NEW
Font size
WorksheetsUlangan Padinan Pranatacara
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), perjamuan (pesta), pengaosan utawa pentas (show) lan sapanunggalane diarani....
Pangombyong
Panatacara
Pandhita
Pinisepuh
Para sesepuh
Sarat laku pranatacara iku ana pitung perkara sing diarani...
Saptama Pangolahing Raga
Saptama Pangolahing Rasa
Saptama Pambawa Raga
Saptama Panggonaneng Rasa
Saptama Pangajak Raga
Ing ngisor kiye sing kalebu sarat lakun pranatacara kajaba....
Mawastha
Malaksana
Macak
Magatra
Malaghawa
Salah sawijining sarat lakune pranatacara yaiku kudu tanggap ing sakabehe swasana,sarta bisa andayani regenge swasana utawa biyasa diarani....
Magatra
Matanggap
Malaksana
Mawastha
Malaghwa
Malaghawa kuwe salah sijining sarat lakune pranatacara sing tegese....
Nyandhang penganggo sing trep
Luwes mrabawani
tanggap ing sakabehe swasana
Trampil kepara trengginas,cag ceg, lancar,gancar
Ngadeg jejeg
Pokok perangan ing teks pranatacara iku ana pira?
papat
lima
enem
pitu
wolu
Perangan (bagian) teks pranatacara sing nomer telu lan papat
Atur puji syukur lan ancasing gati
Atur puji syukur lan sapa aruh
Sapa aruh lan ancasing gati
Sapa aruh lan panutup
Ancasing gati lan salam panutup
Perangan teks pranatacara sing nduweni isi yen pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani apa sing dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakna) ing wektu kasebut yakuwe....
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Ancasing gati
Sapa aruh
Panutup
"Sumangga panjenengan sedaya tansah kula dherekaken monjukaken puji syukkur wontenngarsanipun Gusti ingkang Maha Ageng, dene ngantos titi wanci punika panjenengan sedaya miwah kula taksih pinaringan kesehatan saha kesarasan."
Pethikan teks pranatacara ing ndhuwur kalebu perangan....
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Ancasing gati
Sapa aruh
Panutup
"Menggah urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawangsa, nuninggih: kapisan atur pambuka, kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an. Adicara ingkang kaping tiga nuninggih atur pambagyaharja, salajengipun kasambat pengaosan lajeng dipunpungkasi kaliyan panutup."
Pethikan teks pranatacara kasebut nuduhake perangan....
Salam pambuka
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Sapa aruh
Ancasing gati
