NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Basa Jawa
Total questions: 39
Worksheet time: 1hrs 18mins
GURUKU
Panjengan dudu Wong tuwaku
Nanging, panjengan ngajari luwih saka wongtuwaku
Guruku
Senajan bayaran panjengan sethithik ora dadi pikir
Senajan kudu mangkat wayah esuk
Kondur wanci Surup
Semangat panjengan ora kendho
Matur Nuwun Guruku
Panjengan dadi sumber ilmu
Pangripta, “Joko Lelono”
Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur?
Wong tuwaku
Guruku
Bayaran
Semangat
GURUKU
Panjengan dudu Wong tuwaku
Nanging, panjengan ngajari luwih saka wongtuwaku
Guruku
Senajan bayaran panjengan sethithik ora dadi pikir
Senajan kudu mangkat wayah esuk
Kondur wanci Surup
Semangat panjengan ora kendho
Matur Nuwun Guruku
Panjengan dadi sumber ilmu
Pangripta, “Joko Lelono”
Wayah Surup, padha karo …
Wayah isuk
Wayah awan
Wayah sore
Wayah bengi
Bapak lunga menyang Jakarta nunggang sepur.
Ukara dhuwur yen didadekake basa kromo dadi …
Bapak kesah menyang Jakarta nitih sepur
Bapak kesah dhateng Jakarta nunggang sepur
Bapak tindhak menyang Jakarta nitih sepur
Bapak tindhak dhateng Jakarta nitih sepur
Jingglengen pacelaton ing ngisor iki!
Bapak : Andi!
Andi : Dalem Pak
Bapak : Apa kowe wis mangan?
Andi : Sampun pak, ... .
Kanggo ngisi cecek-cecek ing dhuwur sing trep, yaiku …
Kula sampun dahar
Kula sampun nedha
Kula sampun mangan
Kula wis dhahar
CINDHELARAS
Dhek jaman biyen ing kraton Jenggala ana satriya kang asmane Raden Putra. Garwane loro, yaiku
Dewi Limaran lan Dewi Cindaka. Dewi Cindaka mau elek atine. Gethinge karo Dewi Limaran
keliwat-liwat. Kerep wadul marang Raden Putra sing mung tansah ngelek-elek marang Dewi
Limaran.
Raden Putra ngandel kandhane Dewi Cindaka, banjur Dewi Limaran ditundhung supaya minggat
saka Jenggala, kamangka ing wektu iku Dewi Limaran lagi mbobot.
Lungane Dewi Limaran ora ana sing ndherekake, nyasar-nyasar nganti mlebu alas gedhe. Ing tengah
alas iku Dewi Limaran nggawe omah-omahan sing kena dienggo ngiyub lan turu. Mangane ya mung
saanane woh-wohan sing ana alas kono. Bareng wis tekan wayahe, Dewi Limaran mbabarake putra
kakung. Bayi mau diparingi jeneng Cindhe Laras. Cindhe Laras saya suwe saya gedhe. Saben dinane
kancane ya mung kewan-kewan maneka warna sing urip ing alas iku. Sanajan kewan galak nanging
yen karo Cindhe Laras katon lulut lan manut.
Nuju sawijining dina Cindhe Laras ngerti ana manuk gagak nggawa endhog. Cindhe Laras njaluk
endhog mau. Gagak menehake endhog mau marang Cindhe Laras. Endhog banjur dititipake ula
nganti netes. Netese endhog rupa kuthuk, suwe-suwe dadi jago sing kluruke nganeh-anehi.
“Kukuruyuk, jagone Cindhe Laras, omahe tengah alas, kukuruyuuuuuuuk.
Raden Putra ing Jenggala senengane adu ayam jago. Cindhe Laras kepingin melu adu jago
menyang kraton. Saben wayah adu jago, ora ana sing bisa ngalahake jagone Raden Putra, nanging
wektu iku jagone Cindhe Laras lagi ngabruk sepisan jagone Raden Putra wis kalah terus mati. Sing
nonton padha sorak rame. Raden Putra nyawang wong wadon sing ngeterake Cindhe Laras. Bareng
ditamatake jebul iku Dewi Limaran sing biyen ditundhung, lan Cindhe Laras iku putrane dhewe.
Cindhe Laras banjur dirangkul dening Raden Putra, diajak bali menyang Jenggala.
