Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Ujian Sekolah Bahasa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

2.

Sawijine wektu anggone mlaku-mlaku ngliwati guwa pandhelikane Brandhal Loka Jaya. Guwa kuwi gedhe baget. Sunan Bonang ngersakake mlebu didherekake para muride. "Guwa punika kathah lompongipun, Kanjeng Sunan." Ature sawijine murid. Dheweke banjur gawe oncor kanggo pepadhanging laku ing njero guwa."Ing lebet sajak wonten swantenipun toya mawi wirama endah."...


Latar utawa panggonan kang kagambarake jroning pethilan crita rakyat ing nduwur yaiku ….

a)

ing kali

b)

ing guwa

c)

ing kraton

d)

ing pesanggrahan

3.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....

a)

Sudut Pandang

b)

tema

c)

alur

d)

kehidupan sosial penulis

4.

Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....

a)

Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu

b)

Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan

c)

Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa

d)

Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul

5.

Gajahmada jenenge misuwur wiwit Kraton Majapahit, sawijine kraton sing kaloka (terkenal) merga pengarepe sing kepengen nyawijekake Nusantara. Wusanane Gajahmada kasil bisa nyawijikake Nusantara ing bumi Majapahit.

Cerkak ing ndhuwur paraga sing dicritakake jenenge ….

a)

Nuswantara

b)

Majapahit

c)

Gajahmada

d)

Kraton

6.

“Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiatan karya wisata lan asile bisa luwih apik”, iki klebu struktur teks palapuran kagiyatan ing perangan ….

a)

pembuka

b)

wos

c)

panutup

d)

dudutan

7.

1) isi

2) pengarep-arep

3) pamuji

4) pembuka

5) penutup

Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ….

a)

2,3,5,1,4

b)

4,3,1,2,5

c)

4,2,1,3,5

d)

4,1,3,2,5

8.

Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?

a)

pewawancara

b)

narasumber

c)

tujuan

d)

informasi

9.

Getekna

1. Nulis bab bab sing penting/ngrekam.

2. Nemtokake tujuan lan tema wawancara kanga rep ditakokake.

3. Nindakake wawancara nggunakake unggah ungguh basa sing apik lelandesan dhaftar pitakon kang digawe.

4. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedoman nalika wawancara.

5. Nganakake pasetujon karo narasumber.

Urutna bab-bab kang kudu ditindakake nalika arep wawancara …..

a)

1, 2, 4, 3

b)

3, 5, 4, 2, 1

c)

2, 4, 5, 3, 1

d)

5, 4, 3, 2, 1

10.

Ukara pitakon saka ukara andharan "adik njalok tumbas buku anyar". yaiku ....

a)

sapa sing arep njaluk tumbas buku anyar?

b)

kepiye carane tumbas buku anyar?

c)

apa sing dijaluk dining adimu?

d)

kapan adimu njaluk buku anyar?

11.

Ragam Basa ing basa Jawa menika ingkang dipunginakake dening tiyang enem dhateng tiyang sepuh inggih menika ....

a)

Krama alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Ngoko alus

12.

Ragam basa ingkang dipunginakake dening karyawan dhateng atasan ingkang langkung enem inggih menika ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Kromo alus

d)

Krama lugu

13.

perangan crita kang ngandhrake

paraga utama ing crita

lagi ngalami prakara (masalah)

kang ruwet (perumitan) diarani...

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

14.

perangan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing

crita kasebut, watak wantune

(karakter), latar papan, lan wektu dumadine crita, lan minangka

wiwitane mlebu ing sajroning crita diarani...

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

15.

Drama sing polah tingkah (tingkah laku) paragane (pemainnya) gawe guyu wong sing nonton (penontone) diarani drama ….

a)

dagelan

b)

tradisional

c)

modern

d)

passie

16.

ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani...supaya crita sandiwara mau bisa urip.

a)

tragedi

b)

urutan

c)

konflik

d)

alur

17.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

b)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

c)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

d)

Tata urutan lumakune crita

18.

Eyang Kakung lungguh ing kursi goyang. Yen diowahi karma alus yaiku ….

a)

Eyang Kakung lungguh nang kursi goyang.

b)

Eyang Kakung lungguh wonten ing kursi goyang.

c)

Eyang Kakung lenggah wonten ing kursi goyang.

d)

Eyang Kakung lenggah nang kursi goyang

19.

Bu Lurah ndherekake Bu Camat kondur. Tembung nderekake tegese ….

a)

ngancani

b)

ngeterke

c)

ndelokake

d)

ngakon

20.

Antonime tembung kesed yaiku ….

a)

pinter

b)

apik

c)

landep

d)

sregep

21.

Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan, diarani ….

a)

tema

b)

paraga

c)

pacelathon

d)

drama

22.

Ing ngisor iki, sing ora kalebu bab bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradisional yaiku ….

a)

nemtoake para paraga lan watake kang selaras karo isine crita

b)

crita kang ngandhut crita kang jaman biyen lan isine terkadhang ora kalebu ing nalar

c)

nemtoake sawijining crita drama kang bakal ditulis dadi teks/skenario drama

d)

nemtoake pacelathon lan adegan salaras karo isine crita

23.

Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbagrangkep dwilingga salin swara yaiku ….

a)

murid-murid

b)

mangan

c)

tuka tuku

d)

nuturi

24.

Ukara ing ngisor iki seng kalebu tuladhane ukara camboran raketan yaiku …

a)

Aku mangan gorengan banjur ngombe es teh.

b)

Hasan ora sido dolan amarga simbah lagi rawuh.

c)

Raisa ora sido mangan amarga segone entek.

d)

Aku ngorek peyek kacang lan adhiku sinau Basa Jawa.

25.

Aku lagi ndilok televisi, bapak maca koran, ibu masak orem-orem tempe.

Ukara ing nduwur kalebu ukara ….

a)

camboran

b)

camboran sajajar

c)

camboran raketan

d)

camboran susun