NEW
Font size
WorksheetsUTS Kelas X Basa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 25mins
Serat Wedhatama kaanggit dening KGPH Mangkunegara IV, kang nduweni teges....
Ajaran sing bener
Ajaran bab ilmu kasekten
Piwulangan sing kudu ditiru
Piwulangan utama
Piwulangan alam gaib
Damel tembang macapat, kedah wonten tata aturane. Salah sijine yaiku pathokane tembang macapat. Dene cacahing larik saben sebait/ sepada diarani....
Guru wilangan
Guru lagu
Pada/ bait
Guru gatra
Guru swara
Tembang macapat nduweni cacah 11, lan saben tembang nduweni watak kang beda-beda. Dene kang dadi watake tembang Sinom yaiku....
Grapyak
Luwes, resep
Sembrana
Galak
Sedhih
Saben tembang macapat, nduweni pathokan kang beda-beda. Menawa tembang Sinom, nduweni guru wilangan lan guru lagu....
10i, 6o, 10e, 10i, 8i, 6u, 7i, 8a
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8o, 7i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i, 12i
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a, 11i, 7a
Gatekaken tugelan tembang macapat Sinom ing ngisor iki!
Sun sesuwun mring Pangeran
Ing siyang pantara ratri
Tebihna tulak sarik
Antuk nugraha Hyang Agung
Tembung ratri tegese....
Awan
Sore
Wengi
Esuk
Wingi
Tembang kaperang dadi 3 golongan, yaiku tembang gedhe, tengahan lan alit/ macapat. Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku....
Balabak
Wirangrong
Kupu kuwi
Durma
Pamularsih
Daur hidup manungsa digambaraken kaya tembang macapat. Saben tembang nduweni gambaran kang beda-beda. Menawa ana gambaran uripe manungsa kang nglakoni dadi nom-noman iku kagambar ing tembang....
Mijil
Sinom
Pocung
Gambuh
Asmaradana
Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawa
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
Kang dicritakake ing larik-larik tembang Sinom ing inggil yaiku....
Kapati amarsudi
Raja ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Raja ing tanah Jawa
Wong sing lagi mertapa
Tembang macapat kang cacahing gatra luwih akeh tinimbang tembang Sinom yaiku....
Megatruh
Dhandhanggula
Pangkur
Kinanthi
Mijil
“Panembahan Senapati wong Agung ing Ngeksiganda”. Tembung Ngeksiganda nduweni teges....
Nusantara
Ngastina
Keraton
Mataram
Yogyakarta
Wayang nduweni teges ing ngisor iki, kejawi....
Gegambaran watak lan jiwa manungsa
Boneka kang katon endah
Pagelaran nganggo boneka kang katon endah
Roh ingkang saged damel beja cilakaning manungsa
Pengejawantahan pribadi manungsa
Miturut sejaraeh, wayang purwa wis ana awit kerajaan....
Kediri
Majapahit
Kahuripan
Singosari
Demak
Lakon wayang kang nyritakake perange Pandhawa lan Kurawa sinebut....
Kresna Duta
Bharatayudha
Mahabharata
Ramayana
Bisma Gugur
Wong kang gaweyane nembang/ nglaras ing pagelaran wayang diarani....
Dhalang
Sindhen
Nayaga
Cucuk lampah
Penyimping
Ubarampe/peralatan kang dinggo ing pagelaran wayang ana maneka warna, tuladhane kelir. Dene kang ditegesi kelir yaiku....
Bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng. Panjangipun 12 meter, wiyaripun 1,2-2 meter.
Suluh/ deles kapuk lenga klentik.
Piranti kang kadamel saking lulang tinitah lan sungging (kagambar) manut lakonipun.
Piranti kanggo nanjebna wayang.
Piranti kangge ngapit wayang.
Sapa kang dadi jenenge ibune Bima?
Dewi Gendari
Dewi Madrim
Dewi Kunthi
Dewi Drupadi
Dewi Sinta
Tan ana senjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Tembung “tan” tegese....
Tanpa
Ora
Akeh
Mawi
Nganggo
Ing ngisor iki sedulure Bima Bungkus kang ora kalebu aran Pandhawa yaiku....
Yudhistira
Arjuna
Nakula
Sadewa
Duryudana
Ing negara Astina, Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi gadhah putra kang awujud Bungkus. Bayi kang nomer loro diarani Bima Bungkus. Tan ana senjata kang tumawa kanggo mbedah si Bungkus. Anane si Bungkus ndadekake gegere suralaya, ananging kahanane Bima kang awujud Bungkus iku amarga lagi nglakoni karmane kang mengkone bakal dadi ksatriya kang sejati.
Miturut pethikan teks ing inggil, amanat ingkang saged kapendhet yaiku....
nggayuh ilmu kanthi temenan ora nggampangna
nuntun ilmu kudu ikhlas, supados kasil
kedah percaya karo Gusti Ingkang Maha Agung
kedah sabar kaliyan ingkang sampun dumados
tansah tulung-tinulung kaliyan tiyang sanes
Raden Werkudara iku satriya kang gagah perkasa, nduwe gada jenenge....
Wesi gligen
Rujak polo
Sapu jagad
Panah
Tombak
Paraga ingkang tinanggenah nata acara, nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamunan upacara, ingkang samoun karantam dipunwastani....
A. Waranggana
Juru bicara
Pranatacara
Panayagan
Cucuk lampah
Nalika nindakaken ayahanipun, pranatacara kedah nggatosaken werni-werni bab supados tugasipun nglantaraken rantamaning saunggaling adicara saged lumampah kanthi lancar lan kanthi kasil maremaken. Bab-bab ingkang kedah dipungatosaken, kejawi....
