NEW
Font size
WorksheetsPTS Genap XI B. Jawa, 2020/2021
Total questions: 30
Worksheet time: 2hrs 30mins
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manon
Miturut titikane cakepan ing dhuwur kalebu tembang ...
Maskumambang
Sinom
Kinanthi
Asmaradana
Gambuh
Tembang gambuh anggitane ...
Sri Sultan Hamengkubuwana
K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
Sunan Kalijaga
Walisongo
Paku Buwana
Samêngko ingsung tutur ateges …
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Setitekna apa kang takandharake
Iku wujud kanugrahan Gusti
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
Sembah catur supaya lumuntur ateges ...
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Setitekna apa kang takandharake
Iku wujud kanugrahan Gusti
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
Tembung "ingsun" dasanamane yaiku ...
dheweke
kowe
panjenengan
aku
sampeyan
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Pamoting ujar iku
Kudu santosa ing budi teguh
Sarta sabar tawakal legaweng ati
Trima lila ambeg sadu
Weruh wekasing dumados
Wosing pada ing ndhuwur yaiku ….
Nyuda napsu tanpa nganggo ati kang sabar tumindak kang ngati-ati.
Tansah sabar supaya tumindake bisa tansah ngati-ati
Kanthi ati kang mantep lan sabar narima ing pandum.
Tumindak kudu telaten supaya kajen.
Tuladha tumindak kang sejati.
Weruh wekasing dumados
Tembung kang padha tegese tembung wekasing yaiku ….
lekasing
pungkasaning
wiwitaning
madyaning
surasaning
Wateke tembang Gambuh yaiku ...
welas asih
galak
kasmaran
mituturi
nelangsa
Guru wilangan, guru lagu lan guru gatra kang bener kanggo tembang Gambuh yaiku …
7u, 10u, 12i, 8u,8o
7u, 10i, 12i, 8u, 8o
8u, 81, 8a, 8i, 8a, 8i
10i, 60, 10e, 10i, 6i, 6u
12a, 7i, 6a, 7a, 12u, 8a, 8i
Crita kang dumadi wiwit jaman biyen lan ora dimangerteni sapa kang nganggit lan dumadi kanthi gethok tular diarani ...
cerkak
cerbung
crita rakyat
novel
sinopsis
Dongeng kang paragane kewan lan bisa wawan-gunem kaya manungsa diarani ...
fabel
mite
sage
farabel
legenda
Kang kalebu mite yaiku …
Ken Arok lan ken Dedes
Rama lan Sinta
lelembut
Babad Tanah Jawa
Walisongo
Kang ora kalebu titikane crita rakyat yaiku ….
anonim
nyata anane
statis
kalebu karya kolektif
imajiner
Kang ora kalebu unsur intrinsik crita rakyat yaiku ...
amanat
alur
point of view
paraga
dialog
Piweling utawa piwulang luhur kang kaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca diarani ...
alur
point of view
paraga
amanat
pangripta
Nyekakake crita rakyat kanthi tetep nggatekake unsur-unsur intrinsik crita rakyat kasebut ...
sinopsis
cerkak
cerbung
novel
crita rakyat
Crita rakyat iku ngemu nilai-nilai piwulang, salah sijine yaiku nilai moral. Nilai moral yaiku ….
nilai kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan lan karya cipta manungsa
nilai kang nduweni gegayutan tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha
nilai kang nduweni gegayutan karo tumindak kang apik
nilai kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare uripe manungsa lan masyarakat
nilai kang nduweni nilai-nilai kang apik lan ala
Ing ngisor iki kang ora kalebu nilai-nilai crita rakyat yaiku …
Nilai universal
Nilai moral
Nilai sosial
Nilai budaya
Nilai estetika
Ana ing crita “Kancil lan Merak” paraga Merak nduweni watek yaiku …
umuk
seneng weweh
seneng ngapusi
tansah syukur marang Gusti
egois
Amanat kang bisa kajupuk saka crita “Kancil lan Merak” yaiku ….
nuruti kekarepan senajan kepiye carane
aja sakarepe dhewe, tanpa ngitung bathi lan tunane
nuduhake kaluwihan dhiri supayane wong liya nuladhani
nyacat kakurangane wong liya
nglakoni samubarang kanthi ngati-ati
Wujud sesambungan kang nduweni maksud kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara diarani ….
wara-wara
pidhato
sesorah
pariwara
pranatacara
Kang ora kalebu tandha pariwara efektif yaiku ...
gamblang basane
gampang dimangerti
narik kawigaten
informatif
tembunge ngayawara
Kang ora kalebu fungsi iklan yaiku ….
pemasaran
politik
komunikasi
pendhidhikan
ekonomi
1. Lumantar iklan masyarakat bisa sinau kanthi nonton lan maca sawijining pariwara lan kanggo menehi informasi marang warga masyarakat. Pratelan kasebut kalebu fungsi pariwara yaiku fungsi …
pemasaran
politik
komunikasi
pendhidhikan
ekonomi
Gambar ana ing pariwara kang gunane kanggo menehi gambaran ngenani isine pariwara, diarani …
Headline
Ilustrasi
Body copy
Signature line
Standing details
Jinising basa kang kagunakake ana ing pariwara yaiku ...
naratif
persuasif
deskriptif
eksposisi
argumentatif
Pariwara ing nduwur awujud …
audio
cetak
audio visual
radhio
TV
Pariwara ing dhuwur kamot ing media .....
Ariwarti
TV
Radhio
Youtube
Running text
Kang kalebu pariwara komersial yaiku …
traveloka
ulem palakrama
lelayu
lowongan pekerjaan
program antinarkoba
Isi iklan kasebut yaiku. . . .
Bocah kang lagi reresik.
Bocah kang seneng jaga karesikane awak.
Bocah kang njaga karesikan lingkungan.
Bocah kang mbuwang uwuh ing pawuhan.
Bocah kang lagi ngajak supaya jaga lingkungan
