wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 4

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kalebu jinis crita rakyat, kajaba ....

a)

legendha

b)

fabel

c)

mitos

d)

narasi

2.

Titikane crita rakyat, yaiku ....

a)

khayal

b)

mesti bener

c)

nyata

d)

ilmiah

3.

Crita kang ana gayutane karo dumadine sawijining panggonan, diarani ....

a)

sage

b)

legendha

c)

mitos

d)

fabel

4.

Crita "Roro Jongrang" kalebu jinise crita ....

a)

sage

b)

fabel

c)

legendha

d)

mite

5.

Crita rakyat sing asale saka wewengkon Jawa, yaiku ....

a)

Kebo Iwa

b)

Malin Kundang

c)

Jaka Tingkir

d)

Pulo Samosir

6.

Ing ngisor iki kang ora kalebu unggah-ungguh basa Jawa, yaiku ....

a)

ngoko lugu

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

lugu alus

7.

Arya .... maju lomba maca pidhato dening Bu Guru.

a)

dikongkon

b)

diaturi

c)

didhawuhi

d)

ditimbali

8.

Bu bidhan (priksa) pasien ing klinike.

Tembung ana ing njero kurung kuwi kang bener,yaiku ...

a)

dipriksani

b)

dipriksa

c)

mriksakake

d)

mriksa

9.

Nalika aku teka ing omah, bapak lan ibu wis ....

a)

tekan

b)

dugi

c)

rawuh

d)

dumugi

10.

Jam sanga bengi biasane aku wis turu, bapak karo ibu durung ....

a)

sare

b)

mangan

c)

tilem

d)

turu

11.

Ukara mawa basa krama ing ngisor iki kang bener, yaiku ....

a)

Marni ditawani bandeng

b)

Aku mangan sega

c)

Eyang sare wonten ing amben

d)

Kowe lagi maem apa?

12.

Ing ngisor iki kang ora kalebu tembung kriya,yaiku ....

a)

mangan

b)

tuku

c)

medhit

d)

lungguh

13.

Dika : "Kowe apa wis nggarap PR, Bud?"

Budi : "Durung i, ayo mangan dhisik neng kantin!"

Dika : "Ayo ta"

Tembung saka pacelathon ing dhuwur kn nuduhake tembung sesulih, yaiku ....

a)

Dika

b)

Budi

c)

Kowe

d)

Aku

14.

Ketitik - ala - becik- ketara


Tembung-tembung ing dhuwur yen didadekake ukara dadi ....

a)

Ala becik ketara ketitik.

b)

Becik Ala ketitik ketara.

c)

Becik ketitik ala ketara.

d)

Becik ketara ala ketitik.

15.

Rento dadi kembang lambe ing desane.

Tembung kembang lambe ana ing ukara kasebut tegese ....

a)

bahan omongan

b)

merine

c)

wangi

d)

pilihan