Ing crita “Cindhe Laras” iku panggonane ana …
Kerajaan Sriwijaya
Kerajaan Jenggala
Kerajaan Dhoho
Kerajaan Majapahit
CINDHELARAS
Dhek jaman biyen ing kraton Jenggala ana satriya kang
asmane Raden Putra. Garwane loro, yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka. Dewi
Cindaka mau elek atine. Gethinge karo Dewi Limaran keliwat-liwat. Kerep wadul
marang Raden Putra sing mung tansah ngelek-elek marang Dewi Limaran.
Raden Putra ngandel kandhane Dewi Cindaka, banjur Dewi
Limaran ditundhung supaya minggat saka Jenggala, kamangka ing wektu iku Dewi
Limaran lagi mbobot.
Lungane Dewi Limaran ora ana sing ndherekake, nyasar-nyasar nganti mlebu
alas gedhe. Ing tengah alas iku Dewi Limaran nggawe omah-omahan sing kena
dienggo ngiyub lan turu. Mangane ya mung saanane woh-wohan sing ana alas kono.
Bareng wis tekan wayahe, Dewi Limaran mbabarake putra kakung. Bayi mau
diparingi jeneng Cindhe Laras. Cindhe Laras saya suwe saya gedhe. Saben dinane
kancane ya mung kewan-kewan maneka warna sing urip ing alas iku. Sanajan kewan
galak nanging yen karo Cindhe Laras katon lulut lan manut.
Nuju sawijining dina Cindhe Laras ngerti ana manuk
gagak nggawa endhog. Cindhe Laras njaluk endhog mau. Gagak menehake endhog mau
marang Cindhe Laras. Endhog banjur dititipake ula nganti netes. Netese endhog
rupa kuthuk, suwe-suwe dadi jago sing kluruke nganeh-anehi. “Kukuruyuk, jagone
Cindhe Laras, omahe tengah alas, kukuruyuuuuuuuk.
Raden Putra ing Jenggala senengane adu ayam jago.
Cindhe Laras kepingin melu adu jago menyang kraton. Saben wayah adu jago, ora
ana sing bisa ngalahake jagone Raden Putra, nanging wektu iku jagone Cindhe
Laras lagi ngabruk sepisan jagone Raden Putra wis kalah terus mati. Sing nonton
padha sorak rame. Raden Putra nyawang wong wadon sing ngeterake Cindhe Laras.
Bareng ditamatake jebul iku Dewi Limaran sing biyen ditundhung, lan Cindhe
Laras iku putrane dhewe. Cindhe Laras banjur dirangkul dening Raden Putra,
diajak bali menyang Jenggala.
Ing crita “Cindhe Laras” sing menehi endhog menyang Cindelaras yaiku …
manuk dara
manuk drekuku
manuk gagak
manuk kakaktua
CINDHE LARAS
Dhek jaman biyen ing kraton Jenggala ana satriya kang
asmane Raden Putra. Garwane loro, yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka. Dewi
Cindaka mau elek atine. Gethinge karo Dewi Limaran keliwat-liwat. Kerep wadul
marang Raden Putra sing mung tansah ngelek-elek marang Dewi Limaran.
Raden Putra ngandel kandhane Dewi Cindaka, banjur Dewi
Limaran ditundhung supaya minggat saka Jenggala, kamangka ing wektu iku Dewi
Limaran lagi mbobot.
Lungane Dewi Limaran ora ana sing ndherekake,
nyasar-nyasar nganti mlebu alas gedhe. Ing tengah alas iku Dewi Limaran nggawe
omah-omahan sing kena dienggo ngiyub lan turu. Mangane ya mung saanane
woh-wohan sing ana alas kono. Bareng wis tekan wayahe, Dewi Limaran mbabarake
putra kakung. Bayi mau diparingi jeneng Cindhe Laras. Cindhe Laras saya suwe
saya gedhe. Saben dinane kancane ya mung kewan-kewan maneka warna sing urip ing
alas iku. Sanajan kewan galak nanging yen karo Cindhe Laras katon lulut lan
manut.
Nuju sawijining dina Cindhe Laras ngerti ana manuk
gagak nggawa endhog. Cindhe Laras njaluk endhog mau. Gagak menehake endhog mau
marang Cindhe Laras. Endhog banjur dititipake ula nganti netes. Netese endhog
rupa kuthuk, suwe-suwe dadi jago sing kluruke nganeh-anehi. “Kukuruyuk, jagone
Cindhe Laras, omahe tengah alas, kukuruyuuuuuuuk.
