Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL US BAHASA JAWA 2020/2021

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna tembang pangkur ing ngisor iki!


Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap neng tanah Jawa

Agama ageming aji


Pitutur kang kakandhut ing tembang pangkur kasebut, yaiku…

a)

Dadia wong sing pinter

b)

Wong bodho ora disenengi wong liya

c)

Wong bodho omongane salah kaprah

d)

Dadia wong sing pinter omong lan criwis

e)

Dadia wong kang nduwe budi pakerti luhur

2.

Wacanen punggelan cerkak ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 2 !

………………….

Wis patang taun aku kerja neng perusahaan mebel iki. Yen ditakoni aku seneng pora kerja ana kene, jane ya ora. Wong penginku ngono kerja neng PLN. Cocok karo jurusanku biyen nalika sekolah STM, yaiku kelistrikan. Semono uga kuliahku ing jurusan teknik elektro. Nanging Gusti allah paring rejekiku ana perusahaan iki. Gawean sing tak lakoni kanthi iklas merga gaji pokok lan tunjangane kepara turah tak nggo nguripi bojo lan anak-anakku. Lembur nganti wengi taklakoni kanggo nguyak cukupe butuh.

……………….

Nilai kang kakandhut ing punggelan cerkak kasebut yaiku…

a)

Nilai religi

b)

Nilai pendidikan

c)

Nilai moral

d)

Nilai budaya

e)

Nilai ekonomi

3.

……………………

Esuk iku, swasana ing kantor katon ora kaya biasane. Kabeh pawongan katon padha sibuk mergane pancen dina iki kudu nggawe laporan bab penjualane montor neng showroom. Pak Karto sing duwe showroom ya padha melu sibuk amarga kudu ngecek laporan saka karyawane. “ Ton, iki laporanmu wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane.” Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung mlebu target. “Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut.

…………………….

Manut pethilan crita cekak ing dhuwur iku, Anton kalebu tokoh kang duwe watak…

a)

Sidekick

b)

Antagonis.

c)

Tritagonis.

d)

Protagonis.

e)

Deuteragonis.

4.

Wacanen teks pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4 lan 5!

Menteri Perindustrian Airlangga Hartanto ngendika masalah kang dialami dening Perusahaan Jamu Nyonya Meneer klebu masalah korporasi. Miturut dheweke, bab kasebut kudu dirampungake dening perusahaan dhewe.

Airlangga nuturake ing jaman saiki industri jamu ora kalah karo perusahaan panganan lan minuman kang wiwit ngrembaka. Malah pabrik jamu luwih dadi tren lan munggah drajate.

Pabrik Nyonya Meneer bangkrut sawise ora bisa mbayar utang 7,04 Miliyar rupiah marang kreditor. Pengadilan Negri Semarang mutusake Pabrik Jamu Nyonya Meneer ngalami pailit. Gugatan pailit marang Nyonya Meneer diajokake dening kreditor Hendrianto Bambang Santosa, asale saka Kabupaten Sukoharjo.

……………………


Kang disebut lead utawa teras pawarta saka punggelan teks pawarta ing ndhuwur yaiku…

a)

Paragraf 3

b)

Paragraf 1

c)

Paragraf 2

d)

Paragraf 1 dan 2

e)

Paragraf 2 lan 3

5.

Wacanen teks pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4 lan 5!

Menteri Perindustrian Airlangga Hartanto ngendika masalah kang dialami dening Perusahaan Jamu Nyonya Meneer klebu masalah korporasi. Miturut dheweke, bab kasebut kudu dirampungake dening perusahaan dhewe.

Airlangga nuturake ing jaman saiki industri jamu ora kalah karo perusahaan panganan lan minuman kang wiwit ngrembaka. Malah pabrik jamu luwih dadi tren lan munggah drajate.

Pabrik Nyonya Meneer bangkrut sawise ora bisa mbayar utang 7,04 Miliyar rupiah marang kreditor. Pengadilan Negri Semarang mutusake Pabrik Jamu Nyonya Meneer ngalami pailit. Gugatan pailit marang Nyonya Meneer diajokake dening kreditor Hendrianto Bambang Santosa, asale saka Kabupaten Sukoharjo.

Apa surasane punggelan pawarta ing ndhuwur?

a)

Pabrik jamu wis ora dadi tren ing jaman saiki.

b)

Pabrik Jamu Nyonya Meneer digawe pailit pengadilan

c)

Menteri perindustrian nggawe pabrik Jamu Nyonya Meneer pailit

d)

Pabrik jamu Nyonya Meneer pailit merga duwe masalah karo Menteri Perindustrian

e)

Pabrik Jamu Nyonya Meneer dinyatakake pailit merga ora bisa bayar utang marang kreditor

6.

Wacanen paragraf ing ngisor iki!

Mapane ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng. Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/public. Ing jamaan biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengake pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas muduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakakake seni lan budaya.

Apa gunane pringgitan ing jaman biyen?

a)

Kanggo turu

b)

Kanggo nampa tamu

c)

Kanggo nyimpen pusaka

d)

Kanggo mangsak lan adus

e)

Kanggo nggelar wayang kulit

7.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Nuladha laku utama,

Tumrape wong tanah Jawi,

Wong agung ing Ngeksiganda,

Panembahan Senopati,

Kapati amarsudi,

Sudaning hawa lan nepsu,

Pinesu tapa brata,

Tanapi ing siyang ratri,

Amemangun karyenak tyasing sasama.


Tembang ing ndhuwur klebu tembang sinom. Guru lagu lan guru wilangan tembang kasebut, yaiku…

a)

8a,7i,8a,8i,7u,8a,7i,8a,12a

b)

8a, 8i,8a, 8u, 8i,7i,7a,8i,12a

c)

8a, 8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a

d)

8a, 8i,8a,8i,7a,8u,7i,8i,12a

e)

8a, 8a,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a

8.

Gatekna punggelan crita wayang ing ngisor iki!

Sawise tekan alas Setragandamayit, bayi mau dibuwang lan diselehake kareben ana sato utawa kewan bisa mbedhah bayi bungkus mau. Pirang-pirang taun bayi bungkus mau dibuwang ing alas ancase supaya ana sato utawa kewan bisa ngewangi mbedhah bungkus mau. Nanging saeba atose bungkus mau, bayi bungkus mau ora tedhas kuku kewan apadene untu kewan alas. Kepara kewan sing nyoba mbedhah bungkus kasebut kukune padha tatas lan untune ora tedhas. Mula ing kono Arya widura saliyane ngawat-ngawati bungkus mau, dheweke uga tansah semedi nyenyuwun marang Gusti kang Mahawelas supaya bungkus bisa kabedhah. Pungkase, kanthi laku prihatin kang tumemen kang dilakokake Arya Widura lan Prabu Pandhu, para Dewa ing kayangan Suralaya melu cawe-cawe kanggo mbedhah bungkus kasebut.


Pitutur kang bisa kadudut saka punggelan crita wayang ing ndhuwur yaiku…

a)

Yen pengen duwe anak kudu semedi.

b)

Nalika duwe masalah kudu semedi ing alas.

c)

Njaluk tulung marang kewan-kewan ing alas nalika ana masalah.

d)

Nalika duwe masalah aja kendhat anggone nyeyuwun marang Gusti Kang Maha Welas

e)

Nalika duwe masalah kudu nyeluk dewa-dewa ing kayangan Suralaya kanggo mbantu ngrampungke

9.

Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….

a)

Salam pambuka

b)

Ancasing gati

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

e)

Purwaka basa

10.

Gambar panganan tradisional ing dhuwur iku jenenge …

a)

Sega tela

b)

Sega thiwul

c)

Sega gudhang

d)

Sega gendar

e)

Pecel jagung

11.

