Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 5 BASA JAWA KELAS 5

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Teks kang ditulis kanthi tujuan ngandharake samubarang, jlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami diarani teks ….

a)

eksposisi

b)

argumentasi

c)

narasi

d)

deskripsi

2.

Tujuane wong nulis teks dheskripsi yaiku ….

a)

ora nduweni tujuan kang cetha

b)

pamaca ora ngrasakakae, ora nyawang, lan ora ngalami dhewe

c)

ngandharake samubarang, njlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami dhewe.

d)

nuduhake wujud, warna kang ora cetha

3.

Titikane teks deskripsi, kajaba ….

a)

ora nggambarake samubarang kanthi cetha.

b)

njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya.

c)

pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane.

d)

njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda, lan kahanan liyane.

4.

Teks dheskripsi: njlentrehake samubarang kaya pakartine panca ndriya, tegese yaiku….

a)

pamaca kaya-kaya ora ngrasakake, ora nyawang, lan ora ngrungokake

b)

njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud kang ora cetha

c)

ora njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya

d)

pamaca kaya-kaya ngrasakake,nyawang,ngrungokake,lan ngalami dhewe kedadeane

5.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo.


Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

sawah ing desaku ana ula

b)

tandurane ijo

c)

sawah ing desaku isih jembar

d)

ana kedhokan ing sawah

6.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

Ambane watara telung meteran

b)

Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar

c)

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik

d)

Ora ana uwuh kang kumambang

7.

Isih durung bisa daklalekake, sesawangan kang endah ing sadawane Pesisir Parangtritis. Ombake gedhe-gedhe kaya uber-uberan. Banyune bening. Saambane panyawang mung ana wedhi rupane putih. Ora ana kayu, wit-witan, apa dene watu kang ngalang-alangi panyawang. Saka kadohan katon gumuk-gumuk cilik. Sikilku krasa anyep amarga kesempyok iline banyu segara. Nalika banyune nyiprat nganti lambeku, rasane krasa asin.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

ombake gedhe-gedhe kaya uber-uberan

b)

ora ana kayu, wit-witan, apa dene watu

c)

sikilku krasa anyep amarga kesempyok iline banyu segara

d)

sesawangan kang endah ing sadawane Pesisir Parangtritis

8.

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake. Kinupengan tetanduran maneka werna sing padha lagi mekar kembange. Jerune sakmeter seprapat. Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok. Blumbang ing mburi omah dianggo ngingu iwak grameh. Kajaba ngiras kanggo pakan grameh, godhong enceng gondhok kang ijo-ijo royo-royo kena kanggo ngiyup iwak. Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe. Amarga saka kamurahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, asile uga kena dijagakake.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake

b)

Kinupengan tetanduran maneka werna

c)

Jerune sakmeter seprapat

d)

Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok

9.

Sakupenge Gunung Bromo ana sesawangan kabut, manuk-manuk, lan.... kang ijo royo-royo.

a)

thethukulan

b)

banyu

c)

srengenge

d)

Lintang

10.

Saben esuk saka pucuke Gunung Bromo .... kumebul sundhul akasa.

a)

iwak

b)

beluk

c)

wit-witan

d)

srengenge

11.

Kawasan Gunung Bromo hawane....

a)

sumuk

b)

lara

c)

adhem

d)

athos

12.

Ing sadawane dalan perenge Gunung Bromo katon .... kaya gelaran.

a)

angin

b)

lintang

c)

tetani

d)

savana

13.

Para wisatawan ngubengi laladan Gunung Bromo ana sing numpak motor tril lan....

a)

jaran

b)

wedhus

c)

lembu

d)

unta

14.

Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan. Ukara kasebut diarani teks ….

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

15.

Njlentrehake saweneh kedadean manut urutan wektune. Ukara kasebut diarani teks ….

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

16.

Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti-bukti kang kuwat, nganti kang maca melu mbenerake lan yakin marang bab kasebut. Ukara kasebut diarani teks ….

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

17.

Njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.

Ukara kasebut diarani teks ….

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

18.

Omahku cilik, cekli tur....

a)

resik

b)

angon

c)

kembang

d)

lesu

19.

Kulawargaku batihe papat mula diarani .... warga

a)

eka

b)

catur

c)

panca

d)

dwi

20.

Ing latar ngarep omahku ana tandurane pelem, jambu, .... lan....

a)

iwak lan salak

b)

petelan kangkung

c)

jeruk lan rambutan

d)

degan lan jaranan

21.

Kembang ing tritis teras omahku gandane....

a)

bacin banget

b)

ora mambu

c)

wit-witan

d)

amrik angambar

22.

Warga desaku padha nenandur woh-wohan, kekembangan, lan....

a)

toga

b)

banyu resik

c)

wedhi ireng

d)

ijo royo-royo

23.

Saben liwat, tanduran sinawang ijo ....

a)

memplak

b)

royo-royo

c)

mbranang

d)

gadhing

24.

Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ....

a)

panggonan uwuh

b)

kali

c)

ngarep omah

d)

pasar

25.

Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese ....

a)

sekolah

b)

liburan

c)

dolan

d)

rekreasi