Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL UJIAN SEKOLAH

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Setitekna teks ing ngisor iki!

Tempe

Ora kaya panganan dhele tradhisional liyane kang biyasane asale saka Cina lan Jepang. Tempe iku asli Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku kawitan. Nanging nyatane panganan tradhisional iki wis dikenal wiwit pirang-pirang abad kawuri, utamane ing tatanan budaya panganan masyarakat Jawa. Ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat Centhini kanthi seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung tempe, umpamane kanthi nyebut jeneng nyamikan jae santen tempe (saemper masakan tempe nganggo santen) lan dhele tempe srundengan. Tembung tempe dirasa saka basa Jawa kuna. Ing jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung kang diarani tumpi. Tempe seger kang awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kasebut. Saliyane iku ana rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus Jawa-Belanda.

Alinea ing dhuwur kalebu teks....

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

e)

Prediksi

2.

Setitekna teks ing ngisor iki!

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemproh lan seneng omben-omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

Saka andharan teks ing dhuwur kena apa lingkungan kudu resik?

a)

Amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa

b)

Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekna urip sehat

c)

Amarga wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri

e)

Amarga wargane supaya ora kemproh

3.

Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngerti yen karep saka crita iku murid bekti karo gurune.

Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani …

a)

paraga

b)

latar

c)

watak paraga

d)

amanat

e)

alur

4.

DEWI TRIJATHA

Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke dikancani Dewi Trijatha, anak wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dewi Shinta saka godha lan patrape Prabu Dasamuka kang kurang ajar. Saben arep ngganggu, Dewi Trijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.

Pratelan ing ngisor iki sing pas karo crita ing dhuwur, yaiku ....

a)

Dasamuka nduweni watak kang wicaksana

b)

Dewi Trijatha, anak wadone Prabu Dasamuka

c)

Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing Taman Saloka

d)

Dewi Trijatha kuwi kapetung putune Prabu Dasamuka

e)

Dasamuka kang kepengin ngrebut keratone Dewi Shinta

5.

Wacanen kanti teliti wacana ing ngisor iki

"Tomas kuwi sawijining siswa kelas 11 ing SMK Karanganyar. Sawijining dina, ana pertandingan persahabatan futsal. Sing ngenekake yaiku SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi, minggu ngarep bakal ana pertandingan ing antarane SMK Karanganyar lan SMK Karya Nugraha Boyolali. Ing wektu-wektu sadurunge pertandingan kuwi, Tomas latian kanthi sregep lan dhisiplin. Kamangka sadurunge Tomas ora tau melu latian. Nanging wektu pertandingan ndilalah gawang SMK Karanganyar bisa dijebol oleh SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi pertandingan dimenangake SMK Karya Nugraha Boyolali kanthi skor 6-0. Sawise pertandingan kuwi, Tomas wis ora tau melu latian kanca-kancane maneh

Paribasan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ....

a)

obor blarak

b)

obor oncor

c)

ana catur mungkur

d)

kebo kabotan sungu

e)

ngutik-utik macan turu

6.

Pak Brata sawijining pemimpin sing banget diajeni jalaran ngendikane kepenak, apa maneh yen janji mesthi ora mblenjani, ora gawe seriking liyan.

Pratelan iku jumbuh karo unen-unen ....

a)

sapa nandur ngundhuh

b)

ana catur mungkur

c)

jer basuki mawa beya

d)

becik ketitik ala ketara

e)

ajining diri saka lathi

7.

PUCUNG

Siswa iku kudu manut marang guru

Rukun marang kanca

Aja drengki aja srei

Aja climut aja jail aja nakal


Surasaning tembang pocung ing dhuwur ngemot bab….

a)

pendidikan

b)

budi pekerti

c)

unggah-ungguh

d)

moral

e)

cangkriman

8.

Tembang macapat iki setitekno

SINOM

Nuladha laku utama

Tumrape wong tanah Jawi

Wong agung ing ngeksi ganda

Panembahan senapati

Kapati amarsudi

Sudaning hawa lan napsu

Pinesu tapa brata

Tanapi ing siyang ratri

Amemangun karyenak tyasing sesama


Tumindak kang becik miturut tembang sinom ing dhuwur yaiku?

a)

kudu dadi wong jawa

b)

kudu dadi wong kang gedhe

c)

kudu nduwe pangkat lan kalungguhan dhuwur

d)

kudu ngurangi hawa nafsu kanti laku prihatin

e)

kudu nindakake tapa

9.

Sekar pucung tambane ati kang bingung

Ngupadi piwulang

Wewarah ingkang sejati

Weh pepadhang ambirat ribeding nala


Tembang pucung ing dhuwur nduweni teges. . .

a)

golek penggaweyan kang utama

b)

golek ilmu sing apik kanggo ngudi kapinteran

c)

wong sing seneng mulang

d)

wong sing demen bingung

e)

wong sing lagi bingung

10.

