Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 6

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Sega sak kepel dirubung tinggi, ukara kuwi kalebu cangkriman . . . .

a)

Wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

tembang

2.

Cangkriman iku kaperang dadi . . . .

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

3.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

4.

Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....

a)

tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung

b)

Bosok malah enak

c)

Wong adol krambil dikepruki.

d)

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

5.

Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku...

a)

dikethok malah dhuwur

b)

sego sakepel dirubung tinggi

c)

burnas kopen

d)

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

6.

Dikethok malah mundhak dhuwur.


Batangane...

a)

sabuk

b)

clana

c)

pring

d)

nanas

7.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung,

Padha kinunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka si pucung dadi dahana.


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

jun/wadah banyu

c)

pentol korek

d)

salak

8.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana.


batangane cangkriman kuwi...

a)

sepur

b)

sabuk

c)

gajah

d)

jun/wadah banyu

9.

Cangkriman kang awujud tembang ing ngisor iki sing batangane SABUK yaiku...

a)

Bapak pucung, saben dina transah bingung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

saben dina pucung nguntal buntutira

b)

bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana

c)

renteng renteng kaya kalung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pocung mung turut kutha

d)

bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

tangan papanira,

nuduhake rina wengi,

lamun mati bingung wektu sang bendara

10.

Batangane GENI, cangkriman sing cocok yoiku ...

a)

bocah cilik nggendong omah

b)

rasane padha karo jenenge

c)

sega sakepel dirubung tinggi

d)

yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh