wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT Bahasa Jawa Kelas X 2020/2021

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.
Panulise tembung ing ngisor iki kang bener yaiku . . .
a)
kapetik
b)
sethithik
c)
kulo
d)
sederek
e)
kapindo
2.
Tembung macapat kang asale saka tembung ateges anom, taruna, srinata yaiku tembang . . .
a)
dhandhanggula
b)
pangkur
c)
sinom
d)
kinanti
e)
mijil
3.
Pathokan gatra: 7, Wilangan 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu: a, i, u, a, u, a, i; yaiku tembung . . .
a)
sinom
b)
dhandhanggula
c)
pangkur
d)
pocung
e)
megatruh
4.
Ing ngisor iki watake tembang sinom, kajaba . . .
a)
tresna asih
b)
trengginas
c)
canthas
d)
banter
e)
lincah
5.
Pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri. Pratelan tembang sinom ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune ana . . .
a)
8a, 8i
b)
7a, 8i
c)
7a, 7i
d)
7t, 8r
e)
7u,7i
6.
Patokane tembang sinom yaiku . . .
a)
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
b)
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
c)
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
d)
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
e)
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7.
Ukara “nulada laku utama” iku nduweni teges . . .
a)
Nyonto tumindak kang becik
b)
Tansah gawe senenge wong liya
c)
Urip kudu bisa memper hawa lan napsu
d)
Kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
e)
Tansah prihatin
8.
Nulada laku utama - tumrape wong tanah Jawi - wong agung ing Ngeksiganda - panembahan Senopati - kapati amarsudi - sudaning hawa lan nepsu - pinesu tapa brata - tanapi ing siyang (. . .) - amemangun karyenak tyasing sasama. Tembung kang trep kanggo jangkepi tembang sinom ing dhuwur yaiku . . .
a)
Bengi
b)
Sore
c)
Ati
d)
Patri
e)
ratri
9.
Pretelane tembang Pangkur kang ateges "karangkum ing jroning endahe kidung" yaiku . . .
a)
Mingkar-mingkuring angkara
b)
Akarana karenan mardi siwi
c)
Sinawung resmining kidung
d)
Sinuba sinukarta
e)
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
10.
Tembang macapat kang nyeritakake manungsa nalikane ing jroning kandhungane ibu lan sakdurunge lahir ing dunya yaiku tembang . . .
a)
Maskumambang
b)
Mijil
c)
Gambuh
d)
Pangkur
e)
Sinom
11.
Wayang kang digawe nganggo cara digambar ana ing kertas utawa kulit diarani . . .
a)
wayang uwong
b)
wayang golek
c)
wayang kulit
d)
wayang beber
e)
wayang klithik
12.
Kang kagolong paraga wayang Mahabarata yaiku . . .
a)
Sengkuni
b)
Anoman
c)
Dasamuka
d)
Sugriwa
e)
Wibisana
13.
Unsur-unsur cerita wayang iku padha karo unsur-unsur certa liyane. Ing ingisor iki kang ora kalebu unsur cerita wayang yaiku . . .
a)
tema
b)
setting
c)
pesan
d)
konflik
e)
sinopsis
14.
Dewi Kunti ngandakake yen Tirtapawitra ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, minangka guru ora bakal nyilakani muride. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Miturut pratelan crita wayang kasebut ngemot nilai . . .
a)
empati
b)
jujur
c)
keadilan
d)
mad sinamadan
e)
tanggung jawab
15.
Prabu Baladewa iku ratu ing negara . . .
a)
Mandura
b)
Pancawati
c)
Dwarawati
d)
Ngastina
e)
Cempala
16.
Prabu Ramawijaya iku ratu ing negara . . .
a)
Mandura
b)
Pancawati
c)
Dwarawati
d)
Ngastina
e)
Cempala
17.
Raden Janaka satriya ing negara . . .
a)
Jodhipati
b)
Pringgodani
c)
Madukara
d)
Sawojajar
e)
Plangkawati
18.
Cerita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakate diarani . . .
a)
Cerita rakyat
b)
Cerita cekak
c)
Cerita lucu
d)
Cerita nyata
e)
Cerita mistis
19.

