Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa jawa PAS Semester Genap/II Kelas 4

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Desaku Kang Asri

Ing desaku saiki lagi dianakake kegiyatan lingkungan. Saben warga kudu nata lingkungane dhewe-dhewe. Liwat pertemuan PKK ibu-ibu, diumumake kudu nandur tanduran arupa kembangan, sayur-sayuran, lan tanaman obat keluarga (TOGA).

Saben dina aku lan adhikku diutus ibu resik-resik lan siram-siram. Warga sedesa kabeh nyengkuyung kegiyatan iki.

Mula saya suwe desaku katon tumata, resik lan asri. Desa kang asri wargane ayem tentrem lan sehat.


Irah –irahane wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Desaku Kang Resik

b)

Tanduran TOGA

c)

Desaku Kang Asri

d)

Desa Kumuh

2.

Ing desaku saiki lagi dianakake kegiyatan lingkungan. Saben warga kudu nata lingkungane dhewe-dhewe. Liwat pertemuan PKK ibu-ibu, diumumake kudu nandur tanduran arupa kembangan, sayur-sayuran, lan tanaman obat keluarga (TOGA).

Saben dina aku lan adhikku diutus ibu resik-resik lan siram-siram. Warga sedesa kabeh nyengkuyung kegiyatan iki.

Mula saya suwe desaku katon tumata, resik lan asri. Desa kang asri wargane ayem tentrem lan sehat.


Wacan ing dhuwur nyritakake ....

a)

PKK

b)

tanduran TOGA

c)

gotong royong

d)

lingkungan asri

3.

Desa kang asri wargane ayem tentrem lan sehat. Kang klebu tembung saroja ing ukara ngarep yaiku ....

a)

kang asri

b)

lan sehat

c)

wargane ayem

d)

ayem tentrem

4.

Salman kuwi awake lemu.

Lemu tembung kosok baline ....

a)

cilik

b)

dhuwur

c)

kuru

d)

gedhe

5.

Banyu kali iku bening banget. Bening tembung kosok baline ....

a)

resik

b)

buthek

c)

reget

d)

cethek

6.

Kang di arani tembung kosok balen yaiku ....

a)

tembung sing tegese lelawan.

b)

tembung-tembung sing nduweni teges podho.

c)

tembung loro (2) utawa luwih sing dicambor (digandheng) dadi siji.

d)

wuwuhan kang manggon ono ing sangarepe tembung lingga.

7.

Syifa iku bocah kang gemi, ora...

Tembung kosok balen seng bener gae ngisi titik-titik yaiku ....

a)

boros

b)

sregep

c)

nangisan

d)

kendhel

8.

Karo konco iku kudu sing rukun, aja seneng tukar...

Genepane tembung saroja kang dikandeli yaiku ....

a)

tentrem

b)

padu

c)

waya

d)

walik

9.

Nalika maratamu nang omahe tonggo luwih apik uluk ... dhisik.

Genepane tembung saroja kang dikandeli yaiku ....

a)

rukun

b)

padu

c)

tentrem

d)

salam

10.

Pantai Cemara ing Tuban suasanane asri tur edi peni. Tembung edi peni tegese ....

a)

makmur

b)

adem

c)

apik banget

d)

panas

11.

Bapakku kerjo direwangi kanthi jungkir ... anggone golek pangan.

Genepane tembung saroja kang dikandeli yaiku ....

a)

junjung

b)

walik

c)

bundhas

d)

sulam

12.

Ukara ing ngisor iki sing nganggo seselan in yaiku ....

a)

Ibu badhe tindak peken.

b)

Putrane Pak Amir dipindah menyang Surabaya.

c)

Muga-muga tansah ginanjar slamet.

d)

Gambar iku gumantung ing tembok.

13.

Tembung sing migunakake seselan um yaiku ....

a)

kuminter

b)

tinulis

c)

tinemu

d)

ginanjar

14.

Tembung bagus yen oleh seselan um dadine ....

a)

gumagus

b)

bumagus

c)

kumagus

d)

pumagus

15.

Tembung gantung yen oleh seselan um dadine ....

a)

umantung

b)

gumantung

c)

kumantung

d)

ginantung

16.

Seselan utawa sisipan (infiks) yaiku wuwuhan kang manggone ono ing ....

a)

gurie tembung

b)

tengahe tembung

c)

ngarepe tembung

d)

tembung

17.

Seselan um yen diseselake ing tembung lingga kang diwiwiti aksara p bakal malih dadi aksara ....

a)

g

b)

b

c)

k

d)

ng

18.

Dadi bocah ojo sok (pinter), marai ora duwe konco. Tembung sing di kurung yen dirimbag nganggo seselan um dadi ....

a)

puminter

b)

kuminter

c)

keminter

d)

uminter

19.

Dadi murid kudu wani (takon). Tembung sing di kurung yen dirimbag nganggo seselan in dadi ....

a)

inakon

b)

pitakon

c)

tumakon

d)

tinakon

20.

Nalika kegiyatan bersih desa, para warga guyup rukun bebarengan kerja bakti. Guyup rukun klebu tembung ....

a)

garba

b)

camboran wutuh

c)

saroja

d)

camboran tugel

21.

Lega lila nduweni teges yaiku ....

a)

sehat lan bahagia

b)

ikhlas

c)

seneng

d)

welas

22.

Nida nduweni tingkah laku sing ... ashor karo wong tuwo. Genepane tembung saroja kang dikandeli yaiku ....

a)

andhap

b)

rukun

c)

rahayu

d)

krama

23.

Kembang turi (tandur) ing pinggir sumur. Tembung sing di kurung yen dirimbag nganggo seselan in dadi ....

a)

tandurin

b)

tinandur

c)

ingandur

d)

tumandur

24.

Tembung ing ngisor iki sing nganggo seselan in yaiku ....

a)

tumindak

b)

kapindho

c)

pindhahan

d)

ginanjar

25.

Papat sehat dumadi saka panganan pokok, lauk-pauk, sayur-sayuran, lan woh-wohan. Tembung dumadi ing ukara kasebut oleh seselan ....

a)

el

b)

in

c)

um

d)

er