NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN SOAL PAS II KELAS 4 THN 2020-2021
Total questions: 40
Worksheet time: 13mins
Kaendahan nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga budaya lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahan seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku....
tembang campursari
tembang macapat
tembang langgam
tembang dolanan
Tujuan utama isine tembang dolanan saktemene kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ....
ilmu pengetahuan
olah raga
ketrampilan
budi pekerti
Salah sijine ciri tembang dolanan yaiku ....
ukarane cekak lan prasaja
ukarane endah tur angel
ukarane dawa-dawa tur angel
cengkok utawa lagune angel
Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 4 nganti 8
Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yes wis rampung nuli madhang.
Tembang iki judhule ....
Para Tani
Swara Lesung
Lumbung Desa
Nata Pari
Tembang ana ndhuwur dumadi saka .... baris.
2
3
4
5
Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ana tembang ndhuwur yaiku ....
mesin selep
mesin giling
palu karo graji
lesung lan alu
"Yen wis rampung nuli madhang" Tembung madhang basa krama aluse ....
mangan
nedha
nedhi
dhahar
Pra tani padha makarya, yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ....
Inti saka tembang ing ndhuwur, yen kepingin keturutan karepe yaiku mangan ....
kudu nyambut gawe
njaluk wong wae
njagakake wong tuwa
tuku nang warung wae
Nilai budi pekerti saka tembang ing ndhuwur yaiku ....
gotong royong
jujur
mandhiri
kurnat kinurmatan / saling menghormati
Sing ora klebu ciri - cirine tembang dolonan yaiku ....
basane prasaja
cengkoke gampang
jumlah gatrane ora winates
isine salaras karo bocah - bocah
Sing ora klebu tembang dolanan yaiku ....
Bulan Gedhe
Menthok - menthok
Kodhok Ngorek
Ambyar
Jangkepana tembang iki !
Bulan - bulan gedhe ana santri ....
menek klapa
menek kluwih
menek tiang listrik
menek jambe
Ceblokna salining wae tegese ....
wong iku kudu gelem weh- weh marang kanca sing raket wae
wong iku kudu gelem weh-weh marang wong sing padha sugihe
wong iku kudu gelem weh-weh marang liyan masio sithik
wong iku ora perlu weh-weh supaya gelem golek dhewe
Mumpung jembar ....
Jangkepane tembang iki yaiku ....
karangane
omah balene
kamar paturone
kalangane
Mumpung jembar kalangane, tegese yaiku ....
mumpung isih ana wektu lan diparingi Allah rejeki.
mumpung isih ana wektu lan diparingi Allah umur dawa
mumpung isih ana wektu lan diparingi Allah omah akeh
mumpung isih ana wektu lan diparingi Allah karangan amba
Bocah sing lagi sinau agama lan ilmu liyane diarani ....
kusir
kasir
santri
jukir
Sing ora klebu tujuan sinau tembang dolanan yaiku ....
Supaya bisa nguri-uri budhaya utawa nglestarekna budhayane bangsa Indonesia
Supaya sampeyan kabeh duwe kapribadhen ( kepribadian ) sing luhur ( orang Indonesia memiliki pribadhi yang luhur dan tidak dimiliki bangsa lain) .
Aja sampek budhayane bangsa Indonesia ilang, amarga generasine ora seneng karo budhayane dhewe.
Supaya diarani generasi sing hebat amarga gelem nguri-uir budhaya dhewe
Mrana -mrene mung sak paran-paran
Sapa bisa ngincupake
Mentas menclok cegreg
Nuli mabur bleber.
Tembung cegreg ana cuplikane tembang iki tegese ....
tiba
menclok
sedhela
suwe
Ayo Konco ayo kanca ngayahi karyaning projo
Kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legowo kanggo mulyaning nagoro
Siji loro telu papat maju papat papat
Diulang ulungake mesthi enggal rampunge.
Holobis kuntul baris x4
Tembang iki judhule ....
