wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

pangkur

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Watake tembang Pangkur yaiku ...

a)

ala

b)

becik

c)

kejem

d)

sereng


e)

sedhih

2.

Cacahing gatra (baris) saben pada (bait) diarani guru ...

a)

Gatra

b)

lagu

c)

Sastra

d)

wilangan


e)

Swara

3.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani ...

a)

dhandhanggula

b)

pangkur

c)

mijil

d)

sinom


e)

kinanthi

4.

Jenenge tembang pangkur kuwi nduweni teges mingkur. Falsafahe nuduhake urutan uripe manungsa kang wis tambah tuwa kang nduweni sipat ....

a)

Seneng tetulung marang wong liya

b)

Ngrumat anak kanthi becik

c)

Pegat ruhe utawa mati

d)

Ngilari barang kang ora becik


e)

Seneng darma marang sedaya umat manungsa

5.

Titikane guru gatra, guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pangkur yaiku ....

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


e)

12u, 6a, 8i, 12a

6.

Ukara tembang pangkur ing gatra 2 “Akarana karenan mardisiwi” tegese ....

a)

karana seneng pendhidhikan

b)

karana remen putra putri

c)

karana remen ndhidhik putra putri

d)

karana kedah nggulawentah putra putri

e)

karana manungsa remen pendhidhikan kang sae

7.

Pretelan (penggalan) kang ateges ngadohi sawenehe tumindak kang ala yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardisiwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

8.

Pretelan (penggalan) kang nudhuhake manungsa iku luwih dhuwur drajate saka titah liyane amarga duwe kepercayan yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardi siwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

9.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kajaba....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Pangkur

d)

Wirangrong

10.

Cacaha wanda saben sagatra diarani....

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru dhing dhong

11.

Tembung "gatra" padha tegese karo....

a)

swara

b)

larik

c)

bait

d)

pada

12.

Tembang Pangkur asale saka tembung....

a)

mungkur

b)

tandur

c)

sukur

d)

sumur

13.

Watake tembang Pangkur, yaiku....

a)

sereng lan prawira

b)

sereng llan sedhih

c)

susah lan prawira

d)

susah lan nelangsa

14.

Guru wilangan lan guru lagu cakepan tembang Pangkur, yaiku....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

9a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12i, 8a, 8i

d)

9u, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

15.

Kosok baline tembung prayoga, yaiku....

a)

becik

b)

apik

c)

sae

d)

awon