Cerita “Jaka Tarub” , “Rawa Pening” , “Arya Penangsang” lan sapiturute iku cerita kang sinebut . . .

a)

Biografi

b)

Legenda

c)

Cerkak

d)

Novel

e)

Sandiwara

20.
Dhalang nalika nglakokake cerita wayang mesti duwe ancas kang pengin diandharake, nangning kala mangsane ora kawetu kanthi walaka, nanging sinandhi ing pitutur-pitutureperangan iki kalebu unsur intrinsik cerita ing babagan . . .
a)
Tokoh
b)
Watak tokoh
c)
Latar
d)
Alur
e)
Pesen /amanat
21.
Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon Astina dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang . . . .
a)
Puntadewa
b)
Bima
c)
Arjuna
d)
Nakula
e)
Sadewa
22.
Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala kanthi gamane kang ampuh yaiku . . .
a)
Rujakpala
b)
Pasopati
c)
Nagasara
d)
Pancanaka
e)
Kalabencana
23.
Sawise dipateni dening Bima, raseksa loro kang ana ing gunung Candradimuka mau banjur malih rupa dadi wujud dewa, yaiku . . .
a)
Subali lan Sugriwa
b)
Nakula Lan sadhewa
c)
Bathara Krisna lan Ganesha
d)
Dewi Kunthi lan Dewi Gendari
e)
Bathara Indra lan Bathara Bayu
24.
Miturut katerangane dhawuhe . . . . . lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra
a)
Bathara Siwa
b)
Bathara Indra
c)
Bathara Wisnu
d)
Bathara Krisna
e)
Bathara karang
25.
Ing dhasaring samodra, Dewa Ruci nerangake dene banyu panguripa Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing . . .
a)
Sokalima
b)
Astinapura
c)
Kahyangan
d)
Pancanaka
e)
Dhiri pribadine Bima dhewe
26.
ing lakon Bima Bungkus jabang Bayi Bima Bungkus didawuhi mbrasta raseksa. Nalika kasil mbrast raseksa kasebut, kekiyatane raseksa manjing ing awake Bima Bungkus. Kekuwatane kasebut yaiku . . .
a)
angin, banyu, geni lan lemah
b)
angin, wit-witan, bayu lan langit
c)
angin banyu, langit lan lemah
d)
samodra, angin, langit lan lemah
e)
geni, angin, samodra lan banyu
27.
Tembung loro kang tulisane apadene pangucap meh padha, dianggo bebarengan, lan mengku teges lanang wadon diarani tembung . . .
a)
kosok balen
b)
yogaswara
c)
pepindhan
d)
rura basa
e)
entar
28.
Kang kalebu tuladhane tembung entar yaiku . . .
a)
kendhana kendhini
b)
hapsara hapsari
c)
negor gedhang
d)
adang sega
e)
rai gedheg
29.
Kang ora kalebu tembung rura basa yaiku . . .
a)
godog jarang
b)
nduduk sumur
c)
nglinting rokok
d)
kembang lambe
e)
nyangking banyu
30.
Lakune kaya kitiran. Ukara ing dhuwur diarani tembung . . .
a)
entar
b)
rura basa
c)
panyandra
d)
pepindhan
e)
yogaswara
31.
Sing miji timun iku . . .
a)
Untune
b)
Gunung
c)
Segara
d)
Rambute
e)
Drijine
32.
Sing ngandhan-andhan iku . . . .
a)
Untune
b)
Gununge
c)
Segara
d)
Rambute
e)
Drijine
33.
Dhawet ayu iku panganan khas saka . . .
a)
Banjarnegara
b)
Kebumen
c)
Brebes
d)
Kendal
e)
Kudus
34.
Kang kagolong panganan khas Kudus yaiku . . .
a)
jadah
b)
wajik
c)
lemper
d)
jenang
e)
sale
35.
Ing ngisor iki panganan khas Semarang, kajaba . . .
a)
lumpia
b)
bandeng
c)
gudeg
d)
tahu bakso
e)
wingko
36.
panganan ing ngisor iki kang kagawe saka godhong kates diisi parutan krambil umume rasane pedes diarani
a)
cethil
b)
puthu
c)
bakso
d)
lothek
e)
buntil
37.
Panganan sing digawe saka ketan, isine abon utawa srundeng, dibunthel godhong gedhang lan didang diarani . . .
a)
jadah
b)
wajik
c)
lemper
d)
jenang
e)
sale
38.
Panganan kang digawe saka tape pohung, dicelupake adonan gandum lan digoreng yaiku . . .
a)
jadah
b)
wajik
c)
lemper
d)
tape ketan
e)
glanggem
39.
panganan ing ngisor iki kang isine gula merah utawa gula jawa
a)
cothot
b)
lemper
c)
klepon
d)
glanggem
e)
arem-arem
40.

