Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 5 BASA JAWA KELAS 4 (SEM 2)

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku ….

a)

tembang campursari

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang lagam

2.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo ….

a)

ilmu pengetahuan

b)

olahraga

c)

ketrampilan

d)

budi pakerti

3.

Salah siji cirine tembang dolanan yaiku ….

a)

ukarane cekak lan prasaja

b)

ukarane endah lan angel

c)

ukarane dawa-dawa

d)

cengkok utawa lagune angel

4.

Ing ngisor iki kalebu titikane (ciri-ciri) tembang dolanan, kajaba .…

a)

basanae prasaja

b)

kawarisake kanthi cara turun-temurun

c)

ora kaiket dening paugeran (guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra)

d)

ngandhut pitutur utawa pesen-pesen moral tumrap wong diwasa

5.

Nggancarake tembang tegese ngandharake maneh isine tembang kanthi cara ngowahi wujude dadi tulisan .…

a)

geguritan

b)

gancaran (prosa)

c)

prosa

d)

cangkriman

6.

Tujuan nggancarake tembang dolanan yaiku .…

a)

supaya luwih gampang anggone nglagoake tembang

b)

supaya luwih gampang anggone mangerteni isine tembang

c)

supaya luwih gampang anggone maca titi larase tembang

d)

supaya luwih gampang anggone maca cakepane tembang

7.

Ing ngisor iki kalebu cara-cara kang ditindakake kanggo nggancarake tembang dolanan, kajaba .…

a)

negesi tembung-tembung kang angel ing teks tembang dolanan

b)

maca bola-bali teks tembang dolanan nganti bisa mahami maknane

c)

ngudhari maknane ing saben gatra (larik)

d)

nulis maneh isine ora awujud gancaran

8.

Ing ngisor iki nilai-nilai luhur (positif) kang kinandhut ing dolanan Jamuran, kajaba ing babagan .…

a)

tanggung jawab

b)

nglestarikake tradhisi

c)

kekendelan (percaya diri)

d)

seneng dolanan lan ora gelem sinau

9.

Tembang dolanan iku ora kaiket paugeran (aturan) ing ngisor iki, kajaba .…

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru basa

10.

Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane tembang dolanan yaiku .…

a)

gundhul-gundhul pacul

b)

cublak-cublak suweng

c)

menthog-menthog

d)

pocung

11.

Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, yaiku.…

a)

ilir-ilir

b)

mlayu banter

c)

korek geni

d)

adol pari

12.

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Tembang ing ndhuwur judule ….

a)

para tani

b)

lumbung desa

c)

swara lesung

d)

nutu pari

13.

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Tembang ing ndhuwur dumadi saka .... baris.

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

14.

Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang “Lumbung Desa” ing dhuwur yaiku…

a)

mesin selep

b)

mesin giling

c)

lesung lan alu

d)

lumpang watu

15.

”Yen wus mateng nuli madhang”, tembung madhang basa krama aluse….

a)

mangan

b)

nedha

c)

nedhi

d)

dhahar

16.

Inti saka isine tembang “Lumbung Desa” ing dhuwur yaiku yen kepingin keturutan karepe yaiku mangan ….

a)

kudu nyambut gawe

b)

njaluk wong wae

c)

njagane wong tuwa

d)

tuku ing warung

17.

Nilai budi pekerti saka tembang “Lumbung Desa” ing dhuwur sing bisa dijupuk yaiku…

a)

hemat

b)

percaya diri

c)

tamak

d)

kurmat kinurmatan

18.

Kodhok Ngorek

Kodhok ngorek kodhok ngorek, ngorek pinggir kali

theyot theblung theyot theblung, theyot theyot theblung

Bocah nakal bocah nakal njaluk dijamoni

Jamu apa jamu apa jamu temulawak

Jangkrik ngerik jangkrik ngerik, ngerik neng suketan

Kigkig kriyig kigkig kriyig kigkig kigkig kriyig

Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dhokter

Numpak apa numpak apa numpak helikopter

Manut teks tembang dolanan ing dhuwur kodhoke ngorek ing .…

a)

blumbang

b)

pinggir kali

c)

sawah

d)

pinggir blumbang

19.

Manut teks tembang dolanan “Kodhok Ngorek” ing dhuwur ngoreke kodhok unine .…

a)

theyot theblung

b)

thet thet thiyet

c)

kigkig kriyig

d)

gogok petok

20.

Bocah sing nakal njaluk dikapakake ….

a)

dijewer

b)

dijiwet

c)

dijamoni

d)

dicethot

21.

Jamune bocah sing nakal yaiku .…

a)

beras kencur

b)

temulawak

c)

temugiring

d)

brotowali

22.

Manut teks tembang dolanan“Kodhok Ngorek” ing dhuwur jangkrike ngerik ana ing .…

a)

njero lemah

b)

grumbulan

c)

pategalan

d)

suketan

23.

Kepriye unine ngerike jangkrik?

a)

theyot theblung

b)

meong meong

c)

kigkig kriyig

d)

citcit cuit

24.

Manut teks tembang dolanan “Kodhok Ngorek” ing dhuwur bocah pinter besok gedhe dadi … lan numpak .…

a)

insinyur, motor mabur

b)

insinyur, helikopter

c)

dhokter, helikopter

d)

dhokter, sekuter

25.

Pitutur (nasihat) saka tembang “Kodhok Ngorek” ing dhuwur yaiku .…

a)

bocah nakal njaluke dijamoni

b)

bocah nakal lumrahe pinter

c)

bocah meneng lumrahe bodho

d)

bocah pinter besok uripe bakal kepenak