wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

XII 5

Total questions: 14

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Menapa kala wau bapak sampun ... dhumateng ibu?

a)

Kandha

b)

Ngendikan

c)

Sanjang

d)

Matur

e)

Wicanten

2.

Kala wingi adhik sampun... eyang.

a)

Sanjang

b)

Matur

c)

Kandha

d)

Ngomong

e)

Ngendikan

3.

Pak guru... supados para siswa sregep tumut daring.

a)

Dhawuh

b)

Sanjang

c)

Matur

d)

Wicanten

e)

Kandha

4.

Ibu : Bapakmu mau apa wis dhahar?

Lia : Dereng, Bu.


Ibu nggunakake ragam basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Kramantara

5.

Pak Pri : Wingi bapakmu kok ora....rapat?

Joko : Inggih, Pak. Bapak tindak Jakarta kala wingi.

a)

teka

b)

dugi

c)

rawuh

d)

kondur

e)

dhateng

6.

Bu Lis : Wingi adhimu ora budhal sekolah ngapa?

Wahyu: Nyuwun pangapunten, Bu. Kala wingi adhik....

a)

lara

b)

gerah

c)

sakit

d)

gering

e)

katisen

7.

Bu Sur: Pulpenku wingi endi, Rif?

Rifka : Kala wingi sampun kula... panjenengan, Bu.

a)

aturaken

b)

paringaken

c)

wenehaken

d)

sukakaken

e)

caosaken

8.

Budi : "Bu, kula benjing badhe kesah Semarang antawis tabuh sedasa enjing."

Ibu : "Iya, Bud. Sing ngati-ati wae!"


Budi nggunakake ragam basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama andhap

9.

Ita : "Bapak benjing menapa saged rawuh rapat?"

Pak Tono : InshaAllah isa, Ndhuk.:


Ita nggunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kramantara

10.

Arta angsale maringi bapak menika badhe kula... adhi kula.

a)

wenehaken

b)

sukakaken

c)

paringaken

d)

aturaken

e)

wenehna

11.

Pak Pardi :"Wah, klambimu anyar ya Ton?"

Tono :" Inggih, .... kula enggal."

a)

Klambi

b)

Pakaian

c)

Rasukan

d)

Ageman

e)

Sandhangan

12.

Pak Broto :" Sesuk aku arep.... neng kantor. Tulung ibumu aturana pirsa!"

Yudi :"Inggih, Pak. Kula mangke takmatur ibu."


Jangkepi ukarane Pak Broto kasebut!

a)

nginep

b)

nyipeng

c)

tilem

d)

nyare

e)

nilem

13.

Rani :"Panjenengan kersa kul damelaken unjukan, Pak?"

Pak Sis :"...."


Wangsulane Pak Sis sing bener....

a)

Iya, aku gelem.

b)

Inggih, aku gelem.

c)

Iya, kula purun

d)

Inggih, kula kersa

e)

Inggih, kula gelem

14.

’’Ah, kowe kuwi pancet. Wiwit biyen mula kowe kuwi kurang PD. Aku ngerti, Niel, kowe biyen embuh sithik, embuh akeh tau nyenengi aku. Ya merga kurang PD-mu kuwi mula ora wani ngomong. Pilih nyisih tinimbang kalah saingan. Kamangka yen biyen kowe wani, tak kira ora bakal Cuk sing anake juragan toko emas utawa Yanuar sing anak lurah kae kelakon mboncengake aku nganggo sepedhah montore. Aku pilih mbok gonceng pit Phoenix-mu,’’ Ujare Lastri.


Saka pethikan cerkak kasebut bisa dingerteni yen....

a)

Lastri uga duweni rasa tresna marang Daniel.

b)

Lastri luiwh nengenake bandha

c)

Daniel duweni sipat andhap asor

d)

Daniel mujudake pawongan sing kendel.

e)

Daniel pawongan sing sugih bandha donya