NEW
Font size
WorksheetsLatian 9
Total questions: 15
Worksheet time: 7mins
Ukara iklan kang trep kangge gambar kasebut yaiku....
Permen kopi iki dijamin original rasane lan ora gawe ngantuk
Permen kopi Oireng, kopi enak lan gawe weteng kembung
Ngombe kopi Oireng, saka ngantuk bakal bablas turu
Amarga urip iku akeh rasa, permen kopi Oireng duweni rasa kanggo dinamu
Wektu Aku preinan ning Jogja, aku, mbakku, bapakku, lan ibukku lunga ning Gembira Loka Zoo. Ning kono akeh kewan saka cilik nganti gedhe, dalane jembar iso dienggo playonan karo mbakku. Pas ngerti ula aku wedi ngasi mrinding kabeh lan aku mlaku koyok wong joget saking gilane karo ula. Wis suwe aku lan mbakku mlaku nganti sikilku pegel, rasane pengen leren nanging aku seneng lan penasaran terus karo kewan liyane. Dadi aku pengen mlaku terus nganti rampunge kebun binatang.
Isi teks ing dhuwur yaiku ....
Tokoh Aku wani lan seneng karo ula
Tokoh Aku ora seneng amaraga sikile pegel mlaku terus
Tokoh Aku wedi lan gila karonan ula kang ana ing kebun binatang
Tokoh Aku lan mbakke lunga ana museum Gembira Loka wektu preinan
Kirab Bendera Ing Pati
Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diarak saka Stadiun Jayakusuma nganti Alun Alun Pati. Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.
Ukara tanggepan positif saka kegiyatan ing berita kasebut yaiku ....
Kegiyatan kirab bendera ing Pati iku ora penting, becike ora perlu dianakake
Acara ing Pati yaiku pengetan dina proklamasi pancen perlu dianakake setaun pisan
Kanggo semangat nasionalisme perlu dianakake acara kang setaun pisan kaya syukuran
Kirab bendera ing Pati perlu dilestarikake supaya ora lali kaliyan dina Kesaktian Pancasila
….sumangga kita panjataken puji syukur marang Gusti ingkang sampun paring kasehatan saengga kita saget kempal wonten acara punika. Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia.
Pethikan kasebut klebu prangan sesorah bagian ....
Pambuka
Purwaka basa
Salam pambuka
Wasana basa
Urutane perangan sesorah kanthi bener yaiku….
Wasana, purwaka, surasa, salam pembuka
Salam pembuka, purwaka, surasa, wasana
Salam pembuka, surasa, purwaka, wasana
Purwaka, wasana, surasa, salam pembuka
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Urutan saka upacara tedhak siten iki yaiku pertama, tedhak jadah pitung warna; yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu. Sabanjure, munggah andha tebu arjuna; tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb. Ketelu, mlebu ana kurungan iku pralambang urip ing donya iki. Terakhir iku ana siraman, kanggo nyuceni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga.
Saka pethikan teks kasebut, urutan saka upacara tedhak siten kang bener yaiku ....
Tedhak jadah, munggah andha, mlebu ana kurungan, lan siraman
Tedhak lemah, munggah andha, metu kurungan, lan siraman
Tedhak andha, munggah andha, kurungan, lan siraman
Tedhak tebu arjuna, tedhak jadah, mlebu kurungan, lan siraman
Pangkur
Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
Guru lagu lan wilangan pada Pangkur kasebut yaiku ....
8a, 10i, 8i, 7u, 12u, 8a, 8i
8i, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8i, 10i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Warak Ngendog kuwi didadeake simbol lan maskot ing ritual lan kirab Dugderan. Warak Ngendog kuwi awake awujud naga kang merlambangake Cina, lan wedhus kang merlambangake Jawa. Mula ndadeake Warak Ngendog kuwi lambang kanggo nyatuake kabeh ethnis ing Semarang. Kabeh masarakat Semarang lan sekitare padha antusias ngramekake Warak Ngendog kuwi. Kirab kuwi dilaksanakake keliling lan arak-arakan ing sadawane Jalan Pemuda, tekan Pasar Johar. Kang melu ing kirab kuwi para warga masyarakat Semarang lan para masarakat ing luar kutha Semarang.
