wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sesorah/Pidhato

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …

a)

sesorah

b)

geguritan

c)

nembang

d)

ndhalang

2.

Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…

a)

wigatining atur

b)

pangarep-arep

c)

pambuka

d)

salam pambuka

3.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka/pambuka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

4.

Sawijine katrampilan sing diudi sajrone nyinau basa Jawa yaiku pidhato.

Pidhato iku kalebu jinising katrampilan ....

a)

nulis

b)

maca

c)

micara

d)

nyimak

5.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato

6.

Tuladhane penutup teks pidhato, yaiku....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten

b)

Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani

d)

Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah

7.

Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….

a)

menehi informasi

b)

menehi hiburan

c)

menehi piwulang

d)

acara perpisahan

8.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa/pambuka

d)

wasana basa/panutup

9.

Tembung pakurmatan sesorah kang ditindaake ana ngarep kanca sekelas yaiku….

a)

kanca-kanca ingkang kinurmatan

b)

kanca-kanca ingkang wilujeng

c)

kanca-kanca kang dak tresnani

d)

para kanca sedoyo mawon

10.

Perangane sesorah yaiku...

a)

Isi lan panutup

b)

Pambuka, isi (Surasa) lan panutup

c)

Uluk salam lan panutup

d)

Pambuka lan panutup

11.

Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....

a)

supaya pamiyarsa betah mirengake

b)

supaya sing dingendikakake gampang ditampa

c)

supaya katon bregas mrebawani

d)

supaya padha seneng

12.

Siswa kelas VI yen wis lulus lumrahe ngadani acara pepisahan. Sing kudune nindakake pidhato pepisahan yaiku ....

a)

saben siswa

b)

kepala sekolah

c)

siswa wakil kelas enem

d)

siswa sing wani pidhato

13.

Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....

a)

ngringkes pidhato

b)

mbiji isine pidhato

c)

nulis isine pidhato

d)

nggampangake gawe teks pidhato

14.

Salam utawa panyapa kanggo bapak-bapak kang rawuh ing pidhato lumrahe ....

a)

ingkang kula pitados

b)

ingkang kula kurmati

c)

ingkang kula sayangi

d)

ingkang kula percaya

15.

Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....

a)

sing nonton

b)

materi pidhato

c)

sing nata swara

d)

pranata acarane