wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

US Bahasa Jawa 2020/2021

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 17mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen geguritan ing ngisor iki!


Gong


Dak deleng gong gumantung ing gayor

ana sing cilik ana sing gedhe

endah di sawang kepenak ditungu

Kabeh nunggu giliran ditabuh

Ora ana sing meri drengki

Ora ana sing cupet budine

Ora ana sing rumangsa dikuwalonake


Tembung kang kacetak kandel ana ing dhuwur tegese ....

a)

gamelan kang dithuthuk

b)

panggonan kanggo nyelehake gamelan

c)

alat kanggo nyantholake gong

d)

alat kanggo ngiringi tembang

2.

Gong

Dak deleng gong gumantung ing gayor

ana sing cilik ana sing gedhe

endah di sawang kepenak ditungu

Kabeh nunggu giliran ditabuh

Ora ana sing meri drengki

Ora ana sing cupet budine

Ora ana sing rumangsa dikuwalonake


Tembung cupet budine ing geguritan iku tegese ....

a)

Seneng banget

b)

Susah atine

c)

Atine rumangsa tentrem

d)

Ora bisa tumindak becik

3.

Bagus : “Sugeng siyang, Pak Ali!”

Pak Ali : “0, iya nak! Apa wis bali sekolah iki?”

Bagus : ”Dereng, Pak!”

Pak Ali : “Lho, durung bali kok dolan menyang sawah? Apa ora digoleki Bu Guru?”

Bagus : “Boten, Pak! Kula..……… Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun

nanem sekar mawar dhateng Bapak.”

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Dikongkon

b)

Didukani

c)

Dipundhawuhi

d)

Digoleki

4.

Wacanen kanthi setiti, banjur wangsulana pitakon ing ngisor iki!

GROJOGAN RORO KUNING

Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake Kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Panjalu. Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari. kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir

kagungan putri asmane Galuh Ajeng.

Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji.

Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel,padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis. Sadhar yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji banjursowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa Selomangleng. “Laramu iki ora lara sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya golektamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa, kowe malah bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.

(Sumber: Tantri Basa Jawa)

Amanat Dewi kilisuci sajeroning saka wacan crita rakyat ing dhuwur yaiku……

a)

Aja rumangsa bisa

b)

Kudu sabar lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa

c)

Dadi wong aja ngandalake kapinteran

d)

Tetulung marang sepadha-padha

5.

Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, kajaba…………..

a)

Kinanti

b)

Gundul pacul

c)

Jaranan

d)

Gajah-gajah

6.

“Taling tarung” yaiku sandhangan kanggo swara…………….

a)

Swara “i”

b)

Swara “u”

c)

Swara “e”

d)

Swara “o”

7.

Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udah. Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali. Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan. Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.

Gagasan pokok paragraf ing duwur yaiku ….

a)

Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udah.

b)

Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali.

c)

Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan.

d)

Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.

8.

Gatekna gambar iki


Gambar kasebut yen ditulis wujud pawarta, manut isine bisa digolongake jinise…………

a)

ekonomi

b)

kesehatan

c)

hiburan

d)

agama

9.

Ing mangsa rendheng tahun punika kathah kedadosan lemah longsor ingkang dipun wiwiti jawah deres dikantheni angin gedhe musababaken sengsarane warga padhusunan. ing antawisipun nggih menika wit ambruk, gunung jugrug. ingkang kathah kedadosan ing Kabupaten Sleman, dinten Kamis sonten (5/1/2017).

Para pimpinan posko lapangan ing balai dhusun Sumberadi, Kecamatan Mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono mratelakake menawi akibat saking jawah angin kesebat nggih menika 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, ugi panggonan umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.

Sumber : www.liputan 6.com.>tag>basa jawa

Akibat saking jawah lan angin kenceng ing Kabupaten Sleman DIY yaiku ….

a)

sengsarane warga padhusunan

b)

banjir bandang ing Sleman

c)

67 wit ambruk, 78 griya terdampak, ugi 4 titik jaringan PLN risak

d)

mangsa rendheng kathah kedadosan

10.

Pekarangan omahe sedulurku ing Banyuwangi tandurane rena rena, lan sajake dirumat kanthi ajek ijo royo-royo katon asri lan seger.

Tembung sing dicetak kandel kuwi klebu tembung ….

a)

camboran

b)

andhahan

c)

saroja

d)

tanggap

11.

