WorksheetsPTS 2 B. Jawa Kelas 5
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Adipati Karna
….
Nalika lair, Adipati Karna dilarung ing kali banjur ditemu dening kusir kraton jenenge Adirata, diwenehi jeneng Wasusena. Bareng wis diwasa, Karna dadi adipati ing Awangga sawise ngalahake Prabu Karnamadra , raja ing kadipaten kasebut. Adipati Karna kagungan garwa asmane Dewi Surtikanti lan kagungan putra Raden Warsa Kusuma. Pusakane kang ampuh yaiku Panah Kuntawijayadanu, uga kagungan kuda minangka titihan kanga ran Ciptaplanagati.
Kapethik saking Wasita Utama Basa Jawa
Adipati Karna iku adipati ing….
Ngastina
Ngawangga
Madukara
Mandura
Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tandurane sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.
Miturut wacanan ing nduwur iku kalebu jenise paragraf . . .
dheskripsi
narasi
eksposisi
persuasi
Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tandurane sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.
Ing latar ngarep omahku ana tandurane rambutan, pelem, jeruk, lan . . .
kates
salak
blimbing
nangka
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.
Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Teks dheskripsi yaiku . . .
karangan sing nerangake kadadean utawa prastawa.
karangan sing njlenttrehake saweneh kedadean manut urutan wektu.
karangan sing njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.
karangan sing menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.
Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese . . .
sekolah
lungo
dolan
rekreasi
Nalika semana ing keraton Jenggala Manik diceritaake Dewi Kili Suci, putrine Raja Jenggala Manik kang kondang ayune dilamar dening Mahesa Sural an Lembu Sura. Nanging Dewi Kili Suci ora gelem nampa lamarane raja-raja kuwi mau. Kanggo selak saka lamaran kuwi Dewi Kili Suci nganakake sayembara. Isine sayembara iku sapa sing bias nggawe sumur 2 kang ambune wangi lan amis ing pucuk gunung kelud kanthi wektu sewengi, Dewi Kili Suci bakal gelem dadi bojone
Paraga utama cerita ing nduwur yaiku … .
Lembu sura
Mahesa Sura
Dewi Kili Suci
Raja Jenggala
Teks 1
Kelasku kahanane apik. Jogane wis dikeramik warnane putih lan resik amarga saben dino disapu. Tembok e dicet werna ijo enom marakne katon seger yen disawang. Ing kiwa tengen ana candela kaca mubeng dadi sinare srengenge bias mlebu saengga udarane seger. Ing kelasku ana 30 meja lan kursi kanggo murit-murit. Ing ngarep ana meja lan kursi kanggo bu guru. Ing tembok ngarep cumentel papan tulis putih.
Teks 2
Saben dina kemis Rudi lan Tika mesti budal sekolah luweh isuk tekan biasane. Amarga wong loro iki saben kemis kebagian piket kelas. Saben dina kemis Tika lan Rudi budal jam enem isuk, supaya iso resik resik kelas. Ora kejaba kemis iki mau, jam enem pas rudi lan Tika wes metu saka omah supaya ora telat anggone piket. Nanging ing tengah dalan Rudi kepleset marga kurang ati ati ing dalan sing mari keguyur udan. Mula Tika dadi nulungi Rudi. Akhire wong loro mau teka telat menyang sekolah lan ora bias piket isuk.
Andedasar tujuane nulis, bedane teks siji lan teks loro yaiku … .
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks deskripsi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks narasi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks persuasi
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks eksposisi
Saben liwat, tanduran sinawang ijo . . .
mempak
royo-royo
mbranang
gadhing
Adik dikongkon ibu tuku gula.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . .
Adik diutus ibu tuku gula
Adik diutus ibu mundhut gendhes
Adik dikongkon ibu mundhut gendhes
Adik diutus karo ibu tuku gula
Basa rinengga yaiku basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka. Salah sijine basa rinengga yaiku tembung panyandra. Tembung panyandra yaiku . . .
ukara kang kadadean saka sampiran lan isi
ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad
ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya
ukara kang digunakake kanggo ngalembana utawa nggambarake awak, solah, bawa.
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-cirine tembung panyandra yaiku . . .
kang dicandra alane
ngemu surasa pepindhan utawa memper
ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen.
kang dicandra becike lan mengku ngelem kaendahan
Ing ngisor iki kang kalebu tembung payandra yaiku … .
Awak e Kuru semangka
Alise nanggal sepisan
Lambene guwing
Ngamuk e kaya bantheng ketaton
Sing diarani tembung pepindhan yaiku … .
Ukara kang digunak ake kanggo nyemoni/nyacad
Ukara kang kadadean saka sampiran la nisi
Ukara kang digunakake kanggo madhakae samubarang kang tegese kaya
Ukara kang digunaake kanggo ngaembana utawa ngambarake awak kang becik
Ukara ing ngisor iki sing kalebu pengertene tembung parikan yaiku . . .
ukara kang kadadean saka sampiran lan isi
ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad
ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya
ukara kang digunakake kanggo ngalembana utawa nggambarake awak, solah, bawa.
