NEW
Font size
WorksheetsPidato basa Jawa
Total questions: 15
Worksheet time: 15mins
Carane omong ing sangarepe wong akeh kanggo ngandarake gagasan utawa ngandharake sawenehe bab diarani...
Sesorah/pidato
Omong-omong
Rerembukan
Rapat penting
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi loro, yaiku...
Pidato resmi lan pidato setengah resmi
Pidato ora resmi lan pidato lengkap
Pidato resmi lan pidato ora resmi
Pidato kenegaraan lan pidato manten
Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki:
1. Digunakake ing kahanan resmi
2. Intonasi datar
3. Ukarane ukara jangkep
4. Migunakake tembung baku
Miturut ciri-cirine, basa iku kanggo pidato...
resmi
setengah resmi
ora resmi
kenegaraan
Pidhato manten lan pidhato ing Karang Taruna iku kagolong jenise pidato...
Resmi
ora resmi
kekeluargaan
perkumpulan
Ing ngisor iki sing klebu jenise pidato resmi yaiku...
Pidato kenegaraan
pidato karang taruna
pidato mantenan
pidato pembukaan toko
Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki:
a. digunaake ing kahanan resmi
b. intonasi swara munggah mudhun
c. ukarane ukara jangkep
d. tembunge ora baku
sing kalebu cirine basa pidato ora resmi yaiku...
a lan b
b lan c
a lan c
b lan d
Struktur teks pidato sing bener yaiku...
pembukaan-isi-penutup
pembukaan-unen-unen-penutup
Penutup-pembuka-isi
isi-pembuka-penutup
Perangan teks pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur diarani...
isi pidato
pembuka pidato
penutup pidato
pembuka lan penutup pidato
Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan, diarani...
Pembuka pidato
isi pidato
penutup pidato
acara pidato
Perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, diarani...
pambuka pidato
isi pidato
penutup pidato
kerangka pidato
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karahayon.
Perangan pidato ing ndhuwur kuwi diarani...
pambuka pidato
isi pidato
kerangka pidato
penutup pidato
Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged paring panjurung mugimugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakake wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi kulawarga.
isi pidato ing ndhuwur yaiku...
ngajak Bapak ibu guru lan kepala sekolah nindakake wirausaha
Njelasake wira usaha sing dilakoni kanti ajeg
Penjelasan bab tata cara wira usaha sing bener
Ngajak Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa supaya nduweni krenteg nindakake wira usaha
Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Wasana ... menawi wonten lepatipun atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Ukara sing bener kanggo njangkepi penutup pidato kuwi...
kula nyuwun dunga dumateng panjenengan
Kula badhe ngaturaken bab wira usaha ingkang sampun kula lampahi
kula nyuwun agunging pangaksami dumateng panjenengan
cekap semanten atur kula
Ing ngisor iki sing diarani ukara jangkep yaiku...
monggo!
Pinarak,Bu!
Sinten?
Para sederek ingkang minulya
Ukara ing ngisor iki sing diarani ukara ora jangkep yaiku...
Wah, apik tenan sepatu iki!
Bapak saha ibu tindhak peken
Kula badhe wangsul
Tutupen!
