NEW
Font size
WorksheetsPTS Genap Kelas 6 Bahasa Jawa: Sesorah
Total questions: 15
Worksheet time: 30mins
Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….
nulis
micara
maca
nyemak
Bab sing diandharake sajrone pidhato iku awujud ….
karepotan
kabutuhan
negosiasi
informasi
Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....
teknik pidhato
urutan pidhato
paraga pidhato
kerangka pidhato
Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake ekspresi, yaiku ....
swara kang lirih
lafal utawa pangucape tembung kang cetha
intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep
polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato
Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!
Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….
salam pidhato
panutup pidhato
isi pidhato
cengkorongan pidhato
Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!
....
Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.
Sajroning pidhato, kutipan iku nuduhake bagian ….
salam pambuka
purwaka
surasa basa
dudutan
Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!
....
Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.
Basa sing digunakake ing kutipan pidhato ing dhuwur yaiku ….
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
krama inggil
Sebutan kanggo wong kang nglantarake pidhato yaiku ….
orator
guru
mubaligh
orasi
Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ….
bapak ibu ingkang winantu ing suka basuki
cekap semanten atur kula
mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung
karesikan iku wujud saka satengahe iman
Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....
ngringkes pidhato
mbiji isine pidhato
nulis isine pidhato
nggampangake gawe teks pidhato
Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....
sing nonton
materi pidhato
sing nata swara
pranata acarane
Panyawange mripat nalika pidhato becike ....
mangisor
mandhuwur
tumuju ana ing teks
tumuju ing pamireng
Sajrone pidhato, uluk salam iku kalebu ana ing perangan ....
purwaka
isi
panutup
katrangan
Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.
Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.
Ukara ing ndhuwur medhote sing bener yaiku ....
Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//
Sumangga/Panjenengan/sedaya/kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//
Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//
Sumangga/Panjenengan sedaya/kula dherekaken/ngaturaken raos syukur/konjuk ing ngayunan dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//
Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.
Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.
Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ....
Cekap semanten atur kula.
Karesikan iku wujud saka satengahe iman.
Bapak Ibu ingkang winantu ing suka basuki.
Mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.
