NEW
Font size
WorksheetsQUIZIZZ 2 TEMBANG MACAPAT KLS 8
Total questions: 20
Worksheet time: 35mins
Reriptan utawa karangan kanthi mawa paugeran-paugeran tartamtu kang carane maca sarana ditembangake utawa dilagoake, diarani….
Tembang macapat
Tembang dolanan
Geguritan
Gancaran
Guru gatra yaiku….
Nilai-nilai kang kinandut jroning tembang
Tebaning swara ing pungkasaning baris
Cacahing larik/barik ing saben pada
Cacahing wanda ing saben baris
Guru Wilangan yaiku….
Tebaning swara ing pungkasaning baris
Nilai-nilai kang kinandut jroning tembang
Cacahing larik/baris ing saben pada
Cacahing wanda ing saben baris
Jinise tembang macapat iku ana….
8
9
10
11
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i , 7a
Guru wilangan lan guru lagu ing ndhuwur kelebu tembang macapat….
Dhandhanggula
Asmaradana
Pangkur
Sinom
Tembang macapat kang nduweni guru gatra 6 yaiku….
Maskumambang lan Pocung
Megatruh lan gambuh
Durma lan pangkur
Mijil lan kinanthi
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Wardining kang sasmita jinarwi,
wruhing kukum iki watekira,
adoh marang kanisthane,
pamicara puniku,
weh reseping sagung miyarsi,
tata krama puniku,
ngedhohken panyendhu,
kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kelakuwan becik,
weh rahayuning angga
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing nduwur yaiku….
11i, 10a, 8e, 7u, 7u, 8a, 12i, 7a
11i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7u, 6u, 8a, 11i, 7a
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7u, 6u, 8a, 12k, 7a
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7u, 6u, 8a, 12i, 7a
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Wardining kang sasmita jinarwi,
wruhing kukum iki watekira,
adoh marang kanisthane,
pamicara puniku,
weh reseping sagung miyarsi,
tata krama puniku,
ngedhohken panyendhu,
kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kelakuwan becik,
weh rahayuning angga
Guru gatrane tembang ing nduwur yaiku….
7
8
9
10
Tembang macapat asmaradana nduweni watak….
Luwes
Prihatin
Nelangsa
Asih asuh
Tembang macapat Pocung nduweni watak ........
Prihatin
Asih asuh
Sakepenake
Sereng banget
Watak luwes kang ana ing tembang dhandhanggula nduweni teges….
Medhar rasa pangrasa kang bisa isi pitutur, piwulang, tresna asih, asah, lan asuh
Pamedhare pitutur, piwulang, tresna asih kanthi tetembungan sing manis lan endah
Medhar rasa ora tegas, keras, lan menggebu-gebu
Pamedhare geguyon, nasehat, lan bebas
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Kadi denira Hyang arka,
Sumunar purnama sidhi,
Akarya padhanging jagad,
Sinawang ngelam-elami,
Pepasren wus pinasthi,
Jroning endah wanci dalu,
Nganggit ponang gurita,
Wahyaning sesanti wengi,
Ingkang geleng gumolong sajroning nala.
tembang ing ndhuwur dumadi saka …. gatra
7
8
9
10
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Gambuh
Sranane urip rukun,
Ana catur luwih becik mungkur,
Kang ginayuh tresna asih mring sesami,
Ora seneng urub-urub,
Apa maneh mring padudon.
Ngelmu utawa kawruh kang kinandhut yaiku….
Wigatine rasa welas asih marang sesama manungso
Wigatine rasa hormat marang wong
Wigatine urip makmur
Wigatine urip rukun
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Gambuh
Sranane urip rukun,
Ana catur luwih becik mungkur,
Kang ginayuh tresna asih mring sesami,
Ora seneng urub-urub,
Apa maneh mring padudon.
Nilai kautamaan kang ana ing tembang ndhuwur yaiku, kejaba.....
Marang sasepadha kudu urub-urub
Marang sapepadhane urip aja nganti padha padudon
Saranane urip rukun iku kudu tresna asih marang sapepadha
Yen ana catur (ana rembug kang ala) luwih becik mungkur/sumingkir
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Angger kowe pengin biji apik
Mula kowe pada akeh maca
Bar kuwe garap soale
Tapi aja kesusu
Gole nggarap ya sing teliti
Nek uwis ngelakokna
Aja lali sukur
Sukur maring Gusti Allah
Nek hasile jebulane urung apik
Kuwe kudu ditrima
Tembang ing nduwur kelebu tembang….
sinom
gambuh
dhandanggula
maskumambang
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Ukum ra ditegakna
Aja ngasih mbanjur
Tuturan lan tumindakan
Sing ra apik nular maring bocah cilik
Nggo generasi bangsa
Tembung kang kecetak kandel tegese….
Tingkah laku
Muring-muring
Keterampilan
Omongan
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Dhandhanggula
Sun tuturi kabeh putra putri
Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkira na tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
EstoKna tutur ika
Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru lagune yaiku...
i, a, a, u, i, a, u, a, u,a
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
i, a, e, u, i, a, u, i, i, a
i, a, a, u, i, a, u, i, i, a
Supaya bisa nglagokake tembang macapat kanthi apik lan kepenak dirungokake, nalika nembang kudu nggatekake .....
Nulis tembang, pedhotan lan titilarase
Tegese tembang, pedhotan lan titilarase
Watake tembang, pedhotan lan titilarase
Ngarang tembang, pedhotan lan titilarase
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Ukum ra ditegakna
Aja ngasih mbanjur
Tuturan lan tumindakan
Sing ra apik nular maring bocah cilik
Nggo generasi bangsa
guru lagune tembang ing ndhuwur yaiku....
a, u, a, i, a
a, i, u, a, a
a, u, n, i, a
a, u, a, i, i
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Ukum ra ditegakna
Aja ngasih mbanjur
Tuturan lan tumindakan
Sing ra apik nular maring bocah cilik
Nggo generasi bangsa
tembang ing ndhuwur kedadean saka….gatra
4
5
6
7