Raden
Putra ing Jenggala senengane adu ayam jago. Cindhe Laras kepingin melu adu jago
menyang kraton. Saben wayah adu jago, ora ana sing bisa ngalahake jagone Raden
Putra, nanging wektu iku jagone Cindhe Laras lagi ngabruk sepisan jagone Raden
Putra wis kalah terus mati. Sing nonton padha sorak rame. Raden Putra nyawang
wong wadon sing ngeterake Cindhe Laras. Bareng ditamatake jebul iku Dewi
Limaran sing biyen ditundhung, lan Cindhe Laras iku putrane dhewe. Cindhe Laras
banjur dirangkul dening Raden Putra, diajak bali menyang Jenggala.
Amanat saka crita “Cindhe Laras” yaiku …
Sing bener bakal tinemu kamulyan
Ora oleh sombong karo liyane
Cindhe Laras seneng adu jago
Cindhe Laras diwenehi endhog
MACUL
Yo padha macul
nggarap sawah dimen subur
Yo padha nandur
menyang sawah bareng cucul
Ndang
tetanenan, tegalan uga nyang sawah
Yen
wis panenan kanggo mangan turah-turah.
Piranti kanggo nggarap sawah ing dhuwr yaiku …
Arit
Singkal
Ani-ani
Pacul
MACUL
Yo padha macul
nggarap sawah dimen subur
Yo padha nandur
menyang sawah bareng cucul
Ndang
tetanenan, tegalan uga nyang sawah
Yen wis panenan kanggo mangan turah-turah
Inti saka tembang ing dhuwur yaiku …
Nggarap sawah timbang nganggur
Nggarap sawah supaya subur
Menyang sawah timbang nganggur
Menyang sawah dolanan
Ibu goreng iwak gurame lan tempe ana pawon,
Tembung“goreng” sing bener yaiku …
Ibu nggoreng iwak gurame lan tempe ana pawon
Ibu digoreng iwak gurame lan tempe ana pawon,
Ibu ngoreng iwak gurame lan tempe ana pawon,

Ibu nyawisake seragam sekolah kanggo putrane. Tembung “nyawisake” yen diudal manut tembung linggane yaiku …
Ater-ater n + cawis + panambang – ake
Ater-ater n + nyawis + panambang - ake
Ater-ater ny + nyawis + panambang - ake
Ater-ater ny + cawis + panambang – ake
DALEME SIMBAH
Liburan akhir taun sawise unggah-unggahan suwene rong minggu. Aku lan
adhik diajak Bapak Ibu liburan menyang daleme simbah sing ana desa lan papane
munggah-mudhun.
Tekan daleme simbah aku seneng banget merga suwasana
ing desa iku adhem, ora akeh kendharaan sing liwat, iki sing nyebabake aku
krasan banget neng daleme Simbah, suwasana sing kaya ngono mau uga ndadekake
yen mangan apa wae krasa enak.
Wacan ing dhuwur kelebu wacan …
Narasi
Diskripsi
Argumentasi
Eksposisi

Wacan ing dhuwur kedadean ana ing …
Desa papane munggah mudhun
Desa kang hawane adhem
Desa kang ora akeh kendaraan
Daleme Simbah ing Desa
DALEME SIMBAH
Liburan akhir taun sawise unggah-unggahan suwene rong minggu. Aku lan
adhik diajak Bapak Ibu liburan menyang daleme simbah sing ana desa lan papane
munggah-mudhun.
Tekan daleme simbah aku seneng banget merga suwasana
ing desa iku adhem, ora akeh kendharaan sing liwat, iki sing nyebabake aku
krasan banget neng daleme Simbah, suwasana sing kaya ngono mau uga ndadekake
yen mangan apa wae krasa enak.
Ukara pokok wacan kasebut …
Liburan akhir taun suwene rong minggu
Bapak ngajak liburan menyang daleme simbah
Daleme simbah papane munggah mudhun, hawane adhem
Daleme Simbah sepi nyebabake krasan
PEMBERONTAKAN KH. HASAN MUKMIN
Nalika tahun 1904 pamerintahan Kabupaten Sidoarjo
dipimpin dening Bapak R.A.A. Tjondronegoro I, ana dhaerah Kecamatan Gedhangan
desa Keboan Sikep, ana pamberontakan kang diarani perang sabil, nganggo tenger umbul-umbul klaras, sing dipimpin
dening K.H. Hasan Mukmin.
