wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Kelas 6 Bahasa Jawa Sesorah

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake ekspresi, yaiku ....

a)

swara kang lirih

b)

lafal utawa pangucape tembung kang cetha

c)

intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep

d)

polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato

2.

Siswa kelas VI yen wis lulus lumrahe ngadani acara pepisahan. Sing kudune nindakake pidhato pepisahan yaiku ....

a)

saben siswa

b)

kepala sekolah

c)

siswa wakil kelas enem

d)

siswa sing wani pidhato

3.

Sawijine katrampilan sing diudi sajrone nyinau basa Jawa yaiku pidhato.

Pidhato iku kalebu jinising katrampilan ....

a)

nulis

b)

maca

c)

micara

d)

nyimak

4.

Wujude bab kang diandharake sajrone pidhato yaiku ....

a)

informasi

b)

kabutuhan

c)

karepotan

d)

negosiasi

5.

Jinise pidhato miturut cara utawa teknik ngandharake isine pidhato kaya ing ngisor iki, kajaba ....

a)

apalan

b)

dadakan

c)

maca teks

d)

tinulis

6.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato

7.

Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....

a)

ngringkes pidhato

b)

mbiji isine pidhato

c)

nulis isine pidhato

d)

nggampangake gawe teks pidhato

8.

Salam utawa panyapa kanggo bapak-bapak kang rawuh ing pidhato lumrahe ....

a)

ingkang kula pitados

b)

ingkang kula kurmati

c)

ingkang kula sayangi

d)

ingkang kula percaya

9.

Sajrone pidhato, uluk salam iku kalebu ana ing perangan ....

a)

purwaka

b)

isi

c)

panutup

d)

katrangan

10.

Isi panutuping pidhato lumrahe bab ....

a)

wosing pidhato

b)

salam pangapura

c)

pangajab lan panuwun

d)

pangajab lan salam pambuka

11.

Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....

a)

sing nonton

b)

materi pidhato

c)

sing nata swara

d)

pranata acarane

12.

Panyawange mripat nalika pidhato becike ....

a)

mangisor

b)

mandhuwur

c)

tumuju ana ing teks

d)

tumuju ing pamireng

13.

Arane meja kanggo pidhato yaiku ....

a)

pentas

b)

podhium

c)

panggung

d)

gelanggang

14.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.


Ukara ing ndhuwur medhote sing bener yaiku ....

a)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

b)

Sumangga/Panjenengan/sedaya/kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

c)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

d)

Sumangga/Panjenengan sedaya/kula dherekaken/ngaturaken raos syukur/konjuk ing ngayunan dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

15.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.


Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula.

b)

Karesikan iku wujud saka satengahe iman.

c)

Bapak Ibu ingkang winantu ing suka basuki.

d)

Mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.