Dudutan saka teks deskriptif kasebut yaiku ….
warak ngendog iku maskot Dugderan ing kutha Semarang
kirab warak ngendog ingkang dileksanaken khusus kanggo etnis cina
warak ngendog iku salah siji kirab kang dianakake sesasi pisan ing Semarang
warga Semarang nganakake Dugderan lan uga mesti boten wonten warak ngendog
Desa Banarawa katekanan bocah kang elek lan prengus ambune, jenenge Baru Klinthing. Deweke ngeleh lan jaluk mangan ing salah sawijing warga, nanging diusir. Warga desa liyane uga ora seneng kaliyan Baru Klinthing. Baru Klinthing lunga kaliyan nangis, nanging ing tengah alas deweke ketemu Mbok Rondo kang apikan. Baru Klinthing diwenehi mangan lan ngombe. Kanggo ngucapake matur suwun, Baru Klinting pesen marang Mbok Rondo menawa sediluk maneh ana banjir gede. Menawa banjir kuwi teka, Mbok Rondo kudu numpak lesung supaya selamet. Banjur sawise nitip pesen ing Mbok Rondo, Baru Klinthing mlaku menyang tengah lapangan ing desa Banarawa. Deweke nancepake sada ing lemah lan gawe sayembara sapa wae warga desa ingkang saged nyabut sada kuwi berarti sekti. Nanging ora ana sing bisa nyabut sada mau saka lemah. Akhire, Baru Klinthing dewe sing nyabut sada mau. Sawise dicabut, metu banyu kang akeh dan gawe banjir gedhe ing desa kasebut. Ora ana warga desa ingkang selamet, kajaba Mbok Rondo.
Paraga Mbok Rondo ing crita kasebut duwe watak inggih menika ....
sombong
becik lan pelit
gampang nesu
seneng tetulung
Kinanthi
Sirnakna semanging kalbu,
den waspada ing pangeksi,
yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik,
pamotahing nafsu hawa,
jinalantih mamrih titih
Isi saka pupuh kasebut yaiku….
urip waspada lan uga nahan hawa nepsu ingkang ala
ilmu ingkang diduweni kudu dimanfaatke kanthi kauripan becik
dadi manungsa iku aja sombong lan laku ala marang liyane
urip iku akeh godaan mula kudu ati-ati lan aja kulina tumindak ala
Pitutur luhur saking cerita Resi Jatayu menika yaiku….
aja seneng ngurusi urusane wong liya kuwi boten sopan
urip iku kudu nyenengake marang wong tuwa lan keluarga
urip tetulung marang sesami iku wujud urip bener
Kaliyan wong tuwa iku kudu supan lan ngajeni tanda bocah sae
Dhandanggula
Dadi murid iku kudu bekti
Aben dina sinaukang nyata
Sinaune kanthi sae
Nduwe sikap kang luhur
Lan kang jujur sarta kang rajin
Aja dadi wong ala
Aja ngomong saru
Aben dina sregep ndonga
Marang tiyang sepuh prilakune becik
Dadi wong kang miguna
Gatra ingkang dicethak miring menika tegese yaiku ….
Duweni laku kang becik lan ala
Duweni laku kang sae uga becik
Duweni laku kang boten sopan marang liyane
Duweni laku kang nyenengake kanggo awake dewe
Bima : “Vit, wingi kowe njupuk penggarisku yo?”
Vito : “Ora, Bim.”
Bima : “Kan wingi kowe nyileh penggarisku, terus ora mbok balekke yo”
Vito : “Wingi aku memang nyileh nanging wes tak balekke ning lacimu”
Bima : (Bima langsung ngecek ing laci meja) “Oh iyo, Vit. Jebule ono ning laci mejaku. Sepure yo, Vit”
Vito : “Iyo, Bim. Yowes, sing penting penggarismu wes ketemu”
Tembung kang ditulis kandhel ing pacelathon kasebut, menawa ditulis kang trep lan bener yaiku ….
njupok lan maaf
jupuk lan sepurane
jupuk lan nyuwun pirsa
jupok lan nyuwun pangapura
Kacarita, kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sandhuwuring kraton. dados keraton kuwi dadi segara geni.
Tembung kang ditulis kandhel ing teks kasebut, tegese yaiku …
kalahan marang mungsuh
duweni akeh kelemahan
duweni sitik ilmu
boten saged dikalahake
GUSTI
Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Pitutur luhur saka geguritan kasebut yaiku ….
kudu iling marang Gusti
kudu iling tumandak wonten suwarga
urip iling Gusti dados boten keblinger
manut lan uga lakoni tumindak ala marang liyane