Wicara
Wiraga
Wikrama
Wirasa
Wirama
Jeneng liyane prantacara ing ngisor iki, kejawi....
Pambyawara
Pranata titi laksana adicara
Master of ceremony (MC)
Pambiwara
Cucuk lampah
Ajining raga saka busana. Unen-unen mau nduweni teges....
Apa sing kita anggo, nuduhaken sapa sebenere kita
Busana sing endah, nuduhaken nek kita kalebu wong sing duwe
Apa sing tumempel neng awak kita, kudu digatekake kanthi temenan
Dadiya wong sing bisa nggawa awak kalebu neng babagan busana
Nek panganggo-anggo kudu sing luwes, dijumbuhaken karo temaning acara
Pakaryan pranatacara sanes pakaryan ingkang awrat, sinten kemawon saged nindakaken pakaryan punika. Namung kemawon kathah tiyang ingkang sami ajrih lan boten wantun menawi dipunajab dados pranatacara. Teng ngandhap punika alesan-alesan tiyang boten purun dados pranatacara, kejawi....
Ajrih menawi lepat, mangke saged dados panacad
Boten remen kaliyan profesi pranatacara amargi profesi punika profesi ingkang katilar jaman
Boten winasis teng bab basa lan reroncening ukara, mbok ndandosaken lumampahing adicara boten kados ingkang dipunkajengaken
Boten percaya dhiri, amargi boten biyasa lan mangkenipun sedaya mripat ningali punika dadosaken sansaya boten percaya dhiri
Rumaos boten mumpuni bab profesi pranatacara, awit panci kirang gladhen lan usaha
Nalika lagi matur neng ngarepe wong akeh, tetembungan lan ukara sing kawetu kudu cetha lan ora gropyok, nggatosaken rindhi rikatipun, ampun ngantos kasesa. Katrangan neng dhuwur kalebu bab....
Wirasa
Wirama
Wiraga
Wicara
Wiyata
Pethikan teks pranatacara!
Ing wasana, kula nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggalih..
Ukara ing inggil kalebu perangan... ing prantacara.
Atur pambuka
Pangajab
Wasana basa
Surasa basa
Salam panutup
Pranatacara pancen kudu sarwa kewes sekabehane, kudu bisa mapanaken awak neng sakabehing kahanan. Mula kaya-kaya pranatacara kuwe sarwa sampurna, ora ana cacade. Sekang wirasa, wicara, wiraga lan wirama kudu digatekake. Sing ana gegayutane karo wirasa yaiku....
Panganggon-anggone kudu bisa jumbuhaken karo adicara
Swarane kudu mantep lan los
Pangrasane kudu bisa nyawiji karo temaning adicara
Mature kudu tatas, titis, tetes
Pocaping tetembungan kudu cetha, ora gropyok
Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
Salam pambuka
Ancasing gati
Surasa basa
Wasana basa
Purwaka basa
Pangolahing raga dadi sarat pranatacara supaya bisa kasil sae, patrap kang ora wedi, ora grogi lan gemeter menawa nindakake pakaryan pranatacara diarani....
Malagawa
Magatra
Maraga
Mawashta
Malaksana
Kabudayan jawa mligine kasusastran Jawa kuwe pancen werna-werna banget. Tembung loro sing meh padha pangucapane lan uga panulisane mung beda wanda wekasan nganggo “a” lan “i” sing nduweni teges lanang lan wadon, diarani tembung....
Kawi
Entar
Yogyaswara
Rura basa
Panyandra
Dawa tangane, nduweni teges....
Seneng aruh-aruh
Seneng aweh
Seneng njaluk
Seneng tetulung
Seneng njupuk
Adang sega, menek klapa, mbunteli tempe, kalebu tembung....
Entar
Rura basa
Kawi
Yogyaswara
Pepindhan
Tembung kartika, bantala, bagaskara kalebu tembung....
Kawi
Rura basa
Yogyasawara
Entar
Panyandra
Lembeyane mblarak sempal. Ukara mau kalebu....
Entar
Yogyasawara
Kawi
Panyandra
Rura basa
Tembung entar yaiku tembung sing ora bisa ditegesake sawantaeh bae, merga duweni teges liya. Apa fungsi tembung entar neng sajroning teks pranatacara....
Kanggo pangendah-endahing teks
Kanggo nambah grengseng swasana adicara
Kanggo nambah sibuk para rawuh
Kanggo ngungkapaken sawijining perkara kanthi cara sing beda
Kanggo nggambaraken sawijining kahanan
Nalika kita teka neng adicara temanten, ana priyantun sing ngendika nglantaraken tata urutaning adicara lan nyandra apa sing ana neng kana. Saka penganten leloro, kulawarga nganti tekan tamune uga melu dicandra. Tembung dicandra nduweni teges....
Diasorake
Digambarake
Diluhurake
Dialembana
Diumpamakna
Dewa-dewi, prameswara-prameswari, widadara-widadari kalebu tembung....
Entar
Kawi
Panyandra
Rura basa
Yogyaswara
Tawon kemit, silite kuning. Wis pamit, bali maning. Ukara kasebut kalebu....
Sanepa
Wangsalan
Parikan
Geguritan
Rura basa
Neng ngisor iki sing ora nggambaraken candrane awak yaiku....
Alise nanggal sepisan
Rambute ngembang bakung
Tangane nggandhewa pinenthang
Tandange kaya benteng ketaton
Drijine mucuk eri