Gatekna Tembang ing ngisor iki!

Anjasamara ari mami

Mas mirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Prabalingga

Prang tandhing wuru bisma

Kariya mukti wong ayu

Pun kakang pamit palastra

Sejatine kasedhan


Tembang ing ndhuwur diarani tembang apa?

a)

Dhandanggula

b)

Asmarandana

c)

Mijil

d)

Gambuh

e)

Kinanthi

11.

KANGEN

Dening: Edi Winarno


Aja nangis anakku

ibumu isih lunga

sedhela maneh teka


aja nangis, anakku

umpama Hongkong kuwi mung lor kali

wis wingi-wingi

dakparani


Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Wong tuwa iku mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali

c)

Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing Hongkong

d)

Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambut gawe ing kana

e)

Anak lagi kangen marang Ibu lan Bapake kang nyambut gawe ing lor kali

12.

KANGEN

Dening: Edi Winarno


...

umpama Hongkong kuwi mung lor kali

wis wingi-wingi

dakparani


Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

swara um

e)

sastra g

13.

gemericik swaramu ing wayah esuk

agawe tentrem ing ati

kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah


kutipan geguritan ing dhuwur nggunaka panyitra (tembung imaji) ...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangrasa

e)

panindak

14.

Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!

Jaman iki wis banget tuwa

dening : Turiyo Ragil Putra


Ngger, anakku

Jaman iki wis banget tuwa

Kabudayan wis rontang-ranting

Mung kari crita

Aja maneh sinom, dhandhanggula, utawa gambuh

Salarik guritan wae wis ora ana sing nggape

Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana

Sing setya ngrenggani sepine wengi

Binareng angambare cempaka sari


Piwulang / pesen moral apa kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur . . .

a)

Jamansaiki kabudayan wis dilalekake

b)

Kabudayan wis sangsaya ditinggalake

c)

Kabudayan kudu dilestarikake

d)

Jaman sing wis tuwa

e)

Kabudayan sing kari crita

15.

Ing reroncene adhicara panggih temanten, sakdurunge ijol-ijolan kembang mayang ana adicara penganten kakung lan putri ambalang gantal. Adicara kasebut nggunakake ubarampe ...

a)

Tigan ayam jawi

b)

Kembang telon

c)

Suruh luminting

d)

Kembar mayang

e)

Beras punar

16.

Ancas dianankake upacara adat tingkeban yaiku ...

a)

kanggo kaslametan bapa biyunge

b)

kanggo kaslametan jabang bayi

c)

kanggo kaslametan calon ibu

d)

kanggo tulak balak

e)

kanggo kaslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak balak

17.

Adicara kacar-kucur nunggal teges ….

a)

Penganten sakloron nalika urip ing bebrayan tansah urip kasih kinasihan

b)

Penganten kakung bisa menehi keturunan kang becik marang pengantin putri

c)

Penganten sakloron wis nduweni tekad kang kuat kanggo ambangun balewisma

d)

Penganten kakung wis samapta kanggo menehi pangupa jiwa marang penganten putri

e)

Penganten sakloron wis pikantuk restu saka wong tuwane

18.

Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula hormati, kula kinten cekap sementen atur kula, kirang prayogi menawi kula kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan. Pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten. Nuwun.

Perangane tanggap wacana ing nduwur kang di arani . . .

a)

Purwaka basa

b)

Surasa basa

c)

Salam pambuka

d)

Pambagya harja

e)

Wasana basa

19.

Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipun anggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.


Gempilan sesorah ing dhuwur saged kalebetaken dhateng perangan …

a)

Purwaka basa

b)

Salam pambuka

c)

Surasa basa

d)

Pambagya harja

e)

Wasana basa

20.

Serat wedhatama yen ditulis nganggo aksara jawa dadine…

a)
b)
c)
d)
e)
21.

iku julukan kanggo wong sing ....

a)

bodho banget

b)

pinter banget

c)

sombong banget

d)

sugih banget

e)

lemu banget

22.

Tembung diwenehake yen ditulis mawa aksara jawa...

a)
b)
c)
d)
e)
23.

“Eyang putri ..., adhikku ..., aku ya .... pisan.”

Sampurnakna ukara kasebut supaya dadi basa ngoko alus.

a)
b)
c)
d)
e)
24.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Ibu : Bapak wis dhahar?

Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.


Basa kang digunakake ing punggelan pacelathon kasebut, yaiku...

a)

Ngoko lan krama

b)

Ngoko lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

25.

“Punapa sampeyan saestu badhe kesah?”

Tataran basa kang digunakake yaiku….

a)

Krama

b)

Ngoko

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

e)

Krama lugu