NEW
Font size
WorksheetsPTS 2 BAHASA JAWA MATERI PACELATHON
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Nandur Kembang
Ranti : Sari, kowe arep ngapa?
Sari : Arep nandur kembang merga aku mau dipundutne pot dening ibuku.
Ranti : Arep kok tanduri kembang apa?
Sari : Rencanane arep tak tanduri kembang mawar.
Tulung Ran, jupukna rabuk ing plastik kuwi!
Ranti : Iki rabuke. Ya wis ayo tak rewangi nandur.
Kesenengane Sari yaiku. . . .
Ngarang tembang
Nandur kembang
Maca pacelathon
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Guneman/ omong-omongan antarane wong siji lan sijine diarani ...
Rasan-rasan
Pacelathon
Geguritan
Pidato
Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ...
Wujude omong-omongan (imbal wacana)
Migunakake ukara crita
Paraga mung wong siji
Nganggo ukara sing dawa
Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ...
Bocah cilik marang wong tuwa
Wong enom karo wong enom
Wong tuwa karo wong enom
Wong tuwa karo kancane
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake nalika nyimak pacelathon, kejaba...
topik/ isi
papan
paraga
biaya
Pacelathone Abdi marang bendara nggunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
miturut unggah-ungguh basa, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ...
basa ngoko lugu lan ngoko alus
basa krama lan basa ngoko
basa krama alus lan krama lugu
basa ngoko lugu lan krama alus