Ukara ing ndhuwur menawa ditulis latin, yaiku…

a)

Bapak mancing iwak olih 5 kilo

b)

Bapak manjing ning oleh 4 kilo

c)

Bapak mancing ning oleh 5 kilo

d)

Bapak manjing iwak olih 4 kilo

e)

Bapak mancing ning omah olih 4 kilo

12.

Angkara gung neng angga anggung gumulung, pethikan serat wedhatama kasebut nduweni teges ….

a)

Angkara kang gumulung ana ing pribadi

b)

Bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat ala

c)

Angkara murka kang dumunug ing awake dhewe

d)

Yen tumindhak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani

e)

Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara

13.

Bakul buku mau mbanjur metu saka pekarangan, ninggalake padunungan kono. Bareng lakune wis tekan dalan gedhe, nuli enggal-enggal numpak becak tumuju menyang ing kampunge Kartodipuran sarwa kalegan rasaning atine. Satekane ing kampunge, wancine wis ndungkap wektu asar (jam 3.30) Joko Budyantoro mau uga enggal-enggal pamit marang Bu Sastrosarono lan adhine nak ndulur. Sanalika iku banjur budhal bali mulih menyang ing Kampung Megeru dhaerah Sragen.

Kapethik saka : S.H. Purusa, Iramaning Kasetyan Djati, Surakarta, MAS, 1996

Latar utawa setting saka pethikan novel ing dhuwur yaiku ….

a)

Ing Kampung Megeru wayah sore

b)

Ing Kampung Megeru wayah esuk

c)

Ing Kampung Kartodipuran wayah esuk

d)

Ing Kampung Megeru wayah ndungkap ashar

e)

Ing Kampung Kartodipuran wayah ndungkap ashar

14.

Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan kemawon.

Miturut crita ing dhuwur. Pak Kepala Dinas anggone maringi sesorah kanthi metodhe….

a)

Apalan

b)

Impromptu

c)

Ekstemporan

d)

Maos Naskah

e)

Mawi cathetan

15.

Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis n12. Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku…

ampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset yaiku…

a)

Kalpika

b)

Centhung

c)

Cundhuk mentul

d)

Gelang binggel

e)

Kalung sungsun

16.

Ukara ing dhuwur menawa ditulis latine yaiku …

a)

Judul lagune ambyar

b)

Judule lagu ambyar

c)

Judule lagune ambyar

d)

Judul laguku ambyar

e)

Judule laguku ambyar

17.

Crita Jaka Tarub, iku kalebu crita rakyat …

a)

Fabel

b)

Mitos

c)

Dongeng

d)

Legenda

e)

Parikan

18.

GENSET PORTABLE TENAGA SURYA 350 WATT


Bisa kanggo macem-macem prangkat elektronik

(HP, kipas angin, kamera, laptop, dispenser, TV, radio, lsp.)

- Gampang digawa lan dinggo

- Cocok kanggo pegawe lapangan, traveler, panliti, surveyor, lsp.)

- Bobote 8,9 kilogram

Teks iklan ing ndhuwur klebu jinis teks iklan…

a)

Iklan layanan masyarakat

b)

Pengumuman

c)

Iklan televisi

d)

Iklan niaga

e)

Iklan radio

19.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Sandiwara asale saka tembung sandi kang tegese siningit lan tembung wara kang tegese wewarah utawa ajaran.

Tembung “siningit" menawa di andharake yaiku…

a)

si + pingit

b)

sin + ingit

c)

in + singit

d)

in + wingit

e)

sin + singit

20.

Ing ngisor iki kang trep nggunakake aksara swara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
e)
21.

Tembang macapat iku kalebu tembang Jawa kang nggambarake lelakoning manungsa saka wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Tembang macapat apa kang nggambarake menawa manungsa urip neng alam donya iku kedah dituntun utawa digandeng supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing donya ….

a)

Sinom

b)

Kinanthi

c)

Pangkur

d)

Pocung

e)

Maskumambang

22.

