wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 3hrs 55mins

Name
Class
Date
1.

Kanthi disuguhake beksan saka kraton lan pura pakualaman iki para mudha bisa ngregani, njaga, lan nglestarekake warisane para leluhur kang tundhone bisa ngrembaka lan ora gampang kadheseg dening kabudayan rnanca. KPH. Yudo Hadiningrat uga medharake menawa piwulang luhur kang diwarisake Sri Sultan Hamengko Buwono I babagan 'Persatuan lan Kesatuan' rakyat Nyagogyakarta, ana werna telu. Yaiku manungsa aja seneng ngrusak lingkungan, aja seneng ngrusak ajining dhiri, lan kudu bisa ngayomi.

Hamemayu Hayuning Bawono kudu bisa dicakake ing saben dinane. Kang paling wigati, watak satriya kang adhedhasar sengguh ora mingkuh, njaga rasa guyub rukun, bisa ngormati sapadha-padha, ngedohi sipat kang kurang becik. Warga Yogyakarta diajab bisa dadi wong kang jujur, 'berbudaya' lan nengenake marang 'persatuan Ian kesatuan'.


Apa undherane gagasan (ide paragraf) saka pethilan prastawa ing ndhuwur ?

a)

Piwulang luhur warisane Sri Sultan Hamengku Buwono I ana werna telu

b)

Pentas Seni Bangun Tulak kanggo nepungirke kesenian Yogyakarta

c)

Pentas Seni Bangun Tulak kanggo wadhah generasi mudha melu nglestarekake budaya

d)

Ancase pentas Seni Bangun Tulak dadi pro lram Dinas Kebudayaan DIY

2.

Saben dinten kula dipunparingi sangu Rp. 12.000,00 menawi dipungunggung sadangunipun sawulan (30 dinten), sangunipun wonten . . ..

a)

Tigangatus seket ewu rupiah

b)

Tigangatus sewidak ewu rupiah

c)

Tigangatus pitung dasa ewu rupiah

d)

Tigangatus wolungdasa ewu rupiah

3.

Wong urip kuwi kudu padha ngajeni supaya diurmati dening wong liyo. Sola bawah lan patrap kang becik kuwi kudu trep karo tata krama, mula ing sadhengah papan yen liwat ing ngarepe wong akeh prayogane matur ....

a)

Nuwun sewu

b)

Kulo nuwun

c)

Nyuwun pangapunten

d)

Nderek matur

4.

Watake wong kuwi disawang saka tindak tanduke lan omorngane. Mulo dhewe kudu njogo omongan lan tumindak kang becik.


lng ngisor iki tuladha tumindak kang becik yaiku ....

a)

Ngendelake kaluwihane dhewe

b)

Nyingkiri watak umuk

c)

Nduweni watak gumedhe

d)

Nduweni watak sirik

5.

Dina selasa Upi telat mlebu .kelas amargo dheweke didhawuhi ibune mampir menyang sekolahane adhine kanggo ngaturake surat ijin. Adhine Upi lara panas, mulo dheweke ora mangkat sekolah. Nalika tekan sekolahan bel wis muni lan ing kelase wis ana gurune, mula Upi banjur matur karo gurune ....

a)

Ngapunten telat, amargi nembe diutus ibu mampir sekolahane adhine

b)

Nuwun pangapunten kula telat, mampir riyin teng sekolahan adhine ngeteraken surat ijin

c)

Nyuwun pangapunten kula telat, amargi dipundhawuhi ibu kapurih ngaturaken serat ijin dhateng sekolah adhikula

d)

Nyuwun ngapunten kula telat, amargi dikengken ibu supados ngaturke surat ijin teng sekolah adhikula

6.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Saka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negoro Mendhang Kamolan ajejuluk prabu Jaka, iya prabu widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si prayoga didadekake bupati ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widiyaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sambada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu opo-opo.


Ing ngendhi setting crito kuwi kedadeyan ....

a)

Pulo Majethi

b)

Tanah Hindustan

c)

Tanah Jawa

d)

Medhang Kamolan

7.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Saka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negoro Mendhang Kamolan ajejuluk prabu Jaka, iya prabu widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si prayoga didadekake bupati ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widiyaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sambada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu opo-opo.


Kepriye watake Sang prabu Widayaka ?

a)

Nglirwakake abdine

b)

Eman marang abdine

c)

Lalimarang abdine

d)

Cubriya marang abdine

8.

Garwanipun Yudhistira inggih menika Dewi Drupadi inggh menika putrinipun Prabu Drupada, ratu ing Cempala. Kagungan putra satunggal ingkang nama Pancawala. Yudhistira menika pinter olah kaprajuritan saha gagah nalikanipun perang. Yudhistira watakipun sabar, jujur, nrima ing pandum, boten gampil duka mbok bilih boten nate duka, boten nate goroh, wicaksana, adil, bekti mring Gusti, dhemen tetulung; menapa kemawon ingkang dipundarbeki menawi dipunsuwun tiyang sanes mesthi dipunwenehaken, mila Yudhistira menika sinebut manungsa lega donya lila ing pati.


