wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sandhiwara

Total questions: 20

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Seni pertunjukan kaperang dadi loro yaiku...

a)

Seni pertunjukan tradhisional lan modern

b)

Seni pertunjukan komedi lan serius

c)

Seni pertunjukan panggung lan non panggung

d)

Seni pertunjukan asli lan non asli

e)

Seni pertunjukan tradhisional lan klasik

2.

tuladha seni pertunjukan tradhisional, kajaba

a)

opera

b)

ludrug

c)

ketoprak

d)

wayang kulit

e)

sandhur

3.

wujude seni pertunjukan bisa arupa ing ngisor iki, kajaba

a)

seni musik

b)

seni swara

c)

seni tari

d)

seni drama

e)

seni nembang

4.

Seni pertunjukan bisa agawe pamirsa seneng lan bisa aweh panggulawenthah enggal mujudake fungsi seni pertunjukan minangka

a)

ritual

b)

media komunikasi

c)

kritik sosial

d)

lelipur

e)

media politik

5.

bedane seni pertunjukan kethoprak lan lodrug

a)

saka segi panggunge

b)

Kethoprak nyritakake jaman biyen, lodrug jaman saiki

c)

Paragane luwih akeh ludrug

d)

Lodrug luwih dawa critane tinimbang kethoprak

e)

Rega tikete luwih larang kethoprak

6.

Geneya crita sajrone kesenian sandhur babagan olah tetanen

a)

Jalaran olah tetanen gampang dipragakake

b)

Jalaran sandhur tuwuh ing satengahe masyarakat agraris

c)

Sandhur namung diminati dening masyarakat padesan

d)

Masyarakat desa kang sugih

e)

Pangarsa sandhur wong tani

7.

Para dhagelan ludrug lumrahe miwiti lawak kanthi

a)

lagu dolanan

b)

tembang macapat

c)

tembang campursari

d)

langgam

e)

ngidung jula-juli

8.

Ludrug bisa digayutake saka perjuwangan bangsa Indonesia, jalaran

a)

Ora bisa ditlesih wektu laire lan sapa sing ngripta

b)

Ludrug minangka sarana propagandha nglawan penjajah

c)

Akeh wong kang seneng

d)

Para paraga ludrug lanang kabeh

e)

Saithik sing seneng nyengkuyung

9.

Andharan ing ngisor ana gegayutane karo ludrug, kejaba...

a)

Ludrug mujudaken kesenian tradisional Jawi Wetan

b)

Tari remo nggambaraken siaganipun para pahlawan nglawan penjajah

c)

Caritanipun nggambaraken panandhanging kawula alit

d)

Caritanipun mligi kapendet saking babon babad tanah Jawi

e)

Basa kang digunakake campuran.

10.

Pagupon omahe dara,

Melu Nipon tambah sengsara.


Unen-unen ing ndhuwur kalebu ….

a)

parikan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

e)

tembang

11.

Kethoprak humor diarani ninggalake pakem, jalaran

a)

nayagane ora dibayar

b)

nayagane akeh sing artis

c)

nayagane ora kalebu profesional

d)

ora nganggo basa, gamelan, lan tata krama kang lumrah

e)

nggawe lagon kang mantep

12.

tari pambuka ing pagelaran ludrug

a)

tari remo

b)

tari srimpi

c)

tari merak

d)

tari gambyong

e)

tari Banyuwangi

13.

Supaya anggone ngonversi ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki kudu ditindakake, kajaba..

a)

Pahami tema utawa idhe pokok cerkak kang arep dikonversi

b)

Bagenen cerkak miturut urutan wektu lan papan kedadean, banjur owahi dadi babak/adegan

c)

Owahana janturan pasulayan/konflik antarane para tokoh dadi antawacana

d)

Rancangen pituduh pocapan (kramagung) kang ngandharake tatacarane maca (alus/kasar, seru/lirih, cepet/alon), unsur musik, lan tirunan swara.

e)

Owahana janturan pasulayan/konflik antarane pangripta dadi antawacana

14.

Supaya asil prodhuksi sandhiwara radhio bisa nduweni kuwalitas sing apik, babagan ing ngisor iki kudu oleh kawigaten kang mirunggan.

kajaba..

a)

teks naskah

b)

paraga

c)

ilustrasi musik

d)

narator

e)

busana

15.

Sawise rekaman rampung, teknisi kanthi titi lan titis dituntun sutradhara ndandani asil rekaman. Sajrone proses editing, teknisi bisa ngurangi, ngilangi, utawa ngimbuhi perangan-perangan kang kaanggep kurang trep

a)

teks naskah

b)

proses editing

c)

paraga

d)

ilustrasi musik

e)

narator

16.

Golek lan ngumpulake gagasan, teks/naskah, lan paraga (sutradara, pemain, lan teknisi)

a)

tataran pra prodhuksi

b)

tataran prodhuksi

c)

tataran pasca prodhuksi

d)

editing

e)

alih wahana

17.

a)

Ketoprak

b)

Ludrug

c)

Opera

d)

Pantomim

e)

wayang wong

18.

a)

Ludrug

b)

Ketoprak

c)

Pantomim

d)

Tablo

e)

Wayang wong

19.

a)

Wayang wong

b)

Ludrug

c)

Ketoprak

d)

Opera

e)

Pantomim

20.

a)

Opera

b)

Tablo

c)

Pantomim

d)

Sulap

e)

Tari