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Prayatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

Tansah eling marang tangga teparo

b)

Supaya dicedhakne marang Gustine

c)

Sangune urip yaiku tansah waspada,eling

d)

Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe

e)

Manungsa kudu tansah njaga alam donya

23.

Lintang Wengi

Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih


Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa

Agawe pangungun sadawane gili

Wasana...

Den semu

Gebeya ...?

Panjeriting lintang wengi

Dicelathu sajroning kalbu

Smara jati kang kasipat mendhung

....miris .... jebul datan anyandhak

Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, yaiku ....

a)

Geni

b)

Getih

c)

Sirah

d)

Angin

e)

Kringet

24.

Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Tresna Wurung

Dening: Chris Papa Jaya

nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit

nanging mripat iki panggah akedhep tesmak

wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat

nggodha ati suwung, tumlawung

tresna wurung

dhuh, uwong ayu gantilaning ati

kamitegan, kowe cidra ing janji

oncat datan pepoyan

katut priya tumpakan sedan

lan aku muhung tetep lumaku

atut saparaning suku

sangu ati kang saya wuru

Geguritan kanthi irah-irahan Tresna Wurung ing dhuwur iku nyritakake….

a)

Wong lanang kang katut karo wong wadon.

b)

Wong lanang kang ditinggal sisihane merga bandhane entek.

c)

Wong wadon sing kepincut marang wong lanang sing bagus rupane

d)

Wong lanang sing nyidrani janji wong wadon merga kepincut bandhane liyan

e)

Wong wadon sing nyidrani janji wong lanang merga kepincut bandhane liyan.

25.

Tresna Wurung

Dening: Chris Papa Jaya

nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit

nanging mripat iki panggah akedhep tesmak

wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat

nggodha ati suwung, tumlawung

tresna wurung

dhuh, uwong ayu gantilaning ati

kamitegan, kowe cidra ing janji

oncat datan pepoyan

katut priya tumpakan sedan

lan aku muhung tetep lumaku

atut saparaning suku

sangu ati kang saya wuru

Geguritan kang irah-irahaneTresna Wurung, kalebu jinis geguritan …

a)

Macapat

b)

Wangsalan

c)

Geguritan modern

d)

Geguritan tengahan

e)

Tembang trshisional

26.

Gambar ing dhuwur kalebu piranti ing busana adat Jawa, apa arane piranti kasebut ….

a)

Ikat

b)

Jarik

c)

Timang

d)

Beskap

e)

Blangkon

27.

Dhestar iku wujude lembaran jarik kang wujude segitiga lan carane nganggo dililitake ing sirah lan ditaleni ing buri sirah. Dhestar gagrag Surakarta akeh jinise miturut motif, kayata udheng byur,udheng tengahan, lan udheng celeng. Dene bathikane kayata semenan, ceplokan, lan lerengan,

Apa pokok isi teks ing dhuwur ….

a)

Dhestar gagrag Surakarta akeh jinise

b)

Carane nganggo dhestar dililitake ing sirah

c)

Bathikane kayata semenan, ceplokan, lan lerengan

d)

Motife udheng kayata udheng byur,udheng tengahan, lan udheng celeng

e)

Dhestar iku wujude lembaran jarik kang wujude segitiga lan carane nganggo dililitake ing sirah lan ditaleni ing buri sirah

28.

Apa arane piranti gamelan ing dhuwur ….

a)

Gong

b)

Suling

c)

Kenong

d)

Demung

e)

Bonang

29.

Gambar ing dhuwur kalebu piranti gamelan kang carane nabuh kanthi ….

a)

Dipetik

b)

Ditabuh

c)

Dikebuk

d)

Digesek

e)

Dithuthuk

30.

Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradhisional asli saka Indonesia, mligine ing pulo Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan iku asale saka basa Jawa yaiku gamel kang duwe teges tabuh. Isi gamelan kasebut saprangkat piranti musik sing dianggo ngiring tembang utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindhenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropa lan tlatah liyane.

