wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa Kelas 3 wulangan 5.2

Total questions: 20

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Tembung meja, kursi, lan buku iku kalebu jinise tembung.....

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Katrangan

2.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung kriya yaiku....

a)

Ayu, pinter, sabar

b)

Tas, buku, sepatu

c)

Maca, nulis, mangan

d)

Dolan,sepeda,petlot

3.

Paijo ngumbah sepeda ing latar.

Jejere ukara ing dhuwur yaiku....

a)

Paijo

b)

Ngumbah

c)

Sepeda

4.

Nyapu, nuthuk, nyiram kalebu tembung

a)

aran

b)

kriya

c)

wilangan

5.

Tembung sing mretelake cacah diarani tembung ...

a)

aran

b)

kahanan

c)

wilangan

6.

Sing kalebu tuladhane tembung kahanan yaiku ...

a)

sabar

b)

saka

c)

siji, loro

7.

sithik, akeh, siji, loro kalebu tembung ...

a)

wilangan

b)

aran

c)

kahanan

8.

Tembung sing mratelakake sifat samubarang diarani tembung...

a)

aran

b)

wilangan

c)

kahanan

9.

Jinis tembung iku ana pira?

a)

1

b)

5

c)

10

10.

Tembung kang dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang diarani?

a)

Sesulih

b)

Aran

c)

Kriya

11.

Gatekna ukara iki


Gunung Bromo dadi papan wisata kang nyenengake ………… duweni sesawangan kang ora tinemu ing panggonan liya.


Tembung panggandheng kang cocok kanggo nggandheng ukara loro iku yaiku

a)

Yen

b)

lan

c)

amarga

12.

Gatekna ukara iki


Ing kono uga ana acara taunan sing rame banget, yaiku selancar.


Tembung sing digarisi kalebu tembung?

a)

Kahanan

b)

Katrangan

c)

Kriya

13.

Akeh papan sing bisa dinggo seneng-seneng.

Tembung sing digarisi kalebu tembung apa?

a)

Wilangan

b)

panggandheng

c)

katrangan

14.

Mengko sore ana tanding bal-balan ing lapangan desa.

Ukara ing dhuwur kalebu ukara....

a)

Carita

b)

Pakon

c)

Pitakon

15.

Kepriye kahanane simbah ?

Ukara iki jinise ukara ....

a)

carita

b)

pakon

c)

pitakon

16.

Ukara sing klebu ukara pakon yaiku ....

a)

Glenn ngeterake adhike saben sore.

b)

Geneya Kenno ora melu zoom?

c)

Dyson, ibu tukokne endhog !

17.

Ukara sing diarani ukara carita yaiku ...

a)

Sampeyan badhe tindak pundi?

b)

Mbak Clarel nganggo klambi ijo.

c)

Muga-muga biji ulanganku apik-apik.

18.

Kay tuku duren pitu.

Tembung pitu klebu dhapukane ukara sing kagolong ...

a)

katrangan wektu

b)

katrangan panggonan

c)

katrangan cacah

19.

Sesuk esuk Dame lunga menyang Jakarta.

Ukara ing dhuwur yen diudhal nduweni pola ....

a)

J - W - L - K

b)

K cacah - J - L - W

c)

K wektu - J - W - L

20.

Bunga dolanan golekan ing teras omah.

Ukara ing dhuwur yen diudhal nduweni pola ....

a)

J - L - W - K wektu

b)

J - W - L - K panggonan

c)

W - L - J - K cacah