Jumadi iku senajan isih cilik nduweni watak sing seje karo konca kancane, pancen keras atine, yen dielingake kancane banjur abang kupinge.

Tembung entar sing dicetak kandel tegese ….

a)

kupinge abang

b)

nangis

c)

seneng

d)

nesu

12.

Pucung

Dadi bocah kudu sregep lan sinau

Ben ora rekasa

Sinaune ditenani

Yen wis sukses aja lali mring wong tuwa

Guru wilangan lan guru lagu tembang pucung ing ndhuwur yaiku……….

a)

12u,8i,6ai,12a

b)

12u,6a,8i,12a

c)

12a,7i,8u,8a

d)

8i,8u,12a,10i

13.

Tetembungan utawa ukara kang digunaake kanggo nyemoni/nyacad diarani………….

a)

Parikan

b)

Bebasan

c)

Panyandra

d)

Panyendhu

14.

Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….

a)

A. Maliki tuku soto

b)

B. Maliki tuku roti

c)

C. Maliki tuku sapi

d)

D. Maliki tuku sepatu

15.

Wacanen kang setiti!

Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek

Bupati Trenggalek, Emil Elistianto ndadak ngirim pesen ringkes marang Kantor Berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing Kabupaten Trenggalek, yaiku Kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampar.

Teks informasi ing dhuwur kalebu teks ….

a)

narasi faktual

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pawarta

16.

Saben jenis teks informasi duweni ciri- ciri utawa titisan mligi bisa katitis saka informasi sing diandarake uga bisa saka basa kang digunakake.

Titisane/ ciri-ciri teks informasi ana papat, kajaba … .

a)

Teks pawarta

b)

Teks persuasi

c)

Teks pariwara/iklan

d)

Teks deskripsi

17.

Seng kalebu tembang macapat yaiku............

a)

Lir ilir

b)

Pitik tukung

c)

Pucung

d)

Gajah – gajah

18.

Tembang Macapat

Anoman melompat sampun

Prapteng witing nagasari

Mulat mangandhap katingal

Wanudya yu kuru aking

Gelung rusak wor lan kisma

Kang ega – ega kaeksi

Guru wilangan lan guru lagune tembang macapat ing dhuwur yaiku......

a)

8u,8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

8a,11i, 8u, 7a, 8a, 8i

c)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u

d)

8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 7i

19.

Tembung macapat iku cacahe ana.......

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

20.

Pangkur

Negeriku Indonesia

Nut jaman kapungkur tetep nyawiji

Nunggal ingkang den ginayuh

Kawarhajaning bangsa

Lohjinawi subur kang sarwa tinandur

Murah sandang lawan pangan

Kerukunan kan jinawi

Tembung Nyawiji ono ing tembang pangkur ing dhuwur tegese … .

a)

Pada tujuane

b)

Dadi siji

c)

Ana pamrih

d)

Ruku

21.

Peribasan yaiku unen kang ajeg panganggone, duwe teges wantah (lumrah) ora nganggo gambaran (kiasan) Kang kalebu peribasan yaiku … .

a)

Kebo nusu gudel

b)

Udan tangis

c)

Nabok nyilih tangan

d)

Abang abang lambe

22.

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar (kias), nganggo gegambaran arupa barang utawa kewan kang kalebu saloka yaiku…

a)

Sepi Ing pamrih, rame ing gawe

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Kebo nusu gudel

d)

Sabaya pati sabaya mukti

23.

Unen-unen sing kudu dibadhek utawa dibatang maksute diarani……….

a)

Pepindhan

b)

Cangkriman

c)

Paribasan

d)

Rura basa

24.

Pithik walik saba kebon

Cangkriman iki batangane … .

a)

Salak

b)

Strawberry

c)

Nagasari

d)

Nanas

25.

Miturut suasanane, pidato utawa sesorah kaperang dadi pidato resmi lan ora resmi. Pidato resmi yaiku pidato sing di wedarake ing pasaman resmi.

Pidato ora resmi yaiku pidato sing di wedarake ing pasaman ora resmi.

Kang kalebu pidato resmi yaiku … .

a)

Pidato karangtaruna

b)

Pidato Hardiknas

c)

Pidato Manten

d)

Pidato Ulang tahun