wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B. JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

2.

Banjir Bandhang lan Longsor Kediri


Bupati Kediri dr. Hj Haryanti Sutrisno ngirim pesen ringkes marang Kantor Berita Radar, ngandharake yen wis ngumandi prahara banjir bandhang lan lemah longsor nrajang Dsn Suweru, Desa Petungroto, Kec. Mojo ing Kabupaten Kediri.

Prahara banjir bandhang lan lemah longsor mau kelakon ing dino Kemis, 16 Januari 2020. Sawise udan deres meh sedino sewengi ora leren.

Prahara banjir bandhang ngrubuhake rong omah seng di enggoni Pak Muaji lan Pak Nurohman, rong omah mau kena material lemah longsor, seng disebutake karo kepala BPBD Kabupaten Kediri.


Seng diwartaake jroning pawarta ing ndhuwur yaiku …

a)

Prahara banjir lan lemah longsor

b)

Banjir bandhang lan tanah longsor

c)

Prahara bandhang lan lemah longsor

d)

Banjir lan longsor Kediri

3.

Banjir Bandhang lan Longsor Kediri


Bupati Kediri dr. Hj Haryanti Sutrisno ngirim pesen ringkes marang Kantor Berita Radar, ngandharake yen wis ngumandi prahara banjir bandhang lan lemah longsor nrajang Dsn Suweru, Desa Petungroto, Kec. Mojo ing Kabupaten Kediri.

Prahara banjir bandhang lan lemah longsor mau kelakon ing dino Kemis, 16 Januari 2020. Sawise udan deres meh sedino sewengi ora leren.

Prahara banjir bandhang ngrubuhake rong omah seng di enggoni Pak Muaji lan Pak Nurohman, rong omah mau kena material lemah longsor, seng disebutake karo kepala BPBD Kabupaten Kediri.


Kapan prahara mau kelakon ?

a)

Dino kemis

b)

hari kemis

c)

kemis

d)

wayah kemis

4.

Teks pawarta sing diandharake kudu nyakup anane 5W lan 1H diarani …

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

efektif

5.

Sing kelebu medhia elektronik yaiku ...

a)

ariwati

b)

koran

c)

majalah

d)

internet

6.

Pitik walik saba meja = ......

a)

nanas

b)

sulak/ kemocing

c)

andha

d)

celengan

7.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

8.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

9.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

10.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

11.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

12.

Duwe rambut ora nduwe endhas = ......

a)

jagung

b)

pari

c)

sulak

d)

nanas

13.

Jenenge padha karo rasane = ......

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

14.

Cangkriman "Pitik walik saba kebon" batangane ...

a)

salak

b)

nanas

c)

kates

d)

pring

15.

Cangkriman " Dikethok malah tambah dhuwur", batangane ...

a)

celana

b)

andha

c)

sepur

d)

genteng bocor

16.

Cangkriman yaiku...

a)

Unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang

b)

Unen-unen sing gambarake percakapan

c)

Unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca

d)

Unen-unen sing penak digawe tetembangan

17.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati Sajroning aurip

Mijil bakal si pucung dadi dahana

Cangkriman ing duwur batangane...

a)

Sendok

b)

Gendeng bocor

c)

Penthol korek

d)

Sepur

18.

Pakbomba, paklawa, pakpiut.

Cangkriman wancahan ing dhuwur batangane...

a)

Untu krowok larane ora karu-karuan

b)

Tapak kebo Amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut

c)

Tebu ditata mlebu lori

d)

Yen dijiwit aduh biyung

19.

Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....

a)

cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)

b)

cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan

c)

cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan

20.

Jenise utawa wujude cangkriman kuwi ana...macem.

a)

siji

b)

telu

c)

papat

d)

enem