Tawon madu ngisep sekar. Golek ngelmu kudu . . .
prasaja
sabar
sregep
pinter
Ciri-ciri tembung parikan yaiku . . .
nggambarake sarwa ala utawa nacad
ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen
gatra kapisan minangka sampiran, gatra keloro minangka isi
tembung kang mawa wewaton guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Arum pancen ayu banget, bangkekane nawon kemit, yen lagi ngguyu untune katon... .
miji timun
kencana pinatar
prada binabar
nggandewa pinentang
tembung ing ngisor iki kang nganggo tembung panyendu yaiku … .
Abang kumpul abang kaya alas kobong
Bangkekane nawon kemit
Bathuk e nonong, lambene guwing
Polahe kaya gabah diinteri
Ireng ngumpul ireng kaya . . .
gagak reratu
gabah diinteri
alas kobong
godhong katirah
Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu . . .
Tembung sing mathuk kanggo njangkepe parikan kuwi yaiku . . .
sabar
prasaja
sregep
pinter
Bocah kuwi pancen ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane . . .
jambe sinigar
nawon kemit
mucuk eri
ndamar kanginan
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.
Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Ing ngisor iki kalebu Ciri-ciri teks dheskripsi, kajaba …
Nyeritakake kahanan/objek kanti rinci.
Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah
Nyeritaake kedadean prastawa
Menehi pengaruh sensitive kanggo ngembange imajinasie sing maca
Kulo diutus ibu mundhut tigan.
Ukara ing nduwur iku yen disalin nganggo basa ngoko yaiku . . .
Aku diutus ibu tumbas endhog
Aku dikongkon ibu tuku endhog
Aku dikongkon ibu mundhut endhog
Aku dikongkon ibu tuku tigan
Jam enem isuk Bima lan Rini wes sarapan. Dina iki bocah loro budal luwih isuk. Bima lan Rini arep melu Festival Dholanan Tradisional ing alun-alun kabupaten. Bima melu lomba egrang, dene Rini melu lomba dhakon lan gobak sodor.
Kararangan ing nduwur kagolong karangan … .
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Ukara deskripsi gambar ing nduwur yaiku . . .
Ekosistem ana loro jenise, yaiku alami lan buatan. Gambar ing nduwur kagolong ekosistem alami. Ing ekosistem iki ana maneka warna tanduran lan sato kewan. Tetanduran kang ana ing ekosistem kuwi yaiku suket, tertai, lan suplir. Dene kewan kang ana ing kene yaiku kidang, kodok, iwak lan manuk. Tetanduran lan kewan ing kono pada mbutuhake lingkungan ing sekitare.
Ing wayah esuk akeh kewan sing pada saba ing rawa golek panganan. Panganan kuwi mau diolah dadi energy kanggo aktivitase para kewan lan kanggo perkembangbiakan supaya dadai akeh.
Manungsa, kewan lan tetanduran iku pada saling mbutuhake. Kaya iwak karo teratai kang butuh banyu kanggo urip. Beda karo kidang butuh padang suket supaya bias tetep urip. Manungsa butuh sak kabehe supaya bisa tetep urip. Mula ayo podo njaga lingkungan ekosistem ing sak kelilinge.
Ing sawijining dina ana kidang kang moro ning rawa. Deweke arep marani kancane kanga an iwak lan kodok. Nanging kancane mlayu kabeh ngerti rupane kidang kang ireng celeng. Tekan adoh kodok mbengok aku emoh cedak kowe mergo rupamu ireng. Kidang kaget lan moro nylempung banyu. Iwak melok kaget tur ngadohi kidang.
Tembung panyendhu kalebu jenise basa rinengga. Sing diarani tembung panyendhu yaiku tetembungan kang … .
Ngemu surasa pepindhan utawa emper
kang dicandra becike lan ngelem kaendahan
Ngambarake kang sarwa ala/nyacad
Ngemu suroso kosok balen nanging mbangetake
Lakune wong ngalor ngidul, ngetan bali ngulon, polahe wong ing kutha kaya . . .
Tembung pepindhan kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku … .
Bantheng ketaton
Kemanten ditemokake
Gabah diinteri
Sulung lumebu geni
Bocah kuwi rambute ngembang bakung lan drijine . . .
Mucuk eri
Ngandewa pinentang
Miji timun
Nduren sajuring
Kakang adik iku rukun banget kaya . . .
Mimi lan mintuno
Bumi karo langit
Tematen ditemokake
Ketiban ndaru
Sempurnakno parikan ing ngisor iki!
Sepet-sepet sawone mentah.
Diempet-empet selak ra betah
Ojo sok ngenyek marang kanca
Bocah kesed, ora munggah kelas
Ojo dumeh masio wes sugeh
