wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pidato basa jawa/sesorah kelas 6

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Sing diarani pidato kuwi yaiku...

a)

ngomong ing ngarepe wong akeh sak perlu medharake gagasan, ide , lan pamikiran kanti tujuan tartamtu

b)

pacelaton sing ditindakake antara wong karo wong liyane

c)

pacelaton sing ditindakake ing ngarepe wong akeh

d)

nyritakake kadadean-kedadean jaman biyen

2.

Bapak lan Ibu ingkang kula kurmati,

Kegiyatan bakti sosial menika program ingkang kawontenaken setunggal taun sepisan. Kanti kegiatan menika mbok bilih saged nuwuhaken raos tepa selira kanca-kanca kelas VI marang sapadhapadha. Kegiatan bakti sosial menika kangge sarana nyaosi pambiyantu dhumateng para warga ingkang mbetahaken kegiyatan menika mugi-mugi wonten guna lan paedahipun kangge panjenengan sedaya.

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten. Nuwun.


Sing kalebu wasana basa( panutup pidato) yaiku...

a)

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

b)

Bapak lan Ibu ingkang kula kurmati,

c)

Kegiyatan bakti sosial menika program ingkang kawontenaken setunggal taun sepisan.

d)

Kanti kegiatan menika mbok bilih saged nuwuhaken raos tepa selira kanca-kanca kelas VI marang sapadhapadha.

3.

Assalamualaikum wr. wb.

Dhumateng bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya

Monggo kita...njunjungake puja lan puji syukur marang gusti Allah swt amargi sampun maringi berkah lan karunia.


Tembung sing mathuk kanggo njangjepi ukara ing ndhuwur yaiku...

a)

sesarengan

b)

nyenyuwun

c)

kaliyan panjenengan

d)

ngaturaken

4.

Ingkang kalebu ciri basa pidato resmi yaiku...

a)

tembunge baku

b)

intonasi swara munggah mudhun

c)

kerep nganggo ukara ora jangkep

d)

intonasi datar

5.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu bahasa pidato resmi yaiku...

a)

salajengipun kula warga ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadhang

b)

Para Gubernur ingkang kinurmatan mugi-mugi semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kagem nindakaken pembangunan ing Indonesia.

c)

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten sedaya atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih.

d)

salajengipun kula minangka kanca namung gadhah pangajab, mugi-mugi kanthi tambahing yuswa sederek kula.

6.

Basa sing digunakake ing pidato ora resmi yaiku...

a)

nganggo tembung ora baku

b)

digunakake ing kahanan resmi

c)

Nganggo ukara jangkep

d)

Intonasine datar

7.

Ing ngisor iki minangka gagasan baku pambuka pidato, kajaba....

a)

pakurmatan

b)

dudutan

c)

tetembungan

d)

puji syukur

8.

Ing ngisor iki sing ora kalebu perangane pidato yaiku...

a)

pambuka

b)

isi

c)

penutup

d)

kesimpulan

9.

Bapak Ibu guru ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita .... ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat wal afiat.

Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku...

a)

ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh

b)

ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya

c)

ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha agung

d)

matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika

10.

Gegayuhan kaliyan adicara syukuran punika, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sekolah dhateng pawiyatan ingkang langkung inggil ngantos perguruan tinggi. Mboten kesupen kula sakanca inggih nyuwun agunging pangapunten, awit kula asring ndamel kalepatan.

Pidato ing ndhuwur kalebu jenise pidato....

a)

ora resmi

b)

resmi

c)

pangajak

d)

panglipur