Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BS. JAWA KLS 6 , 18 PEBRUARI 2021

Total questions: 26

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Carane omong ing sangarepe wong akeh kanggo ngandarake gagasan utawa ngandharake sawenehe bab diarani...

a)

Sesorah/pidato

b)

Omong-omong

c)

Rerembukan

d)

Rapat penting

2.

Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi loro, yaiku...

a)

Pidato resmi lan pidato setengah resmi

b)

Pidato ora resmi lan pidato lengkap

c)

Pidato resmi lan pidato ora resmi

d)

Pidato kenegaraan lan pidato manten

3.

Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki:

1. Digunakake ing kahanan resmi

2. Intonasi datar

3. Ukarane ukara jangkep

4. Migunakake tembung baku


Miturut ciri-cirine, basa iku kanggo pidato...

a)

resmi

b)

setengah resmi

c)

ora resmi

d)

kenegaraan

4.

Pidhato manten lan pidhato ing Karang Taruna iku kagolong jenise pidato...

a)

Resmi

b)

ora resmi

c)

kekeluargaan

d)

perkumpulan

5.

Ing ngisor iki sing klebu jenise pidato resmi yaiku...

a)

Pidato kenegaraan

b)

pidato karang taruna

c)

pidato mantenan

d)

pidato pembukaan toko

6.

Gatekno ciri-ciri basa pidato ing ngisor iki:

a. digunaake ing kahanan resmi

b. intonasi swara munggah mudhun

c. ukarane ukara jangkep

d. tembunge ora baku


sing kalebu cirine basa pidato ora resmi yaiku...

a)

a lan b

b)

b lan c

c)

a lan c

d)

b lan d

7.

Struktur teks pidato sing bener yaiku...

a)

pembukaan-isi-penutup

b)

pembukaan-unen-unen-penutup

c)

Penutup-pembuka-isi

d)

isi-pembuka-penutup

8.

Perangan teks pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur diarani...

a)

isi pidato

b)

pembuka pidato

c)

penutup pidato

d)

pembuka lan penutup pidato

9.

Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan, diarani...

a)

Pembuka pidato

b)

isi pidato

c)

penutup pidato

d)

acara pidato

10.

Perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup, diarani...

a)

pambuka pidato

b)

isi pidato

c)

penutup pidato

d)

kerangka pidato

11.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karahayon.


Perangan pidato ing ndhuwur kuwi diarani...

a)

pambuka pidato

b)

isi pidato

c)

kerangka pidato

d)

penutup pidato

12.

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged paring panjurung mugimugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakake wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi kulawarga.


isi pidato ing ndhuwur yaiku...

a)

ngajak Bapak ibu guru lan kepala sekolah nindakake wirausaha

b)

Njelasake wira usaha sing dilakoni kanti ajeg

c)

Penjelasan bab tata cara wira usaha sing bener

d)

Ngajak Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa supaya nduweni krenteg nindakake wira usaha

13.

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula namung saged paring panjurung mugimugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakake wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi kulawarga.


isi pidato ing ndhuwur yaiku...

a)

ngajak Bapak ibu guru lan kepala sekolah nindakake wirausaha

b)

Njelasake wira usaha sing dilakoni kanti ajeg

c)

Penjelasan bab tata cara wira usaha sing bener

d)

Ngajak Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa supaya nduweni krenteg nindakake wira usaha

14.

Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Wasana ... menawi wonten lepatipun atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.


Ukara sing bener kanggo njangkepi penutup pidato kuwi...

a)

kula nyuwun dunga dumateng panjenengan

b)

Kula badhe ngaturaken bab wira usaha ingkang sampun kula lampahi

c)

kula nyuwun agunging pangaksami dumateng panjenengan

d)

cekap semanten atur kula

15.

Ing ngisor iki sing diarani ukara jangkep yaiku...

a)

monggo!

b)

Pinarak,Bu!

c)

Sinten?

d)

Para sederek ingkang minulya

16.

Ukara ing ngisor iki sing diarani ukara ora jangkep yaiku...

a)

Wah, apik tenan sepatu iki!

b)

Bapak saha ibu tindhak peken

c)

Kula badhe wangsul

d)

Tutupen!

17.

Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren.Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya,Saiki kenthongan mau wis diganti nganggo piranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawa ana banjir utawa tsunami.

Pernyataan ing nduwur nduduhake yen saiki wis diarani jamane....

a)

jaman kuno

b)

jaman internet

c)

globalisasi

d)

sosial media

18.

Jaman saiki nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggo....

a)

layang

b)

handphone

c)

pesen singkat

d)

telegram

19.

Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong. Arane aplikasi sing dienggo rapat kuwi yaiku...

a)

meeting

b)

whatsapp

c)

google

d)

zoom meeting

20.

Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong. Ya patemon ngono kuwi sing diarani....

a)

telephone

b)

teleconference

c)

telepati

d)

meeting

21.

Bedane wong dodolan jaman biyen sak durunge ana globalisasi karo jaman saiki yaiku...

a)

Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.

saiki dodole ing njero pasar.

b)

Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.

saiki dodolan nganggo aplikasi grab.

c)

Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.

d)

Saiki wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.Biyen ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.

22.

Kanyatan ing ngisor iki kang bisa diweruhi ing era globalisasi saiki, kajaba....

a)

tuku barang ora usah mara nanging uga cukup nganggo internet, telephon, WhatsApp, sms, lan liya-liyane.

b)

Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi.

c)

Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong.

d)

kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya, umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe.

23.

Globalisasi asal saka tembung “globe”, „bola dunia‟ banjur dadi global, sing tegese ....

a)

adoh tur maju

b)

mendunia

c)

dunyo lan isine

d)

majune teknologi

24.

Globalisasi bisa ditengeri saka pernyataan ing ngisor iki, yaiku...

a)

Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane.

b)

Pawarta saindenging jagad, suwe banget sumebare.

c)

Saya angele dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine.

d)

kedadean ing sawijining negara angel banget diweruhi dening wong ing negara liyane, amarga canggihe teknologi

25.

Globalisasi gedhe banget pangaribawane tumrap sawijining negara. Ana dhampak sing positip (apik, nguntungake), nanging uga ana sing negatip (ala, ngrugekake, nggawa kapitunan). Dhampak positif globalisasi, yaiku....

a)

Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe

b)

Nuwuhake sipat konsumtip lan boros

c)

Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa

d)

Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial

26.

Globalisasi pancen akeh mupangate (dampak positif) nanging uga bisa ndadekake masalah (dampak negatif). Dhampak negatip globalisasi, yaiku....

a)

Lapangan kerja tansaya sethithik amarga indhustri nggunakake mesin modheren

b)

Masyarakat tansaya maju

c)

Mlebune kabudayan asing sing bisa nyengkuyung budaya nasional.

d)

Anane pasar global