Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Geguritan VIII C

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Sing diarani puisi Jawa modheren/puisi bebas yaiku ….

a)

Tembang macapat

b)

Tembang campursari

c)

Geguritan

d)

Cerkak

2.

Geguritan kalebu puisi gagrag anyar utawa Puisi Jawa Modheren amarga ….

a)

ora kaiket dening paugeran tertamtu

b)

nganggo lelewaning basa

c)

isine kang mentes

d)

diwaca nganggo munggah medhun suara

3.

Titikane geguritan kacetha ing ngisor iki, kajaba ….

a)

Ana kalane nganggo lelewaning basa (gaya bahasa)

b)

Cacahing gatra ajeg lan wis gumathok

c)

Tetembungane pilihan

d)

Isine mentes

4.

Paugerane geguritan kacetha ing ngisor iki, kajaba ….

a)

Kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, guru lagu kaya dene tembang.

b)

Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.

c)

Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetara wae.

d)

Isi pitutur, piweling, kritik, protes, pamundhut, lsp.

5.

Maca geguritan yen perlu dibolan-baleni amarga ….

a)

Kanggo mangerteni isine geguritan.

b)

Kanggo nggoleki dasanamane

c)

Kanggo ngapalke

d)

Kanggo menehi tandha sigeg.

6.

Rina lan wengi luhmu dleweran

Tanpa kendhat ndedonga marang pangeran

Kowe kepingin panjalukmu katekan

Kanggo ngisi urip kang mung sepisan


Pethikan geguritan ing ndhuwur nyritakake ….

a)

Wong kang uripe rekasa

b)

Wong kang tansah ndedonga

c)

Wong kang tansah nangis

d)

Wong kang duwe pepenginan

7.

Padhang rembulan purnama,

Padhang jingglang tanpa mega, kadya rina,


Tegese ukara ing ndhuwur yaiku ….

a)

Awan kang padhang banget

b)

Langit kang padhang banget

c)

Langit kang padhang amarga rembulan

d)

Bengi kang padhang kaya awan amarga anane rembulan

8.

Anggone maca geguritan nganti luhe dleweran, amarga pancen isine geguritan kang gawe sedhih lan trenyuh.

Anggone maca geguritan Andi wis ngecakake ….

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wiraga

d)

Wirasa

9.

Nalika maca geguritan durung bisa mbedakake pangucape antarane t karo th, d karo dh, bab iki ateges anggone maca durung bisa ngecakake ….

a)

wicara

b)

wirama

c)

wiraga

d)

wirasa

10.

Langit wetan bang rerayungan

Codhot-kalong luru pandhelikan

Samirana sumribit amidit

Bareng karo ecehing kukila

Pada manembrama asung pepuji

Sesanti rahayu

Geguritan ing dhuwur titimangsane kira-kira dumadi ing wanci ….

a)

esuk

b)

awan

c)

sore

d)

bengi