NEW
Font size
Worksheetsb jawa usek
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Grojogan Roro Kuning
Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Panjalu.
Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng.
Amargi Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pekertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji.
Galuh Agung ana crita ing dhuwur nduweni watak
Apik budi pekertine
Serik atine
Sareh
Sabar
Gundul-gundul Pacul
Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...
dadi pimpinan kudu nggatekake rakyate
dadi pimpinan kudu gundul
dadi pimpinan kudu nyunggi wakul
dadi pimpinan kudu kejem
Ukara “Bapak dhahar roti” yen ditulis nganggo aksara jawa sing bener yaiku
Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Budi dadi ketua klompok telu. Dina iki pelajaran olahraga diisi dolanan gobag sodor. Ketua kelompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga. Bima ngatur klompoke sing arep ngadhepi klompoke Munip. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan. Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa kecekel sing njaga. Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Parto.
Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku ....
dolanan tradisional
gobag sodor
pelajaran olah raga
pemenange klompoke Parto
Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, JawaWetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan. Yen ora diangkat, bisa bosok lan ora payu didol amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa dipangan rasane uga wis ora enak.
Ukara ing ngisor iki sing trep karo paragrap ing dhuwur yaiku....
Banjir lan udan dikantheni angin gedhe Dusun Kidul, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang.
Bencana mau ndadekake tanduran parine para tani tambah subur
Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya kesuwen kakum banyu udan
Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan
Pak Budhi lagi bingung ngadhepi perkara sing tumpang ... ing uripe.
Tembung saroja kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
adhem
getire
pait
tindhih
Sigra milir sang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsa samiwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kering
Kang gethek lampahnya alon
Guru wilangan lan guru lagune gatra kepapat tembang ing dhuwur yaiku ...
12 i
8 o
8 u
8 i
Aksara jawa ing ndhuwur latinne… .
Mangana saiki
Majalah siji
Mangan roti
Mangan sate
Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining sebab kang njalari polusi. Menawa awakedhewe nyambut gawe bareng-bareng lan miwiti nganggo tas plastik ramah lingkungan iku bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan. Ya gene kok awakedhewe kudu ngganti kanthong plastik karo tas plastik ramah lingkungan? Ora mung nganggu pemandhangan, sampah kanthong plastic uga ora becik disawang. Sampah kanthong plastic kang sansaya numpuk bisa njalari lingkungan reged, awur-awuran lan wong-wong padha ora aman. Meh sakabehing wong sing nganggo kanthong plastik, mbuwang kanthi srampangan. Akibate, bumi iki sansaya akeh polusi jalaran sampah plastik.
Ukara inti paragrap wacan ing dhuwur yaiku…..
Sampah kanthong plastic uga ora becik disawang
Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining sebab kang njalari polusi
Sampah kanthong plastic kang sansaya numpuk bisa njalari lingkungan reged
Nganggo tas plastic ramah lingkungan iku bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan
Energi mujudake sawene hebab kang wigati tumrap uripe manungsa ing donya, awit sakabehe wujud tumindak utawa kegiatane manungsa mbutuhake energi. Energi sing asale saka minyak, mineral alam, lan batu bara ora bisa didandani utawa dianyari. Mula, tumrape manungsaora ana pilihan kajaba gemi (irit) nggunakake energi.
Simpulan teks ing ndhuwur yaiku… .
Energi penting tumrap manungsa.
Kabeh kegiatan manungsa mbutuhake energi.
Energi mung saka minyak, mineral alam, lan batu bara
Tumrape manungsa kudu gemi nggunakake energi amarga ora bisa dianyari.
Adi endah nuswantara
Tlatah kang gemah ripah loh jinawi
Kabeh padha sayuk rukun
Bikut padha makarya
Mbangun negari budaya adi luhung
Amrih rukun lan santosa
Amrih makmur lanj nyawiji
Tembung gemah ripah tegese….
Tentrem lan makmur
Susah lan seneng
Bunga susah
Aman kertaraharja
Aja nganti kebanjur,
Sabarang polah kang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupaya iku,
Pituturing kang sayektos.
Manut titikane tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ….
Sinom
Pucung
Pangkur
Gambuh
Ir.Soekarno kagungan peran wigatos kangge mardikaaken bangsa Indonesia. Piyambakipun mboten kakean gludug kurang udan, ananging sawangsulipun “sepi ing pamrih …”.
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku …
Rame ing gawe
Rame ing dalan
Rame ing ngarep
Rame ing perang
Desa Pacet padha udan tangis amarga kena musibah tanah longsor.
Udan tangis tegese ....
Akeh wong sing kudanan
Akeh wong sing udan -udan
Akeh wong sing kebanjiran
Akeh wong sing kesusahan
Bapak Pucung wujud mlungker kaya kalung
Tangan papan ira
Nuduhake rina wengi
Lamun mati bingung wektu song bendara
Batangane yaiku ....
Binggel
Gelang jam
Ali-ali
Gelang
Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh,
....
Kula minangka wali saking siswa kelas 6 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dumateng Bapak Ibu guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggula wantah dumateng kula sakanca, saengga saget ngrampungaken kewajiban kula sakanca anggenipun ngangsu kawruh.
....
Isi teks pidatho ing nduwur yaiku ....
Atur pamayubagya
Atur kawilujengan
Atur pakurmatan
Atur agunging panuwun
Sawetawis cekap semanten rumiyin atur kula, kula nyuwun pangestu mugi-mugi sedaya saged nglajengaken dhateng sekolah ingkang linangkung inggil lan saged kaleksanan gegayuhan kula sakanca. Amin.
Paragrap ing ndhuwur kalebu perangan .... pidhato
Isi
Dudutan
Penutup
Pambuka
Kadang tani nandur pari ing ....
yen diwaca unine ....
Subur jangan sayur
Subur mangan sayur
Subur mangan layur
Subur seneng sayur
Sabar drana, yen ditulis jawa dadi ....
yen diwaca unine ....
ngumbah sepur
nonton sepur
nunggang sepur
numpak sepur
yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
klepon ketan
kalung ketan
olah ketan
ketan klepon
wacane yaiku ....
tuku gelang
tuku gedhang
tumbas gelang
tumbas gedhang
angka jawa sekawan
Nomer 17, menawa katulis nganggo aksara Jawa kang bener tinemu ing wangsulan……