Holobis
siji,loro, telu , papat
Ayo kanca
Gugur Gunung/ Gotong royong
Ayo Konco ayo kanca ngayahi karyaning projo. Tembung praja tegese ....
taman
kebon
negara
sawah
Supaya bisa muni tembung kudu ana sandhangane.
Sing ora klebu sandhangan yaiku ....
Sandhangan swara
.Sandhangan panyigeg ( huruf mati sing diganteni karo sandhangan )
Sandhangan wyanjana
sepatu, klambi, rok, kaos, clana lan sakteruse
Sandhangan sing gunane kanggo menehi
konsona ( mati) kelawan gugus semivokal
sajroning sak wanda ( kata) diarani ....
sandhangan panyigeg
sandhangan swara
sandhang wyanjana
sandhangan sapangadeg
Sandhangan wyanjana fungsine nyelipake huruf konsonan ana gugus semi vocal. Aksara / huruf sing diselipake ana 5 , sing ora klebu yaiku ....
5.wa gembung………… ….kwa
r >> cakra….kra ....gantine ra / .wa ... gembung.... kwa
re >> cakra keret ....kre….gantine re / la .... panjingan…kla….gantine la
la >> panjingan .... kla….gantine la
sandhangan swara lan sandhangan panyigeg
Wuwuhan maceme ana papat. Sing panggonane ana tengah diarani ....
ater- ater / prefiks
seselan/ infiks
panambang/ sufiks
konfiks
Kabeh swara sing metu saka tutuk sing ana tegese lan dingerteni surasane (maknane) diarani tembung. Yen tembung sakecap utawa sawanda (suku kata) sing wis duwe teges diarani ....
Tembung lingga
Tembung Wod
Tembung Andhahan
Tembung Pitakon
Tembung isih wutuh durung oleh tambahan apa-apa diarani ....
Tembung Wod
Tembung Andhahan
Tembung Lingga
Tembung Pitakon
Tembung sing wis owah saka asale, amarga oleh ater-ater, seselan , panambang diarani ....
Tembung Wod
Tembung Lingga
Tembung Andhahan
Tembung Kriya
Adhik diturokake ibu ana kamar. Tembung linggane diturokake yaiku ....
turokake
dituru
turu
turon
Tugasmu saka Bu Guru apa wis kokrampungake ? Kokrampungake klebu tembung ....
Wod
Lingga
Andhahan
Pitakon ?
Katon srengenge wis sunar ing brang wetan. Tembung sunar yen diwenehi seselan um dadine ....
umsunar
sumunar
suminar
seminar
Nasibe manungsa iku wis tinitah dening Allah, mulane ara padha. tembung tinitah oleh seselan ....
um
in
el
er
Olehmu gumuyu aja nemen - nemen mengko mundhak nangis. Tembung gumuyu oleh seselan ....
in
el
er
um
Yen nyambut gawe kudu teliti, ben ora ana sing kliru. tembung teliti oleh seselan ....
in
um
er
el
Pekarangan Pak Amir .... bayem, lombok, lan terong. Jawaban sing mathuk yaiku ....
nandur
tanduran
ditandur
ditanduri
Java arep tulis surat nganggo aksara jawa. Tembung tulis kudune ....
ditulis
tulisake
ditulisi
nulis
Adhiku yen mangan sedina ping telu. Tembung mangan iku asale saka tembung lingga ....
mangan
pakan
pangan
mangani
Berase ginawakake menyang daleme mbah putri. Tembung ginawakake asale saka tembung lingga ....
ginawa
gawa
nggawa
gawakake
Bapak unjuk wedang jahe abrit. Tembung unjuk cocoke muni ....
diunjuk
ngunjuk
kounjuk
unjukan
Eyang putri nyawisake dhaharan kanggo tamu. Tembung nyawisake yen diudal manut tembung linggane yaiku ,,,,
nya + nyawis + ake
ny + cawis + ake
n + nyawis + ake
n + cawis + ake