Paragraph ing dhuwur kalebu teks eksposisi lan nelakake perangan apa ….

a)

Isi

b)

Tesis

c)

Panutup

d)

Dudutan

e)

Argumentasi

31.

1823, menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
e)
32.

Menawa ditulis latin yaiku ....

a)

Ibu ngunjuk zam-zam

b)

Ibu ngunjuk toya zam-zam

c)

Ibu ngunjuke banyu zam-zam

d)

Ibu ngunjuk banyu zam-zam

e)

Ibu ngunjuke zam-zam

33.

Menawa ditulis aksara jawa yaiku ....

a)

Rekasaku ora lekas ilang

b)

Rekasaku ora lekas ilang-ilang

c)

Rekasane ora lekas ilang

d)

Rekasa ora lekas ilang

e)

Rekasane ora ilang-ilang

34.

Menawa ditulis latin yaiku ....

a)

Kanjaku pancen sregep

b)

Kancaku panjen sregep

c)

Kancaku pancen sregepe

d)

Kancaku pancen sregep

e)

Kanjaku panjen sregep

35.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa samya anuladha

Kadya nguni caritane

Andelira sang Prabu

Sasrabau ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni trah utama

Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda iku dadi panuladhan awit ....

a)

Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati.

b)

Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate

c)

Jasane gedhe kanggo negara Alengka.

d)

Duweni watak kang seneng tetulung

e)

Wani mati bela negarane

36.

Kumbakarna kinen mangsah jurit

Mring kang raka sira lenggana

Nglungguhi kasatriyane

Ing tekad datan purun

Among cipta labuh nagari

Tan noleh yayah rena

Myang leluhuripun

Wis mukti aneng Ngalengka

Mangke arsa rinusuk ing bala kapi

Punagi mati ngrana


Miturut tembang ing dhuwur kang bisa tinuladha saka Kumbakarna …

a)

Males sih kabecikan kulawarga Ngastina

b)

Rasa welas asihe marang sasama

c)

Tekade amung labuh Negara

d)

Pinter ing sedaya tumindhak

e)

Wedi karo kakange

37.

Ing tekad datan purun

Tegese gatra ing dhuwur yaiku ….

a)

Tekade ora gelam

b)

Lali marang satriya

c)

Lali marang leluhur

d)

Lali marang panguwasa

e)

Nglalekake patuladhan iku

38.

Aja lungguh, ngadheg utawa ndhodhok ing tengah lawang mundhak adoh jodhone.

Ukara ing dhuwur kalebu ….

a)

Parikan

b)

Wangsalan

c)

Gugon tuhon salugu

d)

Gugon tuhon kalebu wewaler

e)

Gugon tuhon isi wasita sinandi

39.

Sajroning urip bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis uwise. Saka wewaler kasebut bisa dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae. Ana ing sekolahan minangka bocah sekolah sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel lan cubria marang kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mangkono kuwi mau bisa njalari cecongkrahan marang kancane dewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat lan ngurmati.

Apa wos surasane paragraf ing dhuwur ….

a)

Aja njalari cecongkrahan marang kancane.

b)

Wewaler iku samubarang kang ora oleh diterak

c)

Manungsa urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine

d)

Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat an ngurmati

e)

Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis uwise

40.

Aja mangan neng ngarep lawang,mengko ana bethara kala nganglang jagad. Nilai luhur apa kang ana ing tuladha gugon tuhon ing dhuwur ….

a)

Paling penak mangan neng warung

b)

Menawa mangan ana ngarep lawang iku ora ilok amarga lawang iku sranane wong liwat.

c)

Menawa mangan ana ngarep lawang iku ora jenak amarga lawang iku ana ing ngarepan

d)

Menawa mangan ana ngarep lawang iku ora jenak amarga lawang iku sranane pager omah

e)

Menawa mangan semendhe ana lawang iku ora ilok amarga lawang iku sranane wong liwat.