wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL PAT BASA JAWA KELAS 6

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen sing tliti!

Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi


Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.

irah-irahane wacan ing dhuwur sing trep yaiku ….

a)

Budaya Jawa Ing Jaman Globalisasi

b)

Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya

c)

Wujud budaya Jawa

d)

Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna

2.

Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.

isi teks paragraf siji yaiku ….

a)

Wujud budaya Jawa

b)

Tegese tembung globalisasi

c)

ngasilake budaya

d)

dhampak maneka warna

3.

Tembung globalisasi asale saka tembung “globe” sing tegese ….

a)

bal bunder

b)

donya

c)

mendunia

d)

di dunia

4.

Tegese tembung “globalisasi” yaiku ….

a)

globalisasi ora bakal nuwuhake dhampak maneka warna

b)

globalisasi ngasilake budaya becik

c)

Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.

d)

asale saka tembung globe utawa global, tegese mendunia utawa universal

5.

ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) globalisasi yaiku ….

a)

Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane.

b)

Pawarta saindenging jagad, suwe (lambat) banget sumebare.

c)

Saya mundure dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine.

d)

Anane pasar tradisional

6.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....

a)

Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe

b)

Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial.

c)

Nuwuhake sipat konsumtip lan boros

d)

Barang gaweane luwar negri bisa ngalahake barang gaweane jrone negri

7.

bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadi saka gurune bangsa, kudu bisa nyaring pangaribawa saka manca negara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke ora bakal kelangan jati dhiri. Dampak negative prastawa globalisasi kang bakal kedaden yaiku ….

a)

Tekade wong kanggo nyambut gawe

b)

Komunikasi tansaya gampang

c)

Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa

d)

Anane pasar global

8.

cangkriman yaiku unen-unen kang kudu ….

a)

dijlentrehna

b)

diwaca

c)

diringkes

d)

dibatang

9.

ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) cangkriman yaiku ….

a)

Kudu dibadhe (digoleki wangsulane)

b)

Ora kanggo sayembara

c)

Swasanane dadi sepi

d)

Nduweni teges global

10.

Cebloke mengisor, sing digoleki …. Batangane yaiku gentheng bocor

a)

mengisor

b)

mendhuwur

c)

mengarep

d)

memburi

11.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Yen lumaku si pucung ngumbar swara


batangane cangkriman kasebut yaiku ….

a)

kalung

b)

gelang

c)

sepur

d)

perahu

12.

ing ngisor iki kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ….

a)

Sega sakepel dirubung tinggi (salak)

b)

Wong adol tempe ditaleni (sing ditaleni iku tempene, dudu wong sing dodol tempe)

c)

Bapak pocung dudu watu dudu gunung, sangkamu ing plembang

d)

wiwawite, lesbandhonge (uwi dawa uwite, tales amba godhonge)

13.

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.

Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.


latar cerita saka paragraph 2 ing dhuwur yaiku ….

a)

Pabrik tahu

b)

Dina setu

c)

Kanca-kanca

d)

pak Barata

14.

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.

Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.


ide pokok paragrap siji yaiku ….

a)

Rini lan kanca-kancane seneng banget atine

b)

SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju

c)

indhustri pangan

d)

bocah-bocah kelas 6

15.

Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Sadurunge ndeleng proses panggawene tahu bocah-bocah diklumpukake ing sawijining ruwangan. Ing kono bocah-bocah nampa sesorah saka pak Brata. Isine antara liya tetepungan lan kepriye usaha gawe tahu bisa sukses.

Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Priyayi tegese …..

a)

guru

b)

pelayan

c)

bangsawan

d)

sopir

16.

1. Kegiatan sabanjure bocah-bocah dijak ndeleng proses prodhuksi tahu.

2. Bocah-bocah migatekake kanthi premati,

3. dheweke seneng,

4. amarga oleh kawruh anyar sing bakal didadekake pengalaman kanggo dina tembe.

5. Sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha sing sukses kaya pak Brata.


tembung ing dhuwur supaya dadi paragraf kang padu. yaiku ….

a)

3 – 4 – 5 – 1 – 2

b)

1 – 2 – 3 – 5 – 4

c)

2 – 3 – 4 – 5 – 1

d)

1 – 2 – 3 – 4 – 5

17.

Ing ngisor iki kang kalebu pangerten padato sing trep yaiku ….

a)

Sawijine kegiyatan ngomong ing sangarepe wong akeh kanggo nyampekake panemune utawa aweh gambaran sawijine babagan

b)

Menehi panglipur marang liyan saengga pawongan kang ngrungoake mau senneg

c)

Menehi pangerten lan informasi

d)

Mangarisbawani liyan supaya wong liyo mau gelem ngeloki kekarepane

18.

Assalaamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Bapak-Ibu pengasuh ingkang kula hurmati, Bapak-Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang dipun mulyakaken Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Mangga sasarengan muji syukur ing ngarsaning Allah ingkang sampun paring rahmad lan kasarasan. Shalawat sarta salam mugi tansah linuberaken dhumateng Rosulullah Muhammad SAW.


Bapak Ibu ingkang dhahat kinurmatan, kita sedaya kempal sesarengan wonten ing panti asuhan punika boten sanes supados kita nggadhahi masa depan ingkang sae. Pramila kita kedah kanthi tumemen ngangsu kaweruh ilmu pengetahuan lan ketrampilan saengga ing mangke saget gesang mandhireng pribadi.

………………………………………………………………………………………………………..


Bagian teks pidato kang kacetak kandhel kagolong ….

a)

Ucapan salam

b)

pambuka (ucapan syukur)

c)

Wosing sesorah

d)

Panutup (simpulan)

19.

Bapak Ibu sarta para kanca ingkang kula hurmati, kula gadhah idhe, kangge nglatih wira usaha tumrap warga panti mriki inggih punika mbikak usaha damel piscok (pisang coklat). Dhasaripun, ing tlatah mriki kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil. Kanthi makaten sasampunipun dados piscok saget dipun sade wonten alun-alun, utawi kita titipake wonten wande. Etangan kula manawi setunggal piscok kasade Rp. 800,- saget pikantuk kauntungan Rp. 300,- Manawi sedinten saget nyade 300 iji, sampun kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.


Isi teks pidato ing dhuwur yaiku ….

a)

piscok saget dipun sade wonten alun-alun

b)

kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.

c)

idhe, nglatih wira usaha tumrap warga panti yaiku mbikak usaha damel piscok (pisang coklat)

d)

kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil

20.

ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato ora resmi yaiku ….

a)

Intonasi datar

b)

nganggo ukara jangkep..

c)

digunaake ing kahanan resmi

d)

tembunge ora baku

21.

ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato resmi yaiku ….

a)

migunaake tembung baku

b)

intonasi swara munggah-mudhun

c)

kerep nganggo ukara ora jangkep..

d)

digunaake ing kahanan ora resmi

22.

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.


……………………………………………………………, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.

ukara pambuka pidato ing paragraph 2 supaya jangkep yaiku ….

a)

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat

b)

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung.

c)

mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami

d)

Assalamualaikum Wr. Wb.

23.

Mas, … mengko kondur jam pira?

Kanggo njangkepi ukara ngoko alus ing dhuwur supaya becik yaiku ….

a)

kowe

b)

aku

c)

panjenengan

d)

awakmu

24.

Pak Budi numpak sepur. ukara ngoko lugu kasebut diowah dadi ukara krama inggil sing bener yaiku …..

a)

Pak Budi mancal sepur

b)

Pak Budi mbalap sepur

c)

Pak Budi mundut sepur

d)

Pak Budi nitih sepur

25.

Bu Zahro ngasto tas. ukara krama inggil kasebut diowah dadi ukara ngoko lugu sing bener yaiku ….

a)

Bu Zahro nggawa tas

b)

Bu Zahro tumbas tas

c)

Bu Zahro tuku tas

d)

Bu Zahro nemu tas