wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis wayang Ramayana lakon Kidang Kecana

Total questions: 20

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Asmane raja Ayodya yaiku ... .

a)

Prabu Manthili

b)

Prabu Dasarata

c)

Prabu Drstarata

d)

Prabu Dursasana

2.

Prabu Dasarata kagungan garwa cacahe ... .

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

3.

Ing ngisor iki kang dudu asmane garwane Prabu Dasarata yaiku ... .

a)

Dewi Sukasalya

b)

Dewi Kekeyi

c)

Dewi Arimbi

d)

Dewi Sumitra

4.

Pratelan kang bener ing ngisor iki yaiku ... .

a)

Dewi Sukasalya iku garwa prameswarine Prabu Dasarata lan kagungan putra lanang 1, jenenge Raden Ramawijaya

b)

Dewi Kekeyi iku garwa selir lan kagungan putra lanang 1, jenenge Raden Laksmana

c)

Dewi Sumitra iku garwa prameswari lan kagungan putra kembar, jenenge Raden Laksmana lan Raden Satrugna

d)

Putra sing paling banget ditresnani Prabu Dasarata yaiku Raden Barata

5.

Antarane putrane Prabu Dasarata kang hubungan persaudaraane paling raket yaiku ... lan ...

a)

Raden Ramawijaya lan Raden Barata

b)

Raden Ramawijaya lan Raden Laksmana

c)

Raden Laksmana lan Raden Satrugna

d)

Raden Barata lan Raden Satrugna

6.

Raden Ramawijaya kasil menangke sayembara kang dianakake Prabu Manthili, banjur antuk hadhiah ... .

a)

sebagean kerajaan Manthili bakal diwenehke marang Raden Ramawijaya

b)

diparingi emas barleyan lan putri saka kerajaan Manthili

c)

dinikahne karo putri kerajaan Manthili

d)

dadi raja ing kerajaan Manthili

7.

Asmane garwane Raden Ramawijaya yaiku ... .

a)

Dewi Utari

b)

Dewi Trijatha

c)

Dewi Lestari

d)

Dewi Sinta

8.

Apa kang njalari Prabu Dasarata gerah?

a)

amarga panjaluke Rade Barata kang kepengin dadi raja ing Ayodya ngganteni Rama

b)

amarga mikirke panjaluke Dewi Kekeyi kang abot dikabulke

c)

amarga mikirke polah tingkahe garwa selire kang kepenin dadi garwa prameswari ing kerajaan Ayodya

d)

amarga pancen wis tuwa

9.

Apa panjaluke Dewi Kekeyi marang Prabu Dasarata?

a)

Dewi Kekeyi dadi garwa prameswari lan putrane Barata dadi raja ing Ayodya ngganteni Rama

b)

Rama kudu dibuwang ing alas 12 taun lan Barata dadi raja ing Ayodya ngganteni Rama

c)

Rama kudu dibuwang ing alas salawase lan ora kena balik maneh menyang kerajaan

d)

Rama kudu dipateni amarga yen Rama durung mati, Barata ora isa dadi raja ing Ayodya

10.

Raden Rama dibuwang ing alas dikancani ... .

a)

Dewi Sinta

b)

Dewi Sinta lan Raden Laksmana

c)

Dewi Sinta, Raden Laksmana, lan Raden Barata

d)

Dewi Sinta lan Raden Barata

11.

Raden Rama dibuwang ing alas ... .

a)

Setra Gandamayit

b)

Caroban

c)

Dandhaka

d)

Gung liwangliwung

12.

Apa kang diweruhi Dewi Sinta nalika ana ing pinggir alas?

a)

jin lan dhemit kang memba-memba dadi manungsa

b)

raksasa

c)

kewan alas kang wujude manuk garuda

d)

kewan kidang kencana

13.

Sapa jenenge raja Alengka?

a)

Prabu Dasamuka

b)

Prabu Dursasana

c)

Prabu Kumbakarna

d)

Prabu Puntadewa

14.

Sapa jeneng raksasa wedok kang nggodha Raden Rama?

a)

Tri Jatha

b)

Sarpaknaka

c)

Kalamarica

d)

Kumbakarna

15.

Prabu Dasamuka iku duweni sedulur cacahe ana ... .

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

16.

Sedulure Prabu Dasamuka kang duweni watak apik yaiku ... .

a)

Sarpaknaka lan Kumbakarna

b)

ora ana sing apik

c)

Kumbakarna lan Wibisana

d)

Sarpaknaka lan Wibisana

17.

Adhine Prabu Dasamuka kang wujude manungsa yaiku ... .

a)

Sarpaknaka

b)

Kumbakarna

c)

Wibisana

d)

ora ana

18.

Apa kang diwelingke Raden Rama marang Raden Laksmana sadurunge ngoyak kidang kang mlayu menyang jero alas?

a)

Raden Laksmana ora kena ninggalake Dewi Sinta dhewekan

b)

Raden Laksmana kudu nggawe rajah kanggo nglindhungi Dewi Sinta saka bebaya

c)

Raden Laksmana ora entuk ngepek bojo Dewi Sinta yen Raden Rama seda

d)

Raden Laksmana kudu dadi wong sing jujur lan ngabekti marang nagara

19.

Sapa sejatine kewan kidang kencana iku?

a)

kewan ing alas kang wernane apik banget, ulese wernane kaya emas; awake gilik; lan sungune dhepaplang katon gagah banget

b)

sawijining kewan kang kasil nggodha Dewi Sinta

c)

sawijining kewan asil memba-membaning raksasa anak buahe Dasamuka kang dikongkon supaya nggodha Dewi Sinta

d)

anak buahe Dasamuka kang wujud asline siluman ula

20.

Kepriye pungkasane nasibe kidang kencana?

a)

kidang kasebut dipanah Raden Rama, pas kena jantunge banjur mati

b)

kidang kasebut dipanah Raden Rama, pas kena jantunge banjur isih isa mlayu maneh tumuju njero alas trus mati

c)

kidang kasebut dipanah Raden Rama, pas kena jantunge banjur bengok sakayange trus mati, wujude owah dadi raksasa

d)

kidang kasebut dipanah Raden Rama, pas kena jantunge banjur bengok sakayange trus mati tanpa ana sisane. Mlebur dadi siji karo lemah.