K.H. Hasan Mukmin kuwi asale saka dhaerah Mataram,
biyen dadi prajurite Pangeran Diponegoro, tahun 1900 teka ana desa Sumantoro
Kecamatan Sukodhono dheweke dodolan klasa.
Sakwise duwe
bojo dheweke ngedekake pondhok sing santrine saka desa Keboan Sikep, Damarsi
lan desa liane. Sing njalari pemberontakan mau amarga peraturan pamerentah
persewaan tanah rakyat kanggo kaperluane Pabrik Gula Seruni sing ngrugekake
wong tani. Pamberontakan mau akeh
banget korbane saka Pabrik Gula Seruni, tentara Walanda lan para petani dhewe.
Tilase pabrik gula seruni saiki dipanggoni Yon Arhanudse 8 ana Kecamatan
Gedhangan.
Wacan ing dhuwur kelebu wacan …
Narasi
Deskripsi

Amanat wacan ing dhuwur yaiku …
Ana Perang kang dipimpin K.H.Mukmin
Pemerintah kabupaten Sidoarjo dipimpin Bapak R.A.A . Tjondronegoro I
Perang pemberontakan amarga aturan sewa tanah
pemberontakan akeh banget korbane
PEMBERONTAKAN KH. HASAN MUKMIN
Nalika tahun 1904 pamerintahan Kabupaten Sidoarjo
dipimpin dening Bapak R.A.A. Tjondronegoro I, ana dhaerah Kecamatan Gedhangan
desa Keboan Sikep, ana pamberontakan kang diarani perang sabil, nganggo tenger umbul-umbul klaras, sing dipimpin
dening K.H. Hasan Mukmin.
K.H. Hasan Mukmin kuwi asale saka dhaerah Mataram,
biyen dadi prajurite Pangeran Diponegoro, tahun 1900 teka ana desa Sumantoro
Kecamatan Sukodhono dheweke dodolan klasa.
Sakwise duwe
bojo dheweke ngedekake pondhok sing santrine saka desa Keboan Sikep, Damarsi
lan desa liane. Sing njalari pemberontakan mau amarga peraturan pamerentah
persewaan tanah rakyat kanggo kaperluane Pabrik Gula Seruni sing ngrugekake
wong tani. Pamberontakan mau akeh
banget korbane saka Pabrik Gula Seruni, tentara Walanda lan para petani dhewe.
Tilase pabrik gula seruni saiki dipanggoni Yon Arhanudse 8 ana Kecamatan
Gedhangan.
Ing wacan dhuwur sing diarani “perang sabil” padha karo …
Perang mbela dunya brana
Perang mbela wong tuwo
Perang mbela Agama Islam
Perang mbela negara
Mendhung kang peteng ing praupane Joko banjur owah dari udan deres.
Tembung owah dadi udan tegese …
Udan
Adus
Kringet
Nangis
Julia olehe mlaku lembehane koyo merak kesimpir.
Tembung merak kesimpir kagolong tembung …
Pepindhan
Bebasan
Saloka
Paribasan
PANDHAWA
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah
diarani Pandhawa Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka pambarepe. Watake ambeg
darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro arane
Raden Werkudara ya Bima, Sena, pawakane gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sing
nomer telu jenenge Raden Janaka ya Raden Arjuna kang kondhang baguse, prigel
lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake
satriya kembar kang dadi wuragile. Pandhawa Lima mujudake satriya kang nduweni
watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudine. Wiwit cilik mula wus katon
luhuring budi. Seneng welas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong
kang nandhang sengsara.
Gurune Pandhawa iku Pandhita Durna. Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa
Lima wis bisa ngatonake kapinteran lan kaprigelane. Raden Janaka prigel
menthang gendhewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara, dhasar gagah
prakosa lan kondhang kagungan gada Rujak Polo lan kuku Pancanaka, prigel
ngolahake gada lan tumbak. Ewa semono Pandhawa ora seneng pamer kadigdayan.
Malah watake andhap asor, lembah manah, lan ngajeni marang liyan.
