wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US Tulis Kelas 6 Bahasa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 3hrs 46mins

Name
Class
Date
1.

Isi geguritan ing dhuwur yaiku bocah sekolah iku gegayuhane bakal klakon yen ....

a)

bakal urip seneng manembah marang Gusti lan wong tuwa

b)

bakal urip seneng mituhu wong tuwa lan manembah Gusti

c)

sregep sinau bakal urip seneng mituhu wong tuwa

d)

sregep sinau, mituhu wong tuwa lan manembah Gusti

2.

Wacanen kang patitis!


Prabu Yudhistira iku ratu ing negara Ngamarta. Garwane asma Dewi Drupadi. Yudhistira ratu kang jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Sajrone dadi ratu, Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake kepentingan rakyat. Mula negarane gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, rakyate guyub rukun lan sengkut makarya.


Isi wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Prabu Yudhistira iku ratu kang jujur lan ora seneng ngalah, tansah tumindak adil lan ngutamakake kepentingan rakyat

b)

Prabu Yudhistira ratu ing Ngamarta watake luhur tansah tumindak adil lan ngutamakake kepentingan rakyat

c)

Ngamarta negara gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, rakyate guyub rukun lan sengkut makarya

d)

Negara kondhang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, rakyate guyub rukun lan sengkut makarya

3.

Isine wacan ing dhuwur yaiku …

a)

Nyadran iku dileksanakake saben wulan Ruwah kanthi reresik kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda

b)

acara Nyadran iku ndongakake para leluhur kang wis seda supaya dingapura dosane dening Gusti Allah

c)

Tradhisi tilik lan reresik kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda kang dileksanakake warga desa

d)

Tradhisi reresik kubur lan kirim donga diwiwiti tanggal 15 nganti dipungkasi ing akhir tanggal 29 ing sasi Ruwah

4.

Aksara Jawa ing nduwur iku unine ….

a)

Rahayu tuku kopi ning pasar

b)

Rahayu tuku buku ning pasar

c)

Rahayu tuku gula ning warung

d)

Rahayu tuku gula ning pasar

5.

Dudutan utawa simpulan crita ing dhuwur yaiku …

a)

Ajisaka sing wengis lan seneng mangan daging wong

b)

Ajisaka wani marang Prabu Dewatacengkar

c)

Ajisaka mbiyantu rakyat Medhangkamulan

d)

Ajisaka dadi rakyate Prabu Dewatacengkar

6.

Isi tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ....

a)

pocapan kang trep sing bisa njalari cilaka

b)

pocapan kang ora trep sing bisa njalari cilaka

c)

solah bawa ora trep sing bisa njalari urip mulya

d)

solah bawa kang trep sing bisa njalari nelangsa

7.

Isine crita ing dhuwur yaiku ….

a)

Raden Werkudara utawa Bima kagungan nama akeh banget, kayata Bratasena, Jagal Abilawa

b)

Raden Werkudara iku putra nomer loro saka Dewi Kunthi karo Prabu Pandudewanata

c)

Bima putrane Prabu Pandudewanata nalika lair awujud bungkus dibuwang ing tengah Alas Krendhawahana

d)

Begawan Abiyasa karo Prabu Pandu mbuwang bayi bungkus ing tengah alasKrendawahana

8.

Ukara “Tukang gawe sega bakar.” yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener ana ing nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

Urutane supaya dadi pidhato kang trep yaiku ….

a)

2 – 1 – 4 – 3

b)

2 – 1 – 3 – 4

c)

2 – 4 – 1 – 3

d)

2 – 4 – 3 – 1

10.

Kang aran Adipati Karna ing gambar nomer ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

11.

Ukara kang kacithak miring ing wacan dhuwur, menawa diowahi dadi basa krama kang trep yaiku ….

a)

Kathah warga ingkang mboten saged bidhal nyambut damel

b)

Kathah warga ingkang mboten saged tindhak nyambut damel

c)

Kathah warga ingkang mboten saged mangkat nyambut gawe

d)

Kathah warga ingkang mboten saged bidhal nyambut gawe

12.

Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….

a)

Mimi nulis aksara jawa

b)

Mami nulis aksara jawa

c)

Maman nulis aksara jawa

d)

Mimin nulis aksara jawa

13.

Ukara kang kacetak miring iku tegese ….

a)

diudi sapa wae

b)

digawe sapa wae

c)

diudi awan lan bengi

d)

dilakoni awan bengi

14.

Tokoh utamane crita mau yaiku ….

a)

Pandan Arang

b)

Raden Pandang

c)

Sultan Demak

d)

Wali Demak

15.

Isine crita ing dhuwur yaiku ….

a)

Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Bisma. Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandhi

b)

Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Wratsangka, Utara, lan Resi Seta kang seda saka tangane Resi Bisma. Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandhi

c)

Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Seta. Resi Seta dhewe rubuh nalika tandhing karo Resi Bisma

d)

Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Wratsangka lan Utara. Resi Bisma rubuh nalika tandhing karo Srikandhi

16.

Aksara Jawa ing dhuwur yen ditulis latin dadine ….

a)

Sapine Warso manak telu

b)

Sapine Warsi manak pitu

c)

Sapine Marno manak telu

d)

Sapine Marni manak telu

17.

Dhugdheran saiki dianakake ing ….

a)

Masjid Kauman Semarang

b)

Masjid Baiturrahman

c)

Masjid Agung Jawa Tengah

d)

Ngarep Stasiun Tawang

18.

Isine wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Dhugdheran iku tradhisi saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Syawal. Mbiyen dianakake ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah

b)

Dhugdheran iku tradhisi saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi pasa. Mbiyen dianakake ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah

c)

Dhugdheran iku tradhisi saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi pasa. Mbiyen dianakake ing ngarep Stasiun Tawang. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Pasar Johar

d)

Dhugdheran iku tradhisi saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Syawal. Mbiyen dianakake ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing Alun-Alun Simpang Lima

19.

Dudutan utawa kesimpulan wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Dhugdheran iku tradhisi ing Kutha Semarang kanggo nyambut sasi Ruwah

b)

Dhugdheran iku tradhisi ing Kutha Semarang kanggo nyambut taun baru

c)

Dhugdheran iku tradhisi ing Kutha Blora kanggo nyambut sasi Pasa

d)

Dhugdheran iku tradhisi ing Kutha Semarang kanggo nyambut sasi Pasa

20.

Tegese tembung kang kacethak miring ing wacan kasebut yaiku ....

a)

umume

b)

mesthine

c)

arane

d)

mulane

21.

Raden Gathutkaca iku watake ….

a)

culika

b)

kendel

c)

jirih

d)

julig

22.

Isine crita ing dhuwur yaiku ….

a)

Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Arjuna supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah Kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Jayadrata, Panah Kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka Kusuma bangsa

b)

Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Kalabendana supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Duryudana. Prabu duryudana nglepas panah Kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Gathutkaca, Panah Kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka Kusuma bangsa

c)

Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Werkudara supaya dadi senapati. Sang Gathutkaca uga maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah Kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Kala Bendana, Panah Kunta kasil njojoh pusere Werkudara. Werkudara gugur minangka Kusuma bangsa

d)

Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Gathutkaca supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah Kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Kala Bendana, Panah Kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka Kusuma bangsa

23.

Adipati Karna iku watake ….

a)

setya marang negara

b)

gampang nesu

c)

seneng ngurusi liyan

d)

julik lan licik

24.

Ing crita "Gathutkaca Gugur" kang nduweni watak jahat yaiku ….

a)

Gathutkaca

b)

Karna

c)

Duryudana

d)

Kalabendana

25.

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu pengalaman sing nyenengake yaiku nomer ….

a)

1, 2, 4

b)

1, 3, 5

c)

2, 3, 4

d)

2, 4, 5

26.

Pratelan ngisor iki kang kalebu pengalaman sing ora nyenengake yaiku ....

a)

didukani Pak Guru amarga ora nggarap PR

b)

ulangan basa Jawa entuk biji apik dhewe

c)

ketemu karo kanca lawas sing wis pisah suwe

d)

piknik bareng karo kanca sakelas

27.

