wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Persiapan PAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki sing tegese drama dukaria yaitu...

a)

Drama kanthi alur sing sebenere luwih mathuk kanggo drama sedhih, nanging pungkasane malah ndedekake bagya.

b)

Drama kang mligi nggambarake susah sungkawane paraga utama

c)

Drama sing mujudake tetirone wijud tragedhi, kang tansah atema katresnan lan jeneng becik

d)

Drama keagamaan ngemu teges pepindahan kang isine konflik antaraning bab kebecikan lan kewesingan

2.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!

Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.


Latar jroning pethilan cerita ing nduwur yaiku ing…

a)

Panggonan sampah

b)

Embong

c)

Omahe Ria

d)

Sekolah

3.

Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!

Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah.


Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks klebu perangane...

a)

Ending

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Eksposisi

4.

Gatekna pacelathon cerita drama ing ngisor iki!

Klething Abang: "Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!"

Klething Kuning: "Inggih Mbak Yu sendika dhawuh"


Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku...

a)

Ladak/galak

b)

Gampang iri

c)

Pilih kasih

d)

Sombong

5.

Gatekna pacelathon cerita drama ing ngisor iki!

Avilia: “Putra, lek misale kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan?”

Putra: “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”

Avilia: “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”

Putra: (Kaget) “Loh, opo’o?”

Avilia: “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah sing apik ndek Jakarta.

Putra: "Mboh, karepmu!"


Alur jroning cerita ing nduwur yaiku...

(a)  

6.

Gatekna paugeran ing ngisor iki!

1. Jinis kegiyatan

2. Tujuwan dianakake

3. Peserta lan panitia

4. Wektu lan panggonan

5. Lelandhesan kegiyatan

6. Atur panuwun


Kang kelebu struktur teks kegiyatan bagean isi yaiku nomer...

a)

1, 2, 3

b)

1, 3, 4

c)

2, 3, 4

d)

2, 5, 6

7.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1. Kegiyatan karya wisata dilaksanakake tanggal 13 nganti 15 februari 2020

2. Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil

3. Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kalaksanan kanthi lancer

4. Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bias nglumpukake data tinggalan sejarah.


Ukara sing trep kanggo bagean pambuka ing laporan kagiyatan yaiku ing ukara nomer…

a)

1 lan 2

b)

1 lan 3

c)

2 lan 4

d)

3 lan 4

8.

Gatekna cuplikan teks laporan kegiyatan ing ngisor iki!


Kegiatan Sosialisasi Sampah Organik

Sampah organik utawa diarani sampah teles yaiku sampah kang iso didaur ulang dadi pupuk. Sampah organik contohne yaku kotoran kewan, godong garing dll. Jaman saiki akeh masyarakat kang ora iso mbedakno sampah organik lan anorganik. Hal iki nyebabake sampah kasebut ora iso utawa angel diuraiake. Sampah organik iki asline nduwe guna bagi masyarakat akeh yen kita bisa ngolah.

1. Siswa dikenalake sampah organik

2. Siswa diajari cara milah sampah sampah organik lan anorganik


Ukara kang digaris ngisor kelebu…

a)

Lelandhesane laporan kegiyatan

b)

Andharan bab asil kegiyatan

c)

Tujuwan kegiyatan

d)

Waktu lan panggonan kegiyatan

9.

Sing kelebu perangan isining laporan kegiyatan, kejaba...

a)

Jeneng kegiyatan

b)

Wektu kegiyatan

c)

Tujuwan kegiyatan

d)

Jeneng kelompok

10.

Gatekna pethikan teks laporan kegiyatan ing ngisor iki!


Kegiatan Sosialisasi Sampah Organik

Jenis kegiyatan : Sosialisasi sampah organik

Peserta : 345 siswa, 10 guru, 5 TU

Wektu : Selasa, 15 Maret 2021( 08.00 – 10.00 )

Panggonan : Latar ngarep SMPN 22 Surabaya

Kagiyatan sosialisasi sampah organik ing SMPN 22 Surabaya dikarapake bisa nggawe siswa siswa lebih teliti milah sampah, bisa ngolah sampah organik, bisa njaga keresikan lingkungan lan bisa mraktekna ing kagiyatan saben dina.


