WorksheetsB.JAWA LAT UL PIWULANG 5
Total questions: 20
Worksheet time: 14mins
Mangga kula lan panjenenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged kempal ing pahargyan PEPISAHAN SISWA KELAS VI tamatan warsa 2015/2016 ing dinten Kemis Wage 9 Juni 2015 ing SD Pamardi Putri kanthi widada nir ing sambekala.
Nitik saka ukarane, pethikan ing dhuwur klebu perangan ... sesorah.
salam
pambuka
isi
panutup
Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….
menehi informasi
menehi piwulang
menehi hiburan
acara perpisahan
Tembung "warsa" tegese ....
taun
sasi
minggu
dina
Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.
Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….
wasana basa/panutup
salam pambuka
surasa basa/isi
purwaka basa
Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….
Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika
Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah
Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten
Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah
Tembung pakurmatan sesorah kang ditindaake ana ngarep kanca sekelas yaiku….
kanca-kanca ingkang kinurmatan
kanca-kanca ingkang wilujeng
para kanca sedoyo mawon
kanca-kanca kang dak tresnani
Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….
tunuju ing pamireng diselingi ing teks
mandhuwur karo maca teks
mangisor karo maca teks
jlalatan tanpa maca teks
Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Pidhato kuwi diwacaaken ing acara perpisahan kanggo ….
siswa kelas VI kang lulus sekolah
guru lan adhik-adhik kelas 1 - 5
kanca kang pindah sekolah
guru kang pindah sekolah
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….
bapak/ibu kepala sekolah
perwakilan siswa kelas VI
adhik-adhik kelas
guru kelas VI
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Ukara iku ing pidhato kalebu….
Pangarep-arep
Purwaka
Surasa basa
Salam pembuka
Basa sing digunakake kanggo pidato perpisahan kelas 6 yaiku basa ....
krama
ngoko
ngapak
daerah
Gatekna urutan iki !
1) panutup
2) pambuka
3) salam pambuka
4) salam panutup
5) surasa
6) atur pakurmatan
Urutan cengkorongane sesorah yaiku ....
1, 6, 5, 3, 4, 2
2, 4, 1, 5, 3, 6
3, 6, 2, 5, 1, 4
4, 5, 1, 3, 2, 6
Sawise Kemis Wage, esuke banjur ...
Jemuwah Legi
Jemuwah Pahing
Jemuwah Kliwon
Jemuwah Wage
Tembung "pinaringan" padha tegese karo ....
diwenehake
diwenehi
menehake
menehi
" Pinanggih kanthi widada nir ing sambekala." Widada tegese ....
urip
becik
seneng
slamet
Sesorah atur pambagya patrape tangan yaiku ....
sedhakep
malangkrek
ngapurancang
mbanda tangan
Sesorah sawise ngucap salam banjur ...
atur syukur
atur pakurmatan
atur panuwun
atur pangapura
Sesorah ing pahargyan pepisahan sing pokok diaturake yaiku ....
hafiah
pamitan
tinggalan
wejangan
ana dina ana upa
mingkar-mingkuring angkara
ana alangan mungkura
ana catur mungkur
Kupat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun ....
karepan
ngapunten
ngapura
berkatipun