Ing ngisor iki watake Yudhistira, kajaba .....

a)

Sabar, jujur

b)

Seneng nesu, yen nesu malih buta gedhe

c)

Jujur, ora tau goroh

d)

Nrima ing pandum

9.

Yudhistira minangka ratu ing Amarta kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringanipun Bathara Darma, wonten ugi Payung kyai Tunggulnaga, tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong, kang dayanipun menawi Puntadewa/Yudhistira duka lan astanipun nyenggol kalung menika, sanalika sariranipun salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthi kulit warni pethak.


Yen Puntadewa nesu tangane nyenggol kalung robyong bisa malih buta gedhe sing rupane apa ?

a)

Ijo

b)

Putih

c)

Abang

d)

Ireng

10.

Saka kadohan krungu swara sepur, tansaya cedhak swara wesi sing gathuk karo rel kuwi tansaya seru lan saka wetan katon jumedhule sepur Arga Lawu sing banjur mandheg.


Kadadean sing digambarake ing cerkak mau mapan ing …

a)

Terminal

b)

Stasiun

c)

Dalan gedhe

d)

Bandhara

11.

Wacanen kang patitis!

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, umpamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Kanthi nggunakake Tehnologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iku bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug.


Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah, tulisno masalahe opo wae sing isoh kadadean ....

4 lines
12.

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, umpamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Kanthi nggunakake Tehnologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iku bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug.


Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna.


Rekayasa artine podo karo .....

4 lines
13.

Wacanen kang patitis!

Evan Dimas Darmono utawa kang kaloka kanthi jeneng Evan Dimas iki lahir ing surabaya tanggal 13 Maret 1995. Ivan kang nduweni Zodiak Aries iki putra saka bapak Darmono lan ibu Ana. Pak Darmono minangka security ing salah siji perumahan elit kawasan Surabaya Barat, senajan saka keluarga kang sederhana ananging semangat Evan kanggo gawe bombong ati bapak lan ibune lumantar sepak bola ora luntur. Miturut Evan kang nate sekolah ing SMA Shafta Lontar Citra iki bal-balan wis dadi cita-citane wiwit cilik.


Evan Dimas lair saka keluarga kang sederhana. Bapake ngasta minangka ....

4 lines
14.

Wacanen kang patitis!

Narti : “Ibu punapa siyos tindak sapunika?” (karo nyedhaki ibune sing lagi setrika).

Ibu : “Ya, durung ta, Nar, iki isih ngenteni Bapakmu.”

Narti : “Bapak kala wau tindak pundi ta, Bu, ngantos yah manten kok dereng rawuh?” Ibu : “Ngendikane mau neng daleme Pak RT, nanging kok ya suwe men!”

Bapak : “Assalamu’alaikum, walah-walah wis padha ganti klambi ta iki!” (mlaku karo nyopot helm tumuju ibu lan Narti).

Nanang : “Ya Alla, Bapak, dirasani ibu karo mbak Narti kok ya mara kondur!” (melu-melu marani ibu).

Bapak : “Iya sepurane, iki mau ndadak ngrembug rapat RT kanggo sesuk barang, mulane dadi suwe! Hlo … Narti kok durung salin klambi?” (karo nyekel pundhak anak wadone).

Narti : “Kula kesah mangke mawon, niki taksih ngrantos Mas Narno!” Bapak : “Dadi Masmu sida bali mulih ta saiki!”

Narti : “Inggih, kala wau sampun wangsul, nanging taksih ngeteraken layang titipan dhateng tiyang sepahing rencangipun.”

Bapak : “Sik dakpanasane sedhela mobile, mengko ibu lan Nanang ndang nyusul.” (ninggalake ruwang setrikan tumuju garasi).

Nanang : “Iya-iya, wis ayo, Bu, gek ndang nututi Bapak. Mas Narno karo Mbak Narti ditinggal wae, ben numpak bis!” (ninggalake ibu lan Narti tumuju garasi nututi bapake).


Manut teks drama kasebut, papan panggonane Ibu, Narti, Bapak, lan Nanang nalika rembugan ing ….

4 lines
15.

Wacanen kang patitis!

Dadia tirakatmu anak-anakku

Yen dina iki ora ana upa

Kowe padha ora mangan sega

Kejaban gegelan tela

Tamba ngelih panguwaraning atimu Dadia tirakatmu anak-anakku Sewengi ngrungu udan kumricih Padha ndhekep weteng ngelih Kemul omah gombaling biyungmu Ing gubuh trocah gubuge bapak


Tembung “Tirakat” nduweni teges ….

4 lines