NEW
Font size
WorksheetsTEKS CRITA RAKYAT
Total questions: 10
Worksheet time: 50mins
1. Gatekna pethikan wacan crita rakyat ing iki!
Jaka Tarub inggih menika piyantun dusun ingkang gagah pidheksa. Piyambakipun asring mbebedhak ing salebetin wana ingkang wingit. Nalika saweg mbebedhak Jaka Tarub nyumerepi widadari cacah pitu saweg kungkum saha gegojegan wonten tlaga salabeting wana.
Jaka Tarub kesengsem kaliyan salah satunggaling widadari punika lajeng piyambakipun mundhut slendhang ingkang gumlethak wonten sela sapinggiring tlaga. Nalika para widadari sampun tingkas anggenipun kungkum lajeng sami nganggem busananipun piyambak-piyambak. Ananging wonten salah satunggaling widadari ingkang mboten manggihaken slendhangipun. Piyambakipun madosi ananging boten pinanggih, lajeng piyambakipun dipuntilar dening kadang-kadangipun wangsul wonten khayangan amargi sampun ngancik candhikala.
Widadari punika namanipun Nawangwulan. Menawi boten wonten slendhang, para widadari boten saged wangsul dhateng khayangan, mila Nawangwulang rumaos kuciwa lan ajrih amargi tinilar para kadang kamangka kahanan sampun wiwit peteng. Piyambakipun lajeng muwun ing sapinggiring tlaga benget napa ingkang badhe pun tindakaken.
Pitutur luhur kang ana sajroning teks crita rakyat kasebut yaiku ...
Cebol nggayuh lintang
anak polah bapa kepradhah
mban cindhe mban siladan
sapa sing salah bakale seleh
urip prasaja
NYI PUSPO CEMPOKO
…………..Ngarȇpe tabuh sanga nalika dhèwèke ditinggal ijèn dening juru kunci ing sangarȇpe jirat kijing Nyi Puspo Cȇmpoko. Pȇdhut putih ngȇmuli anggane juragan Jaiman. Mbaka sȇthithik buyar ganti wadage Nyi Puspo sing ngadȇg ing sangarȇpe.“Aku wis marak sowan Nyi ….. banjur ana dhawuh apa, lan sadurunge aku nyuwun ngapura yèn wingènane bȇngi ….”“Wis kakang ora pȇrlu kok bacutake aturmu, aku wis ngȇrti gorèhing atimu. Kowe kari milih….nȇrusake sȇsambungan karo aku ….. apa ngȇboti atimu sing miring marang prawan pondhok kuwi. Yèn kowe isih kȇpengin sȇsambungan klawan Kabongan…dak jaluk patine prawan kuwi saka tanganmu dhewe…. Carane mangsa borongo, dakwatȇsi wȇktumu mung sȇpasar saka dina iki …..wis saiki dang baliya!” Rada sȇrȇng pangȇtage Nyi Puspo. Sawȇtara iki juragan Jaiman dhȇlȇg-dhȇlȇg, nuhoni isining pȇrjanjèn utawa rasa trȇsna lan ora tega. Grȇnang-grȇnȇng ngomong dhewe kaya wong gȇmblung, yèn dijak caturan ora nyambung. Klȇsak-klȇsik santȇr saka para pȇgawene saya ndadi , yèn juragane wis kȇtèmpèlan mȇrga pȇsugihan. Marliyah dadi ngȇrti sapa satȇmȇne juragan sing bakal ngrabi dhèwèke kuwi. Sȇnajan mung nȇmbung pribadi ora ono sing ngȇrtèni, tumrape Marliyah juragane kuwi pancèn duwe niyat tulus ngrabi dhèwèke. Ndȇlȇng kahanane Jaiman lan rȇrasan kanca-kanca kȇrjane, rasa cubriya bab “misteriuse” kamar sȇpèn tutupan ing lotèng kuwi saya kandȇl.
