Font size
WorksheetsPenilaian Harian 1 Tembang Gambuh
Total questions: 25
Worksheet time: 19mins
Teks tembang gambuh
Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon
tembang ing dhuwur duweni paugeran...........
12u – 8i – 8u – 8i – 8o
7u – 10u – 12i – 8u – 8o
7u - 10a - 12i - 8a - 8o
7u - 10u - 12i - 8o - 8u
12a - 8i - 8i - 8u - 8a
Tembang gambuh ing duweni watak ? ...
asih
wantah
grapyak semanak
prihatin
nelangsa
Kang diarani guru gatra yaiku...
cacahing wanda ing saben sakgatra
cacahing gatra ing saben sakgatra
tibaning swara ing pungkasaning gatra
cacahing gatra saben sakapada
cacahing gatra saben sakpupuh
Pretelan ing ngisor iki kang mujudake ciri - cirine tembang gambuh yaiku......
dumadi saka 6 gatra
guru lagune i, o, e, i, i, u
guru wilangane lan guru lagune kang pungkasan yaiku 8o
guru wilannganne 8, 8, 8, 8, 8, 8
cocok kanggo medharake piwulang kang ngandhut asmara
Serat wedhatama pupuh gambuh isi piwulang babagan ....
njaga karukunan
tresna ibu pertiwi
hakekat ngelmu sejati
netepi kuwajiban satriya
ngurmati lan ngregani wong liya, utamane marang wong sing luwih tuwa.
Sing dikarepake gancarake tembang yaiku....
nggoleki isine tembang
ngowahi prosa dadi tembang
negesi tembung - tembung kang ana ing tembang
ngowahi tembang sing kaiket paugeran dadi prosa
ngrakit ukara kanthi tembung - tembung kanng endah
samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning manon
pranyatan kang jumbuh karo rerepen kasebut yaiku.......
sembah rasa manggone ing sikil
sembah papat kang kudu diugemi
rasa jiwa tangeh lamun bisa ketemu
nganti mengko sembah ora bakal luntur
wangsulan A, B, C, D bener
Ing ngisor iki kang dadi titikane tembang macapat yaiku...
nggunakake basa kang lugu
nggunakake basa jawa kuna
kalebu karangan gancaran
basane cekak aos ora ngayawara
penulisane nggunakake paugeran kang gumathok
Nembang macapat iku supaya penak dirungokake prayogane ngepasake titilaras. Sing dikarepake titilaras yaiku....
rasaning swara thinthingane gamelan
ukuran rindhik - rikating panabuhanne gamelan
endhek dhuwure swara kanggo lelagoning gendhing
tetembungan utawa unen - unen kang kanggo ana ing gamelan
angka - angka kang minangka lelirune/gegantine wilahan gamelan kang uga nggambarake swaraning siji - sijine wilahan gamelan
Sekar gambuh ping catur. Tembung kang pungkasan iku tegese...
papat
lima
enem
pitu
siji
Guru wilangan lan guru lagune gatra pungkasan tembang gambuh, yaiku...
7 u
10 u
8 u
8 o
8 a
"Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur."
Tembung Sekar saka pethilan tembang Gambuh kasebut tegese....
kumbang
nembang
tembang
kembang
tembung
gambar ing dhuwur, yaiku ...
Pakubawana IV
Hamengkubuwana VI
KGPAA Mangkunega VI
Pakubuwana IX
KGPAA Mangkunegara IV
Kudu bisa nindakake prentah agama kang kasad mata diarani sembah ...
manah
jiwa
cipta
rasa
raga
sembah kanthi ngresiki bantin kanthi eling lan waspada, yaiku ...
sembah suksma
sembah raga
sembah rasa
sembah jiwa
sembah cipta
Tembang macapat duweni teges?...
Maca cepet
Maca papat papat
Tembung
Lagu
Ukara
Tegese tembung "wedha" , yaiku ....
Piweling
Piwulang/ajaran
Utama
Sinau
Pangerten
Tembang kang mlebet Serat Wedhatama inggih ngisor, kejaba ....
Pocung
Pangkur
Sinom
Gambuh
megatruh
Etika / unggah ungguh yen sampeyan arep WhatsApp /SMS marang bapak/ ibu guru sing bener yaiku ..
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun pangapunten menawi ganggu wektune , ngaturaken maksud/tujuwane,ngginakake basa kang sae, nggatekake wektu , salam lan ngucapake maturnuwun
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun pangapunten menawi ganggu wektune, ngaturaken maksud/tujuwane,ngginakake basa kang sae, nggatekake wektu , salam lan ngucapake maturnuwun
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun pangapunten menawi ganggu wekdal e, ngaturaken maksud/tujuwane,ngginakake basa kang sae,, salam lan ngucapake maturnuwun
Salam lan sapa, nepangaken identitas, nyuwun pangapunten menawi ganggu wekdal e, ngaturaken maksud/tujuwane,ngginakake basa kang sae, ngatekake wekdal e, salam
Salam lan sapa, nepangaken identitas,, ngaturaken maksud/tujuwane,ngginakake basa kang sae, ngatekake wekdal e, salam lan ngucapake maturnuwun
Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....
griyanipun - omah - daleme
griyane - griya - omahipun
dalemipun - griya - griyane
dalemipun - omah - griyane
griyanipun - omah - omahe
Gambar ing ndhuwur jenenge...
Kethuk
Kempyang
Kenong
Kempul
Bonang
Supados dados tiyang ingkang utami kita kedah kejaba ?? ...
sregep
ngolah landhepipun ati
siyang ndalu niat usaha
ngicalaken nafsu ati
ngasah ati wayah ndalu
Tembung kang wis owah saka asale, kang kedadeyan saka tembung lingga kang entuk imbuhan yaiku...
tembung dwilingga
tembung rangkep
tembung garba
tembung lingga
tembung andhahan
Ing ngisor iki kang klebu tembung lingga yaiku, kajaba...
caping
turu
adus
dolan
mlaku
Ing ngisor iki kang klebu purwakanthi guru swara yaiku ....
desa mawa cara negara mawa tata
tata tertib tartamtu tentrem
sing weweh bakal wuwuh
katula-tula ketali
kepingin tuku buku, buku wis entek
