wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Sinom dan Cerita Wayang

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Gawe tembang macapat kudu nganggo aturan kang trep. Ana guru lagu, wilangan lan gatra. Menawi kang diarani guru gatra yaiku....

a)

Cacahe gatra saben sapada

b)

Cacahe wanda saben larik

c)

Cacahe wanda saben sapada

d)

Cacahe gatra saben selagu

e)

Tibane swara vokal ing akhir larik

2.

Gatekna pethikan tembang Sinom ing ngisor iki!

Ambawani tanah Jawa

Kang padha jumeneng aji

Satriya dibya sumbaga

Tan lyan trahing Senapati

Pan iku pantes ugi


Tegese tembung kang kacithak kandel tegese yaiku....

a)

Nguwasani

b)

Satria

c)

Pemimpin

d)

Keturunan

e)

Kondhang

3.

Miturut daur hidupe tembang macapat, urip sansaya tuwa, nyingkiri hawa nepsu lan ora mikirna dunya utawane mungkur kadunyan nggambaraken tembang macapat....

a)

Durma

b)

Pangkur

c)

Sinom

d)

Mijil

e)

Dhandhanggula

4.

Saben tembang macapat nduweni watak kang beda-beda. Dene watak tembang Sinom yaiku....

a)

Galak

b)

Grapyak

c)

Kulina, rumaket

d)

Tresna asih

e)

Nelangsa

5.

Ukara kang nduweni teges “sangat tekun berusaha” ing ngisor iki yaiku....

a)

Sudane hawa lan nepsu

b)

Tanapi ing siyang ratri

c)

Kala kalaning asepi

d)

Kepati amarsudi

e)

Pinesu tapabrata

6.

Lakon wayang kang nyritakake perange Pandhawa lan Kurawa sinebut....

a)

Ramayana

b)

Kresna Duta

c)

Bharatayudha

d)

Mahabharata

e)

Bisma Gugur

7.

Tan ana senjata kang tumawa kangge mbedah bungkus. Tembung “tan” tegese....

a)

Mawi

b)

Tanpa

c)

Nganggo

d)

Ora

e)

Akeh

8.

Sapa arane putrane Bathara Guru kang dikongkon kanggo mecah si Bungkus....

a)

Bathara Narada

b)

Gajah sena

c)

Bathara kala

d)

Gajah mada

e)

Kartikeya

9.

Wong kang gaweyane nembang/ nglaras ing pagelaran wayang diarani....

a)

Cucuk lampah

b)

Dhalang

c)

Sindhen

d)

Nayaga

e)

Penyimping

10.

Kuku pancanaka ing mengkone bakal dadi gaman/ pusaka kang ngedab-edabi. Sapa sing maringi pusaka kuku pancanaka?

a)

Dewi Gangga

b)

Dewi Umayi

c)

Dewi Sati

d)

Dewi Cipta

e)

Dewi Gendari

11.

Bratasena gadhah nama sanesipun inggih punika Balawa. Balawa tegesipun....

a)

Sekar/ kembange palagan

b)

Maha perkasa/ kuat

c)

Siswanipun Bathara Bayu

d)

Dipunagengaken dening hawa/ udara

e)

Gagah lan pawantun

12.

Gatekna tugelan tembang macapat neng ngisor!


Durung punjul

Ing kawruh kaselak jujul

Kaseselen hawa

Cupet kapepetan pamrih


Tembung punjul duweni teges....

a)

Gedhe

b)

Pinter

c)

Luwih

d)

Terampil

e)

Ilmu

13.

Guru wilangan lan guru lagune tembang Sinom gatra kaping papat yaiku....

a)

10i

b)

7a

c)

12u

d)

8i

e)

9u

14.

Serat wedhatama nduweni teges....

a)

Piwulangan alam gaib

b)

Ajaran sing bener

c)

Piwulang kang kudu ditiru

d)

Ajaran kaseketen

e)

Piwulangan utama

15.

Ubarampe ing pagelaran wayang salah sijine ana kang diarani blencong. Dene blencong iku duweni teges....

a)

Piranti kanggo nanjebaken wayang

b)

Piranti kangge ngapit wayang kadamel saking sungu kebo

c)

Piranti baken kang kadamel saking lulang tinatah lan sinungging/ kagambar manut lakonipun

d)

Piranti kadamel saking suluh deles kapuk lenga klentik

e)

Piranti kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit/ cemeng