Ing ngisor iki kang klebu jenis wacan deskripsi yaiku … .

a)

Nalika tanggal 13 Februari 2014 Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.Gempa vulkanik mau luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442.Nalika jam sanga bengi luwih limalas menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi.

b)

Candhi Borobudur mujudake candhi Budha sing mapan ing Borobudur, Magelang Jawa Tengah, Indonesia. Papane Candhi dumunung watara 100 km ing kidul kulone Semarang , 86 km ing sisih kulone Surakarta lan 40 km ing lor kulone Yogyakarta.

c)

Dina iku dina Senin, ngepasi upacara ing sekolah. Aku kajibah dadi komandan pleton. Kamangka aku iki ora tahan kena panas , yen panasan suwe mesthi sirahku banjur cekot-cekot.Nanging wektu iku wis takniyati , pokoke aku kudu tahan.Kanthi maca bismillah aku wiwit ngayahi tugas mau,limang menit, sepuluh menit , limalas menit… lan tekan meh upacara rampung alhamdullilah… aku ora krasa mumet. Kocapa bubar mbubarake barisan, aku krasa mumet lan ngerti-ngerti aku wis ana UKS, aku semaput.

d)

Rumangsa wis meh kecekel Buta Ijo Timun Emas banjur nguncalake buntelan kang isih ana ing tangane,yaiku isine uyah..Sawise dibalangake sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo bisa nglangi lan nututi Timun Emas. Bungkusan pungkasan isi trasi dibalangake. Mengkono sethithik dongenge Timun Emas.

8.

Candhi Borobudhur dumadi saka enem tataran kang awujud pesagi sing ing dhuwure ana telung plataran mubeng .Ing temboke rinengga 2.672 relief lan sabenere ana reca Budha cacahe 504 iji.Ing njerone stupa baku ana reca Budha lagi lenggah sila ing sadhuwuring trate.

Panel relief candhi borobudhur punika wonten ....

a)

kalih ewu nematus pitung puluh kalih

b)

kalih ewu nem atus pitung dasa kalih

c)

rong ewu pitung dasa kalih

d)

kalih ewu nem atus pitung puluh loro

9.

Candhi Borobudhur dumadi saka enem tataran kang awujud pesagi sing ing dhuwure ana telung plataran mubeng .Ing temboke rinengga 2.672 relief lan sabenere ana reca Budha cacahe 504 iji.Ing njerone stupa baku ana reca Budha lagi lenggah sila ing sadhuwuring trate.

a)

Budha

b)

Bima

c)

Punta

d)

Kresna

10.

Ukara ngisor iki kang nganggo basa krama alus yaiku …

a)

Sekaten menika mujudaken acara kangge mengeti dinten wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad

b)

Ing kraton Solo wonten gamelan 2 prangkat yaiku Kyai Guntur madu lan Kyai Guntur Sari .

c)

Menawi saged pikantuk ngrebut gunungan sayur ing sekaten masyarakat pitados uripe badhe berkah.

d)

Acara sekaten dirampungi kanthi nggawa bali neh gamelan pusaka kraton 2 prangkat iku mau.