Manut pethikan laporan kegiyatan kasebut lumrah manggon ing...

a)

Dudutan

b)

Isi

c)

Pambuka

d)

Panutup

11.

Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa ngoko alus inggih menika...

a)

Ibuk saweg mundhut gendhis wonten ing wande

b)

Benjang enjang, njenengan ten dalem boten mas?

c)

Saben esuk bapak mangkat kantor numpak pit

d)

Nuwun sewu bapak, menawi kepareng badhe kepanggih njenengan

12.

"Mengko sore ibu badhe mundhut ulam ing pasar Bantul"

Ukara punika kalebet ukara basa

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

13.

Aksara jawa ing nduwur diwaca...

a)

Siwon artis korea paling bagus.

b)

Siwon iku artis korea paling bagus.

c)

Siwon dadi artis korea paling bagus.

d)

Siwon yaiku artis korea paling bagus.

14.

Aksara jawa ing nduwur diwaca...

a)

Zakat fitrah dibayar ing wulan pasa.

b)

Zakat fitrah dibayar nalika pasa.

c)

Zakat fitrah dibayar ing wulan bada.

d)

Zakat fitrah dibayar nalika bada.

15.

Aksara ing dhuwur diwaca...

a)

Aku bangga dan cinta Indonesia

b)

Aku bangga lan cinta Indonesia

c)

Aku seneng lan cinta Indonesia

d)

Aku seneng dan cinta Indonesia

16.

Ukara dumadi saka ukara lamba loro/luwih kang siji-sijine ukara mau isih medheg dhewe-dhewe serta surasane ukara kasebut ana gandheng jenenge diarani ukara...

a)

Camboran

b)

Camboran susun

c)

Camboran raketan

d)

Camboran sajajar

17.

Ukara camboran kang kadadeyan saka ukara lamba sing diraketake, kanthi nghilangi gatra/tembung sing padha dijupuk salah siji, diarani ukara...

a)

Camboran

b)

Camboran raketan

c)

Camboran susun

d)

Camboran sajajar

18.

Ing ngisor iki sing kelebu ukara camboran sajajar yaiku...

a)

Aku lagi nggambar layangan, bapak maca koran, dene adhiku asyik komputeran

b)

Adhik ora sida dolan amarga Eyang Putri lagi rawuh

c)

Aku mangan sega krawuh bangur ngombe jus alpukat

d)

Aku sinau matematika, adhiku sinau basa Jawa, kangmasku sinau basa Indonesia

19.

"Kowe kudu sopan marang bapa biyung!"

Ukara "bapa biyung" ing nduwur kelebu ukara...

a)

Camboran wutuh

b)

Camboran tugel

c)

Camboran tunggal

d)

Camboran wudar

20.

"Ibu tumbas semar mendem kanggo nyuguh pakdhe Narto"

Ukara "semar mendem" ing nduwur kelebu ukara...

a)

Camboran wutuh

b)

Camboran tugel

c)

Camboran tunggal

d)

Camboran wudar

21.

Raden Ajeng Kartini maos majalah ing mburi omah.

Ukara “Raden Ajeng Kartini” kalebu ukara lamba, yaiku...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

22.

Ukara kang ngandharake sawijining kadadeyan utawa prakara marang wong sing dijak guneman, diarani ukara...

a)

Pitakon

b)

Camboran

c)

Lamba

d)

Andharan

23.

Para siswa kelas 9 nulis laporan kagiyatan

Ukara “nulis” kalebu ukara lamba, yaiku...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

24.

Para siswa klas 9 SMP Raudlatul Jannah ngawe projek tape saka telo.

Ukara kasebut kalebu ukara...

a)

Andharan

b)

Pitakon

c)

Camboran

d)

Perintah

25.

Ing ngisor iki kang kelebu ukara lamba bagean lesan, yaiku...

a)

Ibu ngudek dodol limang kilo kanggo lamaran mbak Ratih

b)

Bus Jurusan Tegal transit ana setengah jam luwih

c)

Jumadi biasa adol klapa ing pasar Pahing pojokan

d)

Wingi Bu Dhewi ngecekne gula darah ing lab Kencana