Akeh lelakon lan kasangsaran kang dilakoni Pandhawa.
Kasangsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake para
Pandhawa. Nanging amarga para Pandhawa gedhe prihatine, kasangsaran iku kasil
dibrastha.
Ana wacan ing dhuwur, sifate Pandhawa …
luhur bebudhine
ala bebudhine
Adigang Adigung Adiguna
Angkara murka

Penengahe Pandhawa yaiku …
Raden Puntadewa
Raden Werkudara
Raden Arjuna
Nakula, Sadewa

Gaman utawa senjata piandele Raden Arjuna yaiku …
Keris Pulanggeni
Godho Rujakpolo
Jamus Kalimasada
Panah Pasopati
Awak lemu Yen ditulis Jawa …
Sutrisna menyang sawah. Yen ditulis Jawa …
Tembung “pitu” iku yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan swara …
Pepet lan wulu
Pepet lan suku
Taling lan wulu
Wulu lan suku
Jembatan Suramadu sing ngubungake Surabaya lan Medura sing dawane 4,5 km iku bakale bisa
tahan nganti 100 tahun. Jembatan iku bakal dadi dalane para warga kang nyambut
gawe saka Surabaya menyang Medura, lan sak walike saka Medura menyang Surabaya.
Jembatan kang ambane 30 m iku dibagi 2 sisih kiwa menyang Medura ambane 15 m
lan sisih tengen saka Medura ambane 15 m, dalan sisih kiwa lan tengen mau
disisihna 2,75 m kanggo dalane sepedha montor. Jembatan sing paling dawa ana
Indonesia iki sakliyane dibangun dening putra Indonesia uga dibantu saka negara
Cina.
Ing sak cedhaking jembatan mau arep dibangun lingkungan pabrik, lingkungan perumahan
lan lingkungan perkantoran, awit lemah kang ana Surabaya wis sesek, wis kebak
pabrik, kantor lan perumahan ananging lemah kang ana Medura isih longgar. Warga
Medura bakale ora susah nyeberang menyang Surabaya manawa kepingin nyambut gawe
ana pabrik, amarga ana Medura bakal dibangun pabrik anyar kang akeh. Bisa uga
dadi sakwalike warga Surabaya kang durung entuk penggawean malah menyang Medura
perlune nglamar penggawean pabrik kang ana Medura.
Medura bakaledadi rame akeh pabrik, perumahan, perkantoran, mall, hotel, taman hiburan,
stadion lan liya-liyane kang saiki akeh ana Surabaya.
Irah-irahan kang trepkanggo wacan ing dhuwur yaiku …
Jembatan Madura Surabaya
Jembatan dawane 4,5 m
Jembatan Selat Madura
Jembatan Suramadu
JEMBATAN SURAMADU
Jembatan Suramadu sing ngubungake Surabaya lan Medura sing dawane
4,5 km iku bakale bisa tahan nganti 100 tahun. Jembatan iku bakal dadi dalane
para warga kang nyambut gawe saka Surabaya menyang Medura, lan sak walike saka
Medura menyang Surabaya. Jembatan kang ambane 30 m iku dibagi 2 sisih kiwa
menyang Medura ambane 15 m lan sisih tengen saka Medura ambane 15 m, dalan
sisih kiwa lan tengen mau disisihna 2,75 m kanggo dalane sepedha montor.
Jembatan sing paling dawa ana Indonesia iki sakliyane dibangun dening putra
Indonesia uga dibantu saka negara Cina.
Ing sak
cedhaking jembatan mau arep dibangun lingkungan pabrik, lingkungan perumahan
lan lingkungan perkantoran, awit lemah kang ana Surabaya wis sesek, wis kebak
pabrik, kantor lan perumahan ananging lemah kang ana Medura isih longgar. Warga
Medura bakale ora susah nyeberang menyang Surabaya manawa kepingin nyambut gawe
ana pabrik, amarga ana Medura bakal dibangun pabrik anyar kang akeh. Bisa uga
dadi sakwalike warga Surabaya kang durung entuk penggawean malah menyang Medura
perlune nglamar penggawean pabrik kang ana Medura.
Medura bakale
dadi rame akeh pabrik, perumahan, perkantoran, mall, hotel, taman hiburan,
stadion lan liya-liyane kang saiki akeh ana Surabaya.
