wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN LAPORAN KEGIYATAN 9

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Tulisan sing isine ngandharake lumakune sawijine kegiyatan sing mentas diayahi diarani….

a)

Karangan dheskripsi

b)

Laporan observasi

c)

Laporan kegiyatan

d)

Karangan narasi

2.

Struktur teks laporan kegiyatan sing runtut yaiku….

a)

Pambuka, isi, lan dudutan

b)

Isi, saran, lan atur panuwun

c)

Pambuka, isi, lan atur panuwun

d)

Pambuka, isi, lan panutup

3.

Sing ora kelebu struktur laporan kegiyatan yaiku ....

a)

Dudutan

b)

Pambuka

c)

Panutup

d)

Isi

4.

Bagean teks sing nerangake lelandhesan/latar belakang lan tujuwan dianakake kegiatan, diarani....

a)

Isi

b)

Dudutan

c)

Pambuka

d)

Panutup

5.

Gatekna paugeran ing ngisor iki!

1. Jinis kegiyatan

2. Tujuwan dianakake

3. Peserta lan panitia

4. Wektu lan panggonan

5. Lelandhesan kegiyatan

6. Atur panuwun


Kang kelebu struktur teks kegiyatan bagean isi yaiku nomer….

a)

1,2,3

b)

1,3,4

c)

2,3,4

d)

2,5,6

6.

Sing kelebu perangan isining laporan kegiyatan, kejaba ....

a)

Jeneng kagiyatan

b)

Tujuwan kegiyatan

c)

Wektu kegiyatan

d)

Jeneng kelompok

7.

Ngandharake manawa adicara wis kaleksanan kanthi lancar, lan sapiturute kalebu struktur teks palapuran ing perangan ....

a)

Dudutan

b)

Panutup

c)

Isi

d)

Pambuka

8.

Ing ngisor iki kalebu paugeran nulis teks palapuran kegiyatan, kajaba….

a)

runtut manut struktur

b)

nganggo basa kang endah

c)

dilampiri data lan foto

d)

gampang dingerteni

9.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1. Kegiyatan karya wisata dilaksanakake tanggal 13 nganti 15 Maret 2021

2. Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester genep

3. Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kalaksanan kanthi lancer

4. Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah.


Ukara sing trep kanggo bagean pambuka ing laporan kagiyatan yaiku ing ukara nomer….

a)

1 dan 2

b)

2 dan 4

c)

1 dan 3

d)

3 dan 4

10.

Gatekna pethikan laporan kegiyatan iki!


LAPORAN KAGIYATAN SOSIALISASI SAMPAH ORGANIK

Jenis kegiyatan : Sosialisasi sampah organik

Peserta : 345 siswa, 10 guru, 5 TU

Wektu : Selasa, 15 Maret 2021( 08.00 – 10.00 )

Panggonan : Latar ngarep SMPN 22 Surabaya

Kagiyatan sosialisasi sampah organik ing SMPN 22 Surabaya dikarapake bisa nggawe siswa siswa lebih teliti milah sampah, bisa ngolah sampah organik, bisa njaga keresikan lingkungan lan bisa mraktekna ing kagiyatan saben dina.


Manut pethikan laporan kegiyatan kasebut lumrah manggon ing ....

a)

Dudutan

b)

Isi

c)

Panutup

d)

Pambuka