WorksheetsBAHASA JAWA/PAT 2020-2021
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 15mins
Sapu Sada
(Dening : Astuti)
Jumat asri
resik lan sehat
cancut tali wanda
nandur kebecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Isi geguritan ing dhuwur nerangake kahanane ….
A. Resik lan sehat
B. Jumat bersih
C. Adiwiyata murih rahayu
D. Guyub rukun
Tembung guyub rukun ing geguritan tegese ….
Seneng
Jumat bersih
Saling biyantu marang liyan
Padha bebararengan karo kanca
Wacanen pacelathon ing ngisor iki !
Ibu :”Apa bener, dek wingi kowe tuku mesin cuci?
Ani :”Inggih bu kala wingi tumbas kalian mas Joni.”
Ibu :”Apa kowe gelem dakkandhani carane nggunakake mesin cuci?”
Ani :” ….”
Ibu :” Ora usah isin, ayo saiki tak kandhani carane.”
Basa krama kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing duwur yaiku ….
Inggih, kula badhe nyuwun pirsa, nanging kula isin
Mboten bu, kula sampun saged
Inggih bu, kula badhe wangsul riyen.
Mboten bu, kula badhe medal.
A. Jamuran D. Cubit – cubitan
B. Gundhul Pacul E. Pucung
C. Jaranan F. Gambang suling
Sing kalebu tembang dolanan yaiku ….
A, B, C
A, B, D
A, B, E
A, B, F
“Wulu” yaiku sandhangan kanggo swara ….
Swara “i”
wara “u”
Swara “e”
Swara “o”
Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udah. Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali. Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan. Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.
Gagasan pokok paragraf ing duwur yaiku ….
Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udah.
Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali.
Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan.
Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.
Kegiatan pramuka ing sekolah duweni daya kekuatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah. Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat. Salah sisjine kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge ( ISC ) 2015 – 2016, makarya bebarengan antarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group.
( Sumber : Tantri Basa kelas 5 )
Pawarta ing duwur kalebu pawarta bab ….
Pendidikan
Agama
Kewarasan
Ekonomi
Apa daya tarik saka kegiatan pramuka? ….
Daya kekuatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah
Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat.
Kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge ( ISC ) bisa
Bisa nyenengake bocah – bocah sing melu pramuka
Siti ngenteni Rini ana ing bangjo . Sing kalebu tembung camboran yaiku ….
Siti
ngenteni
Rini
bangjo
Pak Doni pancen guru sing dawa ususe.
Tembung kang kacitak kandel tegese ….
Sabar banget
Enteng tangane
Seneng tetulung
Sugih pangapura
Wacanen tembang macapat ing ngisor iki !
Pucung
Bapak pucung rupane amemba gunung,
Tan ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi sengit,
Kang kanggonan den lus – elus tinangisan.
Tembang macapat ing duwur gatra ke 2 guru wilangane lan guru lagune yaiku ….
12u
6 a
8i
12
Raden Werkudara kuwi satriya sing gagah ….
Duwur
Mandraguna
Sakti
Prakosa
yen ditulis aksara latin ….
sapi telu
sapi pitu
sapi papat
sapi lima
Wacanen teks ngisor iki kang patitis
‘Hutan Indonesia Paru- Paru Dunia” ikara kuwi ing saben – saben dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumandhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen seng paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia di arani paru- parune donya.
(Sumber : Tantri basa kelas VI)
Isi teks wacan ing dhuwur yaiku....
Alase rusak, paru – paru donya rusak
Alase Indonesia dirusak menungsa
Indonesia bencana kebakaran alas
Alas Indonesia di arani paru- paru donya.
Wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal nomer 15
Raden Ngabehi Ranggawarsita kang asma timure Bagus Burhan, iku tedhak turune Sultan Hadiwijaya saka Pajang. Kanjeng ibune tedhak turune Sultan Trenggana, Sultan kang nate jumeneng nata ing kraton Demak Bintara. Dadi Raden Ngabehi Ranggawarsita pancen trahing kusuma, rembesing madu. Eyang buyute kang ajejuluk Yasadipura 1, kuwi uga mujudaken pujangga Surakarta kang kawentar. Sauntara, kanjeng eyange uga pujangga kang misuwur,kang ajejaluk Yasadipura II.
( Sumber : Tantri Basa kelas VI)
Kalimat utama paragraf ing dhuwur yaiku.........
Raden Ngabehi Ranggawarsita pancen trahing kusuma, rembesing madu.
Raden Ngabehi Ranggawarsita kang asma timure Bagus Burhan.
Kanjeng ibune tedhak turune Sultan Trenggana.
Sultan kang nate jumeneng nata ing kraton Demak Bintara.
PUCUNG
Bapak pucung, saben dina tansah bingung
Badanira panjang,
Tutukira pan persagi,
Saban dina pucung nguntal buntutira
Guru wilangan lan guru lagune tembang Pucung ing ngisor iki.........
12i-6a-81-8a
7a-10u-12i-8u-8o
12u-6a-8i-12a
12u-8i-8u-81-8o
Tembang pucung ing dhuwur batangane......
Sepur
Ula naga
Sabuk
kalung
Tembang kinanthi kelebu jenise tembang..........
Gambuh
Macapat
Pangkur
Asmarandana
Tembang pangkur watake.........
Sedhih, prihatin
Tandhes, lugas
Seneng,asih
Gemes, gregeten
Pangkur
Bocah – bocah dha sekolah
Wiwit biyen nalika isih cilik
Sregep anggone sinau
Wayah esuk lan awan
Nglakokake parintah para guru
Lan bisa ngerti agama
Agama ngersaning Gusti
( Sumber : Pepak Basa Jawa )
Kasak baline tembung seng di cetak kandel ing dhuwur yaiku....
gedhe
cethil
alit
menthik
Kebo nusu gudhel.tembung saluko iki tegese........
Wong enom njaluk wuruk nang wong tuo
Wong tuo njaluk wuruk nang wong enom
Wong nyambut gawe kanthi ati – ati banget
Wong kang ora tetep atine
Wong tuwa nemu alangan amarga saka polahe anake paribahasane...........
kebo nusu gudel
batok bolu isi madu
anak polah bapak kepradah
adigang, adigung,adiguna
Bapak demang klambi abang yen disuduk manthuk – manthuk.
Ukara ing dhuwur kalebu tembung......
Paribasan
Saloka
Cangkriman
Bebasan
Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku.......
Bocor malah kebak
Adoh – adoh diparani, barang wes cedak diliwati
Urang sapikul matane ana pira
Sega sak kepel dirubung tinggi
Bapak – bapak, ibu – ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca
anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.
Ukara ing dhuwur kalebu pidhato salam...............
Pembuka
Penutup
Isi
Matur nuwun