Surasane paragraf 2 wacan ing dhuwur yaiku …
Sacedhaking jembatan arep
Lemah kang ana kutha Surabaya wis seseg
Warga Madura ora susah nyeberang menyang Surabaya
Warga Surabaya bakal nyambut gawe menyang Madura
JEMBATAN SURAMADU
Jembatan Suramadu sing ngubungake Surabaya lan Medura sing dawane
4,5 km iku bakale bisa tahan nganti 100 tahun. Jembatan iku bakal dadi dalane
para warga kang nyambut gawe saka Surabaya menyang Medura, lan sak walike saka
Medura menyang Surabaya. Jembatan kang ambane 30 m iku dibagi 2 sisih kiwa
menyang Medura ambane 15 m lan sisih tengen saka Medura ambane 15 m, dalan
sisih kiwa lan tengen mau disisihna 2,75 m kanggo dalane sepedha montor.
Jembatan sing paling dawa ana Indonesia iki sakliyane dibangun dening putra
Indonesia uga dibantu saka negara Cina.
Ing sak cedhaking jembatan mau arep dibangun lingkungan pabrik, lingkungan perumahan
lan lingkungan perkantoran, awit lemah kang ana Surabaya wis sesek, wis kebak
pabrik, kantor lan perumahan ananging lemah kang ana Medura isih longgar. Warga
Medura bakale ora susah nyeberang menyang Surabaya manawa kepingin nyambut gawe
ana pabrik, amarga ana Medura bakal dibangun pabrik anyar kang akeh. Bisa uga
dadi sakwalike warga Surabaya kang durung entuk penggawean malah menyang Medura
perlune nglamar penggawean pabrik kang ana Medura.
Medura bakale dadi rame akeh pabrik, perumahan, perkantoran, mall, hotel, taman hiburan,
stadion lan liya-liyane kang saiki akeh ana Surabaya.
Wacan ing dhuwur kelebu wacan …
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Pucung
Bapakpucung, dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Titihane sang Bupati
Yen lumampah si pucung lembehangrana
Guru wilangan lan guru lagune gatra ka 3 yaiku …
6i
7i
8i
9i
KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi
Guru gatrane tembang ing dhuwur ana …
5
6
7
8
Bapak pucung dudu mega dudu mendhung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku si pucung ngumbar suwara
Tembang ing dhuwur jenenge tembang …
Gambuh
Dandanggula
Sinom
Pucung
PUCUNG
Bapak pucung dudu mega dudu mendhung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku si pucung ngumbar suwara
Tembang Pucung ing dhuwur batangane yaiku …
Gajah
Korek
Sepur
Sabuk
Tegese bebasan “Kebo nyusu gudel" yaiku …
Wong tuwa golek kawruh marang wong enom
Wong tuwa golek utangan marang wong enom
Wong enom golek kawruh marang wong tuwa
Wong enom golek utangan marang wong tuwa
Tegese paribasan "Gupak pulute ora mangan nangkane" yaiku …
Melu rekasane tapi melu ngrasakake enake
Melu rekasane ora melu ngrasakake enake
Melu ngrasakake enake ora melu rekasane
Melu ngrasakake enake tapi melu rekasane
Tegese saloka “Cebol nggayuh lintang” yaiku …
Wong duwe kepinginan kang bisa kelakon
Wong duwe kepinginan kang gampang kelakon
Wong duwe kepinginan kang mesti kelakon
Wong duwe kepinginan kang mokal kelakon
Wedang bubuk gula tebu
Mata ngantuk njaluk turu
Ukara ing dhuwur kelebu …
Cangkriman
Parikan
Bebasan
saloka
Wedang bubuk gula tebu
Mata ngantuk …
Isi ceceg-ceceg sing bener yaiku …
njaluk turu
mari turu
kakean turu
pindah turu
Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid …
Isi ceceg-ceceg sing bener yaiku …
Kudu madhep
Kudu landhep
Kudu sregep
Kudu mantep
Wingi awan Abu Bakar mapag ibune
Udalen manut dhapukane ukara (JWLK)!
Wingi(J), awan(W), Abu Bakar(L), mapag ibune(K)
Wingi awan(J), Abu Bakar (W), mapag(L) ibune(K)
Wingi(K), awan(J), Abu Bakar (W), mapag ibune(L)
Wingi awan(K), Abu Bakar (J), mapag(W) ibune(L)