Underane / topike crita ing dhuwur yaiku ….

a)

kahanane Simpanglima

b)

numpak sepedha hias

c)

lomba nggambar ing Simpanglima

d)

hadiyah lomba nggambar

28.

Kosok baline tembung kang kacithak miring yaiku ….

a)

ayu banget

b)

lemu banget

c)

gedhe banget

d)

cilik banget

29.

Pitutur tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku wong tetulung ….

a)

kudu nggatekake rupa lan kahanan

b)

kudu nggatekake derajat lan pangkat

c)

aja mbedak-mbedakake rupa lan kahanan

d)

sing padha derajat lan sugihe

30.

Isine tembang Kinanthi ing ndhuwur yaiku ….

a)

Anoman mlumpat ing wit nagasari ing njero taman

b)

Anoman weruh wanita ayu kang awake kumel ing njero taman

c)

Gelunge Anoman rusak merga mlumpat wit nagasari

d)

Anoman mudhun saka wit nagasari nyedhaki wanita ayu

31.

Guru wilangan lan guru lagune tembang kasebut, yaiku ....

a)

8u, 8i, 7a, 8i, 8a, 7i

b)

8u, 7i, 8a, 8i, 7a, 8i

c)

8a, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

32.

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Pinangka wakilipun kanca-kanca, kula ugi nyuwun pangapunten menawi anggen jula matur kathah klenta-klenthu lan lepatipun. Nuwun.


Pethilan teks sesorah ing dhuwur iku perangan ....

a)

isi

b)

pambuka

c)

panutup

d)

salam panutup

33.

Urutane sesorah sing bener yaiku nomer ....

a)

6, 2, 4, 3, 5, 1

b)

6, 2, 5, 4, 3, 1

c)

1, 2, 3, 4, 5, 6

d)

1, 5, 3, 4, 2, 6

34.

Ukara sing trep kanggo ngganepi teks sesorah ing dhuwur yaiku ....

a)

Sumangga kita sami-sami nyuwun idi pangestu

b)

Sumangga kula dherekaken kondur dhateng dalem

c)

Sumangga kita tansah ngabektik dhumateng ibu pertiwi

d)

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti

35.

Isine perangan sesorah ing dhuwur yaiku ….

a)

Pengetan dinten Sumpah Pemuda, siswa nggadhahi semangat anggenipun sinau

b)

Gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah aripah loh jinawi

c)

Pengetan Kamardikan dipun warisaken putra wayah mujudake kamardikan

d)

Kita sedaya tiyang Bangsa Indonesia nggadhahi semangat juwang ingkang inggil

36.

Wosipun sumpah saha prasetya menika kita sedaya, kula lan panjenengan sedaya saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah lagu mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera.


Tembung kang kacethak miring tegese yaiku ….

a)

kendel

b)

bela bebener

c)

kekuatan

d)

janji setia

37.

Topik pacelathon ing dhuwur yaiku ….

a)

lunga neng endi wae kudu nganggo masker

b)

lunga neng endi wae ora usah nganggo masker

c)

ora usah nganggo masker nalika ing pasar

d)

Sari lan Ibu mundhut masker ing pasar

38.

Ukara sing trep kanggo wangsulane Sekar yaiku ….

a)

Putrane Bu Lurah wonten pinten nggih?

b)

Wonten pundi daleme Bu Lurah nggih?

c)

Bu Lurah kagungan daleme pinten nggih?

d)

Bu Lurah asmane sinten nggih?

39.

Paraga Adi duwe watak ….

a)

seneng ngapusi

b)

seneng tetulung

c)

tanggung jawab

d)

andap asor

40.

Paraga kang nindakake pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

Bu Winarti lan Bu Hamidah

b)

Dodi lan Susi

c)

Dodi lan Bu Winarti

d)

Bu Winarti, Bu Hamidah, Dodi, lan Susi