Paraga baku sing ana ing teks crita rakyat Nyi Puspa Cempoko yaiku …
Marliyah
Paidi
Wagiyem
Jaiman
Poniman
1. Sawetara iki juragan Jaiman dheleg-dheleg, nuhoni isining perjanjèn utawa rasa tresna lan ora tega.
Pethikan teks nuduhake manawa Juragan Jaiman batine lagi nandhang …
Susah
Bingung
Kasmaran
Sedhih
Gela
Rasa bimbang sing mulek lan nggubel ana uripe Jaiman disababake saka kedadeyan ngisor iki sing cocok karo teks yaiku
isene prajanjen antara jaiman lan nyi puspa cempoko sing ora gelem dimangro lan wong liya
rasa mangkele marang nyi puspo cempoko sing ngatur dheweke
kahanane jaiman kag saiki dadi wong sing sugih
lungane marliyah wong wadon saka pondhok sing bakal didadekake bojone lunga lan rewanage loro wagiyem lan paidi bali menyangtemanggung
wurung anggone bakal mateni Marliyah merga pakone Nyi Puspa Cempoko
1. …. Nalikane Marliyah tangi saka sujud lan ngucap “Allahu Akbar”, sumiyut glathi landhȇp ngȇnȇr gulune. Nanging saka kȇrsane Allah pawongan mau mbȇngok karo nȇkȇp dhadhane, glathi iku mȇncȇlat ngȇnani kaca pȇngilon pȇcah ambyar. Kaget ndȇlȇng juragane Jaiman sing arȇp mrawasa lan matèni dhèwèke, saikine cȇkakaran karo mȇcicil nȇkȇp dhadhane, Marliyah jȇlih-jȇlih njaluk tulung. Sakala dadi gègèr ing omah kuwi. Gȇmrudug pȇgawe lanang wadon watara wong lima sing pancèn kajibah turu ing kono, andum gawe. Ana sing tȇtulung marang Marliyah sing ngguguk trauma, ana sing ngrȇsiki pȇcahan kaca bȇling sing sumȇbar lan nyingkirake glathi. Sȇbagiyan ngrumat juragane sing dadi ropyan. Doktȇr pribadine juragan Jaiman ditelpon, tȇka niti priksa nadi, kȇtȇg jantung lan liyane, banjur awèh suntikan pȇnȇnang. Juragan Jaiman digotong mudhun diturokake anglȇr ing kamare.
Miturut pethikan crita iki latar swasana ing omahe juragan Jaiman yaiku …
rame lan nyenengake
gumbira utawa bungah
geger, rame campur sedhih
sedhih campur rasa seneng
geger , rame lan sarwa nyenengake
Asal-usule kutha Salatiga lan Boyolali
Handika para wali misuwur yaiku Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Gunung Jati lan Sunan Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syech Siti Jenar sing wis kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula Syeh Siti Jenar banjur dirangket lan dipidana. Paraga kang bakal ngganti kalungguhane Syeh Siti Jenar manut pengawase Sunan Kalijaga yaiku Adipati ing Semarang kang isih kalebu tedhak turune Pangeran Haryo Adipati Sabranglor.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang kasebut kanjeng Sunan Kalijaga memba-memba dadi tukang adol suket. Kanthi mangkono saben esuk bisa ketemu karo sang Adipati. Ananging dhuit bayaran suket mau ora tau ditampa malah dibalekake kanthi ditlengsepake ing bongkokan suket mau.
kanggo nyedhaki Adipati Semarang, Sunan Kalijaga memba dadi .....
Sunan Gunungjati
Sunan Pandanaran
Tukang adol suket
Tukang makani jaran
Juru pekathik
Supaya mangerteni crita rakyat punika taksih jumbuh utawa pas karo kauripan jaman saiki caranipun kados pundi....
Ningali kethoprak saben dina
Prastawa ing cerkak persis sami kaliyan prastawa jaman punika
Nggatosaken piwulang lan piweling saking crita rakyat
Nemtokaken pangripta crita rakyat
Nemtokaken irah-irahan crita rakyat
Salah sawijining tetenger legendha, yaiku .....
Ora diweruhi sapa kang nganggit
Dianggep duweke rakyat bareng-bareng
Ora ana owah-owahan kang wigati saka jaman biyen tekan jaman saiki
Medharake piwulang kang becik
Nggambarake kadadeyan-kadadeyan kang mokal anane
Ing jaman semana ana crita rakyat ing kecamatan Mojobolan, yaiku nggambarake kisahe wong sekti sing disenengi dening wong akeh lan bisa ndadekake desane maju. Ing jaman semana ana desa panggone ana ing sisih wetan Bengawan Sala. Cuplikan crita kasebut diarani .....
Tema
Latar
Alur
Perwatakan
Paraga
Sastra tradisional kalebu asile karya kang dilairake saking kumpulane masyarakat kang taksih kuat nyakep kenceng marang nilai-nilai kebudayaan kang asifat tradisional diarani .....
Crita legendha
Crita rakyat
Crita mite
Crita mitos
Crita dhongeng