Aksara angka Jawa cacahe ana . . .

a)

9

b)

10

c)

20

d)

50

e)

100

41.
Perangan omah joglo kang dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu lan tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan yaiku . . .
a)
Teras utawa pendhapa
b)
Pringgitan
c)
Dalem agung
d)
Krobongan /senthong
e)
Gandhok /pawon
42.

Ruwangan kang awujud persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ana ing wewangunan omah tradisional jawa, dene kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku

a)

Teras utawa pendhapa

b)

Pringgitan

c)

Dalem agung

d)

Krobongan /senthong

e)

Gandhok /pawon

43.
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, uga kanggo nyimpen maneka warna pusaka lan piranti aji liyane. Ruwangan iki diarani . . .
a)
Teras utawa pendhapa
b)
Pringgitan
c)
Dalem agung
d)
Krobongan /senthong
e)
Gandhok /pawon
44.
Kasugengan rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
a)
salam pambuka
b)
atur panuwun
c)
sapa aruh
d)
ancasing gati
e)
panutup
45.
Dhumateng panjenenganipun Kepala Sekolah SMK Purnama Tempuran, Bapak Ibu Guru dalahan Staff Karyawan SMK Purnama Tempuran ingkang kula bekteni, kanca – kanca sarta adhik – adhik kelas SMK Purnama Tempuran ingkang kula tresnani. Pethilan teks pranatacara ing dhuwur diarani . . .
a)
salam pambuka
b)
atur panuwun
c)
sapa aruh
d)
ancasing gati
e)
panutup
46.
Langkung rumiyin sumangga kula Panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun kula Panjenengan saget pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya. Pethilan teks pranantacara kasebut yaiku . . .
a)
atur puji syukur
b)
salam pambuka
c)
sapa aruh
d)
ancasing gati
e)
panutup
47.
“Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya ” . Tembung mambeng ing ukara kasebat tegesipun ….
a)
Nyuwun
b)
Ngurangi
c)
Nambahi
d)
Ngalangi
e)
Mbageake
48.
Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menika
a)
Menginjak adicara ingkang kaping gangsal inggih menika lain-lain
b)
Ndungkap adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
c)
Samenika acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes
d)
Dumugi susunan acara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
e)
Susunan adicara salajengipun inggih menika mncawarni
49.
Lampah dhadhap anoraga ngrepepeh kadya sata mriyembada. Dhasar satriya bagus rinengga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara kang hangejawantah. Ukara iku kalebu rinengga pepindhan ing . . .
a)
Pedhalangan                 
b)
Nyandra manten                       
c)
Kahanan  
d)
Saben dina  
e)
Sanepa
50.

Ngancik adicara kaping tiga lain-lain. Tembung lain-lain, becike diganti tembung . . . .

a)

Sanes-sanes

b)

Sumene

c)

Mancawarni

d)

Warna-warna

e)

lan sapanunggalipun