wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pranatacara

Total questions: 10

Worksheet time: 32mins

Name
Class
Date
1.

Wong sing nata lakuning acara ana ing upacara adat Jawa diarani ...........

a)

Pranatacara

b)

Cucuk Lampah

c)

Sinden

d)

Paniti swara

2.

Apa wae sing ana ing kerangka pranatacara?

(pilih luwih tekan siji)

a)

Purwaka/ Pambuka

b)

Isi

c)

Wisesa

d)

Wasana/ Panutup

3.

Ngisor iki sing ora termasuk ing "Purwaka" .........

a)

Atur pakurmatan marang tetamu

b)

Muji syukur marang Gusti kang Maha Agung

c)

Ngaturake sugeng kondur marang para tamu

d)

Ngaturake reroncening adicara

4.

Saderengipun mangga kula dherekaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat, kanugrahan ................


Teks pranatacara ing dhuwur kelebu ing bagan ....

a)

Purwaka/ Pambuka

b)

Isi

c)

Wasana/ Panutup

5.

Saderengipun acara kawiwitan, keparengan kula ngaturaken reroncening adicara ing siang punika:

1. Pambuka

2. NGlagokaken Lagu Kebangsaan "Indonesia Raya"

3. Laporan ketua panitia ...........

4. ...............

5. ...............

6. ...............

7. Panutup


Teks pranatacara ing dhuwur kelebu ing bagan ....

a)

Purwaka/ Pambuka

b)

Isi

c)

Wasana/ Panutup

6.

Adicara ingkang nomer sekawan yaiku sambutan Ketua RT .................


Teks pranatacara ing dhuwur kelebu ing bagan ....

a)

Purwaka/ Pambuka

b)

Isi

c)

Wasana/ Panutup

7.

Para rawuh sedaya, adicara ing dalu punika sedaya sampun kaleksan kanti lancar, kula minangka pranata adicara ngaturaken sugeng kondur mbok bilih wonten kalepatan kawula nyuwun pangapuntenipun ........................


Teks pranatacara ing dhuwur kelebu ing bagan ....

a)

Purwaka/ Pambuka

b)

Isi

c)

Wasana/ Panutup

8.

Ing ngisor iki sing ORA termasuk syarat dadi pranatacara yaiku ......

a)

Pangucap tembunge kudu diucap kanti bener lan ora bindheng

b)

Sering nyebul mikrofon lan akeh ngetes mikrofon

c)

Ora kakehan polah/ obah

d)

Nguwasani bab sing arep diomongke

9.

Yen disemak isine, teks ing dhuwur dilaksanakne ing kegiatan apa?

a)

HUT RI

b)

Perpisahan kelas 9

c)

Peringatan Maulid Nabi

d)

Nikahan

10.

Sing mbedakake teks pidato lan pranatacara yaiku teks PIDATO ora ana ..................

a)

Puji Syukur

b)

Sapa aruh

c)

Reroncening adicara

d)

Njaluk pangapura