wayground logo

Lembar Kerja Gratis yang Dapat Dicetak

Ukuran huruf

S
M
L
XL
Lembar kerja

QUIZIZZ 3 DRAMA MODERN 9

Total soal: 15

Worksheet time: 1hrs 15mins

Nama
Kelas
Tanggal
1.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

1. Sumber ceritane bebas

2. Ceritane bisa dipukake saka buku-buku babad, roman, dongeng, cerita rakyat

3. Bisa nyeritakake cerita penguripan jaman saiki


Ukara-ukara ing nduwur kuwi kelebu ciri-cirine….

a)

Drama tradisional

b)

Drama modern

c)

Cerita rakyat

d)

Cerita cekak

2.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!

Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.

Latar jroning pethilan cerita ing nduwur yaiku ing….

a)

Panggonan sampah

b)

Omahe Ria

c)

Embong

d)

Taman

3.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!

Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.


Yen didelok saka cerita ing nduwur, awak dhewe yen weruh wong sing ngorak-ngarik sampah kudune….

a)

Nutupi irung supaya ora ambu bangere sampah

b)

Ngurmati yen kuwi kelebu pekerjaane wong

c)

Mlayu saben lewat panggonane sampah

d)

Ora lewat dalan sing ana sampahe

4.

Gatekna pethilan dhialog ing ngisor iki!

Sinta : rasane aku kudu muntah…..!

Tari : geneya kok kudu muntah, kuwi rak sampah-sampah saka omahe dhewe ta??

Fenti : nanging awake dhewe rak arep liwat, geneyo wong iku ora gelem mandheg dhisik olehe njupuki sampahe? Ambune ora karu-karuwan!

Ria : lek ngono, ayo saiki mlayu wae supaya ora mambu!


Ukara sing diomongne Ria kelebu ukara….

a)

Pakon

b)

Pitakon

c)

Pawarta

d)

Sananta

5.

Gatekna pethilan dhialog ing ngisor iki!

Sinta : rasane aku kudu muntah…..!

Tari : geneya kok kudu muntah, kuwi rak sampah-sampah saka omahe dhewe ta??

Fenti : nanging awake dhewe rak arep liwat, geneyo wong iku ora gelem mandheg dhisik olehe njupuki sampahe? Ambune ora karu-karuwan!

Ria : lek ngono, ayo saiki mlayu wae supaya ora mambu!

Ukara sing diomongne Tari kelebu ukara….

a)

Pakon

b)

Pitakon

c)

Pawarta

d)

Sananta

6.

Istilah liyane drama yaiku….

a)

Wayang wong

b)

Sandhiwara

c)

Ludruk

d)

Lakon

7.

Drama kang dijupuk saka bab keagamaan kang isine cerita-cerita saka Alkitab diarani drama….

a)

Waca

b)

Rakyat

c)

Misteri

d)

Moralis

8.

Drama kang mujudake alur sing sebenere luwih mathuk kaggo drama sedhih, nanginng pungkasane malah ndadekake bagya diarani drama….

a)

Ria

b)

Waca

c)

Misteri

d)

Dukaria

9.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

Dikandhanana saben dina ya ora owah tumindake”


Tembung kang kecetak kandel ing nduwur nduwe teges….

a)

Upama dikandhani

b)

Senajan dikandhani

c)

Ngongkon ngandhani

d)

Muga-muga dikandhani

10.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

“ Mumpung isih esuk enggal budhala sekolah”


Tembung kang kecetak kandel ing nduwur nduwe teges….

a)

Muga-muga budhal

b)

Ngongkon budhal

c)

Senajan budhal

d)

Upama budhal

11.

Peraga drama nalika guneman ijen ing panggung, diarani….

(a)  

12.

Peraga drama sing nduwe watak ora becik, diarani….

(a)  

13.

Pawongan kang tugase mimpin lan ngatur lumakune drama diarani….

(a)  

14.

Gatekna pethilan teks drama ing ngisor iki!

Sawise saling cerita, Avilia mutusake gawe ngakhiri hubungane karo Putra. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco lan ora oleh musuhan. Ing suatu dino, Avilia ketemu kaleh Putra lan nyritakake maksude.

Avilia: “Putra, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?”

Putra : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”

Avilia : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”

Putra : (Kaget)“Loh, opo’o?”

Avilia : “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah sing apik ndek Jakarta. Lagian, gara-gara awakdewe pacaran nilai awakdeweuga turun terutama nilai ujianmu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.”

Putra : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen sing terbaik.”

(a)  


Alur jroning cerita ing nduwur yaiku….

15.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!


(Kapinujon dina Minggu bu Marno lagi sedhih, mlebu metu omah karo prembak prembik sajak arep nangis jalaran wiwit esuk anake lunga durung bali)


Bu Marno : “ Hoalah ngger….ngger. gek menyang ngendi ta olehmu dolan iki. Wis yahmene kok durung bali, mangka sekolah libur. Aja-aja mengko gek diculik dening wong durjana.”

Pak Marno : “ Ora lo bu, sampiyan kuwi geneya kok ketoke sedhih? Kaya wong mentas nangis kepaten wae. “

Bu marno : “ Njenengan kuwi kok kebangeten ta pak… wong kelangan anak kok ayem wae. Mbok ya ndang ngrewangi nggoleki kana! Aku kesel, wis tak goleki tekan ngendi-endi nanging tetep ora ketemu.” (Sinambi prembik-prembik nangis)

…………… (a)